Selasa, 22 September 2015

RPP Panatacara lan Pidato KTSP

WULANGAN 2

PANATA CARA LAN PAMEDHAR SABDA


A. STA NDAR KOMPETENSI 
:
Mengungkapkan    perasaan,  pikiran,   informasi, dan gagasan melalui kegiatan berpidato
B. KOMPETENSI DASAR
:
1.     Menyampaikan (membawakan) susunan acara dengan       memperhatikan kelaziman berbicara sesuai dengan pendengar
2.     Menyampaikan sambutan dengan memperhatikan tata urutan berpidato

C. INDIKATOR
:
1.1. Menyebutkan tata aturan menjadi pembawa acara.(tertib berbahasa)
1.2. Menyebutkan tata urutan acara. (tertib berbahasa)
1.3. Berani dan kreatif memperagakan menjadi  pembawa acara
2.1. Menyebutkan tata aturan berpidato(tertib berbahasa)
-2.2.Menyebutkan tata urutan pidato. (tertib berbahasa)
-2.3.Berani dan kreatif memperagakan berpidato di depan kelas.
D. MATERI
:
Susunan Acara
Naskah Pidato

SUSUNAN ACARA
        Dadi MC (master of ceremony) utawa panatacara ( penata acara) kuwi ora angel, alias gampang. Mung perlu latihan wae. Merga panatacara kuwi omong ing ngarepe publik mula perlu digatekake aturane kang minangka kepatutan ben ora saru. Aturan iki sakjane ora ana, mung merga tampil ing ngarepe wong akeh mula kudu nggatekake kepatutane, yaiku :
-          busana katon pantes lan sopan
-          grapyak lan sumeh
-          wicara ngerti unggah-ungguh, lancar lan runtut
supaya lancar lan runtut, sawijining panatacara kudu duwe rancangan susunan acara. Acara apa wae sing sifate resmi utawa rada resmi kayata pengetan dina-dina penting , pengajian, syukuran , ijabe manten, temune manten lan liya-liyane, supaya apa-apa kang perlu dilakoni bisa lumaku kanthi lancar lan runtut. Yen ana acara tanpa susunan acara , mula acara mau bisa morat-marit ana bab sing mesthine penting banjur kliwatan utawa ana sawijining tujuan sing ora ‘tercapai’. Mula penting banget yen duwe kajat utawa acara digawekake dhisik / dirancang dhisik susunan acarane.
        Gawe susunan acara kuwi ora angel , mung kari milih-milih kegiatan apa sing arep dilakoni kang cocog karo acarane. Umpamane acara syukuran lulus sekolah :
        1. Atur pambuka
        2. Wacan Al-Qur’an
        3. Sambutan sohibul bait / hajat ( sing duwe omah  / sing duwe kajat )
        4. Ceramah agama
        5. Donga panutup
        6. Ramah-tamah lan hiburan
        Ora angger acara susunane kaya ing dhuwur iku , kudu diselarasake karo tujuane dienekake acara. Yen acarane beda mesthi wae ya beda susunan acarane. Tuladha liyane acara perpisahan sekolah :
1.       Atur pambuka
2.       Wacan Al Qur’an
3.       Tari Gambyong
4.       Sambutan Kepala Sekolah
5.       Lagu ‘Jujur’
6.       Sambutan Ketua Komite Sekolah
7.       Penyerahan sacara simbolis siswa dening sekolah marang wong tuwa
8.       Lagu ‘ Satu ‘
9.       Penyerahan hadiah siswa berprestasi
10.    Donga Penutup
11.    Ramah-tamah lan Hiburan

        Kepriye? Bisa , ta gawe susunan acara?
Gladhen :
Ngrancanga susunan acara kanggo Rapat Pemilihan Pengurus Osis , Temune Penganten, Pengetan Dina Kamardikan, Pengetan Siji Sura, Pahargyan Nyambut  Taun Anyar ( pilihen salah siji wae )!

Teks Pidato
Sadurunge nindakake pidato, kita perlu nyawisake konsep. Kepriye carane nyusun naskah pidato ? Nyusun naskah pidato ora beda karo nulis karangan liyane. Sadurunge nyusun naskah pidato ana sawetara bab kang perlu dimangerteni umpamane :

Kapisan
1. Pidato kuwi disiapake kanggo acara apa ?
2. Sapa wae kang bakal mirengake ? ( bab iki kang mbedakake basa apa kang kudu digunakake ngoko/ krama )
3. Ing ngendi bakal dipidatokake ?

Kapindho
Manawa wis mangerteni telung perkara ing ndhuwur, kita banjur nyusun cengkorongan.

Katelu
Ngembangake cengkorongan dadi naskah pidato kang wutuh. Aja lali, kanggo mbedakake karangan pidato lan karangan gancaran liyane, ing naskah pidato diperlokake ukara panyapa.

Tuladha :
Kapisan
1. Pidato kanggo mengeti dina kamardikan Indonesia
2. Audiene kanca – kanca sekolah ( SMP )
3. Ing sekolahan
Kapindho
Cengkorongan :
Pambuka        :              1.  Salam pambuka
                                                2.  Paragrap pambuka
Isi                      :               1. Ngelingake proses kamardikan kang ora gampang
2. Ngajak melu ngrasakake syukur antuk kamrdikan
                                                3.  Mbombong kanca – kanca supaya melu mbangun negara
Panutup          :               1. Panuwun marang Gusti Allah arupa donga
2. salam

Katelu                                             
Cengkorongan ing ndhuwur manawa dikembangake dadi karangan pidato kang utuh kurang luwih dadine mangkene Assalamualaikum wr. wb.
Mitra-mitraku kang sun tresnani,
Tahmid lan tasyakur kita unjukake marang Allah swt, kang wis paring berkah marang kita saengga kita bisa mengeti Dina Kamardikane Republik Indonesia kang kaping 65 ing kahanan kang aman , tentrem lan sehat wal afiat              
Para kadang kang daktresnani,Ing wektu-wektu kita mengeti kamardikan kaya saiki iki, perlu dibukak maneh memori kita, yen kamardikan kita iku dudu bebungah saka wong liya, ora kaya unen-unen thenguk-thenguk nemu gethuk, nanging kamardikan kang kita mung kari ngrasakake enake iki ditebus kanthi ewon jiwa ,banjir getih, lan bandha donya kang tanpa wilangan. Mula saka iku, kamardikan iki kudu kita jaga minangka amanat saka para pahlawan lan syuhada kang wis kondur ndhisiki kita.
                Ing pembukaan UUD 45 alinea katelu wis jelas dinyatakake yen kamardikan kang kita regem iku minangka berkah rohmahe Allah Kang Mahakawasa. Mula saka iku, kamardikan dadi amanah kang wajib kita jaga.
Sedulur-sedulurku,Swasana pengetan proklamasi kaya dina iki mujudake saat kang tepat kanggo  ’mensyukuri’ nikmate urip mardika. Kanikmatan iki wajib kita jaga supaya ora ilang. Kepriye carane njaga? Kanthi sinau kang mempeng supaya pinter. Awit anane bangsa kita biyen dijajah dening bangsa liya ya merga saking bodhone awake dhewe. Eling! Jaman saiki penjajahan wis salin rupa. Yen biyen penjajahan fisik, saiki wis ganti penjajahan ekonomi lan budaya. Yen elmu kita ora bisa madhani bangsa liya kita bakal bisa dijajah maneh dening bangsa liya. Dudu fisike, nanging ekonomi lan budayane. Apa kita gelem kelangan jati dhirine bangsa Indonesia?  Mula ayo sinau sing mempeng wujud kita syukur lan nindakake amanah kamardikan.
                Sedulur ayo kita tutup acara iki kanthi ndonga nganggo surat al Fatehah, diterusake al Ikhlas, AlFalah lan An Naas....
Ndonga kawiwitan. Al Fatehah
Maturnuwun, wassalaamu’alaikum wr wb

 Pidato kanthi  ekspresif
Pidato iku mujudake salah sawijining ketrampilan basa kang kagolong ing aspek wicara. Senajan lumrahe wong iku bisa tur pinter omong utawa wicara, nanging ora saben wong bisa pidato. Sadhengah wong iku lumrahe bisa lan pinter ngomong apa wae. Senajan mangkonoa durung mesthi yen bisa pidato. Ketrampilan pidato iku bisa disinaoni. Kepriye supaya kita bisa pidato kanthi becik ?
Kang kudu disiapkake ana rong warna, yaiku sadurunge nindakake pidato lan pas nindakake pidato.
Sadurunge nindakake pidato
1.       Kita kudu weruh lan mangerti sapa kang arep kita adhepi. ( masyarakat umum, para ibu, para bapak, kanca – kanca sekolah, apa para pejabat , lsp.)
2.       Kita kudu weruh lan mangerti ing lingkungan apa kita arep pidato. ( ing lingkungan sekolah, lingkungan keagamaan, lingkungan pamarentah, lingkungan kluwarga lsp. )
3.       Kita kudu weruh bab / masalah apa kang kudu dipidatokake. ( pendidikan, hiburan, agama, sosial, politik, kewarasan, lsp.)
4.       Kita kudu nyiapake konsep utawa naskah dadi kang wutuh.
5.       Aja lali sadurunge nindakake pidato bola – bali ajar. Paling ora apal marang ringkesane, luwih becik apal naskah wutuhe

Kanthi nyumurupi bab – bab kang kasebutake ing ndhuwur, kita banjur kudu nyiapake konsep utawa naskah dadi. Kanthi mangkono, naskah dadi utawa konsep iku ora bakal nyimpang saka masalahe, unggah – ungguh basane sarta swasana pendhukung liyane.
Pas nindakake pidato
1.       Kita kudu nguwasani bab kang arep dipidatokake.
2.       Pidato kanthi basa kang fasih lan lancar, tata, titi , tatas lan praitis. Aja blekak – blekuk kami sosolen.
3.       Panyawang madhep manteb , mrebawani nanging ora kaku utawa tegang.
4.       Pasuryan sumanak  diselingi banyolan kang seger waton ora kebablasen.
5.       Tangan aja srawean.
6.       Diusahaake ana komonikasi batin marang audien ( pamiarsa )

Coba naskah pidato ing ngisor iki paragakna ana ngarep kelas !
Pidato : 1
Assalamualaikum, wr. wb.
Alhamdu lillaahi rabbil ’aalamiin. Wa bihii nasta ’iinu ’alaa umuurid dun ya wad diin. Was shalaatu was salaamu ’alaa sayyidil mursaliin. Sayyidinaa wa maulaana muhammadin wa ’alaa ’aalihii wa sahbihii ajma’iin. Amma ba;du
Sedaya puji kagem Allah ,Gusti sakabehing alam. Marang PanjenengaNe kita nyuwun pitulungan atas sedaya urusan agami lan donya. Mugi-mugi rahmat lan salam kasok marang pengulu sakabehing utusan, pengulu lan pimpinan kita Nabi Muhammad, marang kulawarga lan sokabat sakabehe.
Saking lebeting manah ingkang tulus ikhlas, mangga kita unjukaken puja lan puji syukur marang Allah rabbil alamiin, kanthi taufiq, hidayah lan inayahIpun, kita sedaya ing kahanan fisik lan rohani ingkang saestu ngremenaken. Mugi-mugi kahanan ingkang kados makaten , tetep dipun paringaken, saengga kita saged nindakaken amal ing wulan suci Ramadhan ingkang badhe kawiwitan sekedhap malih.
Para rawuh ingkang minulya,
Miwiti acara menika, mangga kita kaji sabda Rasulullah saw ingkang kaserat ing kitab Durratun Naasihiin : Man fariha bi dhukuuli ramadlaana harramallahu jasadahuu alan niraan
Tegesipun : Sapa wae rumangsa seneng merang tekane wulan Ramadan, mangka Allah haramake jasade wong iku mlebu neraka.
Hadis menika isi sugesti supados sedaya purun mangayubagya wulan suci Ramadan kanthi remen lan legawa.
Senaosa makaten taksih wonten malih ingkang kedah kita gatosaken, inggih menika firman Allah ing surat Al Baqarah 183 : Yaa ayyuhal ladziina aamanuu kutiba alaikumus shiyaamu kamaa kutiba alal ladziina min qablikum la’allakum tattaquun. 
’Ingkang tegesipun:He wong-wong iman, wis diwajibake pasa marang sira , kayadene diwajibake marang wong-wong sadurunge sira, supaya sira kabeh takwa’
Para rawuh ingkang minulya,
Wonten tigang pranyatan saking ayat menika : sepisan tiyang mukmin wajib pasa, kaping kalih pasa sampun nate kawajibaken marang umat saderengipun lan ingkang kaping tiga ngengingi tujuanipun pasa ingggih menika supados dados tiyang ingkang muttaqin.
Para rawuh, muttaqin menika minangka tataran keimanan ingkang paling inggil. Saderengipun dumugi tataran menika, kita kedah nglampahi tataran saderengipun inggih menika: muslim, mukmin, muksin lan mukhlis.
Muslim, tegesipun angrasuk agami Islam. Mukmin maksudipun sampun netepi janji kanthi lisan , ngyakini salebeting manah lan nindakaken kanthi rukun (urutan ingkang leres). Muksin tegesipun sampun saged tumindak sae dumateng Gusti Allah lan sedaya makhluk. Mukhlis tegesipun tiyang ingkang sampun ikhlas, sedya tumindakipun namung karana Allah.
Mila saking menika para rawuh, supado kita saged dumugi tataran ingkang paling inggil, tataran muttaqin, mangga pasa Ramadan kita leksanakaken kanthi saksae-saenipun. Kita renggani pasa kanthi tarawih, tadarus lan i’tikaf, sarta tansah njagi sedaya peranganipun badan saking sedaya tumindak ingkang mboten dipun ridhoi Allah swt.
Wusana, mangga kita ndedonga mugi Allah swt maringi kekiyatan lair batos, saengga kita saged ngleksanakaken pasa ramadan kanthi saksae-saenipun, lan pasa sarta amalan kita dipun tampi dening Allah swt. Amin allahumma aamiin.
Akhirul kalam wassalaamu’alaikum wr.wb.

Pidato : 2
           Assalamu’alaikum Wr. Wb.
                Nuwun, para sadherek kakung-putri ingkang tuhu minulya, para pinisepuh ingkang tuhu kinabekten. Saderengipun kula matur wonten ngarsa Panjenengan sami, kepareng kula nyuwun gunging samodra pangaksami, awit kula sampun kumawantun ngadeg wonten ngarsa panjenengan minangka sesulihing para kanca nem-neman sedaya.
                Ingkang sepisan, sumangga kita sedaya amemuji wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit saking kepareng sarta berkahipun, kita tansah ginanjar ing kawilujengan. Saengga kita sedaya pikantuk kekiyatan lahir batos saget angrawuhi pahargyan dalu menika.
                Kados sampun kapacak wonten ing kintaka adi, sarta sampun kasebat ing ngajeng, bilih dinten punika penggalihipun Bapak saha ibu Darso Wiyana sakulawarga  rumaos bebeg, bombong lan mongkog panggalihipun. Mliginipun Kangmas Wasana Adi, awit menapa ingkang dados gegayuhanipun sampun  kasembadan. Ing tanggal Januari 2010 dereng dangu punika, Kangmas Wasana Adi sampun winisuda minangka sarjana ing babagan basa lan kasusastran Jawi saking jurusan Basa lan Sastra Jawi Fakultas Basa lan Sastra Universitas Negri Surabaya.             
                Bapak, Ibu tuwin kadang sadaya ingkang kula tresnani,
Sayektos kawontenan punika  damel bombong sarta mongkog. Mboten wonten sanes awit Kangmas Wasana Adi saged kalampahan lulus kanthi biji ingkang maremaken. Liripun lulusipun pikantuk pangalembana saking para guru sarjana sujananing Basa lan Kasusastran Jawi ingkang tinanggenah andadar menggah kelantipan sarta kawasisanipun kangmas Wasana Adi.
                Pramila  kula sakanca ndherek muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan, mugi-mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipan punika Kangmas Wasana Adi lajeng rumaos pinecut ndherek ndhidhik lan nyengkuyung ajengipun bangsa sarta nagari. Cundhuk kaliyan ngelmu ingkang sampun karengkuh, punapa malih ing wekdal punika kawontenanipun basa lan kasusastran Jawi ingkang taksih mrihatosaken.  Kangmas Wasana Adi  minangka sarjana sujana ing babagan basa lan kasusatran Jawi ingkang mumpuni dhumateng reh basa lan paramasastra.
Bapak, Ibu tuwin kadang sadaya ingkang kula tresnani,
                Mila saestu mugi-mugi ing tembe Kangmas Wasana Adi kersaa kanthi dhanganging penggalih ambyur wonten ing madyaning bebrayan, anggulawenthah bebrayan agung ing  babagan kautaman, anggegilut lan angipuk-ipuk murih lestarining kabudayan warisan leluhur punika.
                Sinten malih ingkang kedah cancut taliwanda anggigah kita tiyang Jawi ingkang wekdal punika taksih kasengsem dhumateng kabudayan sanes. Sinten ingkang kedah  nggilut kabudayanipun piyambak kejawi kita sedaya para mudha. Jejibahan punika pancen awrat ketingalipun, nanging menawi  katindakaken kanthi esthining manah, sayektos inggih badhe wonten uwohipun. Uwoh ingkang kita idham-idhamaken mboten sanes inggih mekar lan tumangkaripun kabudayan Jawi ingkang tansah anggadhahi greget lan kapitadosan ingkang tumemen, bilih sayektosipun kabudayan Jawi punika mboten kasingsal manawi katandhing kabudayan manca.
                Para rawuh, Bapak Ibu Darso Sentono sarta Kangmas Wasana Adi ingkang kula tresnani. Mekaten reroncening basa ingkang saged kula aturaken ing wedal punika minangkani sesulihing para kadang mudha sedaya. Mbokbilih ingkang sampun kula aturaken kalawau karaos angandhar-andhar  sarta wonten ingkang kirang trapsila menggah pahargyan dalu menika, ing mriki kula minangka manungsa wantah mbokbilih wonten kekirangan sarta kirang leresing subasita nyuwun gunging pangaksami. Dhumateng Kangmas Wasana Adi, sugeng makarya kanthi greged enggal, mugi-mugi Gusti tansah anjangkung .
                Maturnuwun .
            Wassalamualaikum Wr Wb.    
Pidato : 3
Assalamualaikum wr.wb.
                Bapak Kepala Sekolah saha Bapak – Ibu Guru Staf karyawan ingkang kula kurmati, Bapak – Bapak, Ibu – Ibu sadaya tamu undangan ingkang kula kurmati, para kadang sepuh kula  kelas tiga ingkang kula tresnani.
Mugi – mugi karahayon, katentreman tuwin kebahagiaan tansah kasarira ing kita sami, awit saking kamirahanipun Gusti Allah ingkang maha welas.
Kepareng kula ngaturaken sugeng siang, sugeng rawuh saha sugeng lenggah dhumateng Bapak – Bapak, Ibu – Ibu saha para kadang sedaya. Saderengipun sumangga kita sesarengan ngunjukaken raos puji syukur dhumateng padani-Pun Gusti Allah ingkang maha mirah. Ing wekdal punika kita sesarengen saged mangayubagya nguntabaken angggenipun para kadang sepuh kula badhe nilar pasinaon mriki. Mligi kagem kadang – kadang sepuh kula ingkang kula tresnani,
Alhamdulillahirobil alamin....raos syukur ingkang satulus – tulusipun sumangga kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang maha agung, awit ing titi wanci punika para kadang sampun saged ngrampunaken kewajiban ing pasinaon SMP. Dhumateng kadang sepuh kula ingkang sampun lulus kanthi biji ingkang sae sampun gumunggung kosok wangsulipun kagem kadang sepuh kula ingkang bijinipun pas – pasan inggih sampun alit ing manah. Dene kagem kadang sepuh kula ingkang mbok bilih dereng saged ngrampungaken pasinaon ing SMP mriki sampun ngantos kemba.
Kadang – kadang sepuh kula ingkang kula tresnani,
Kita kedah anggadhahi kapitadosan sadaya asil kita punika mujudake asil ingkang sampun cocog saleresipun kaliyan pambudidaya kita. Pramila kadang – kadang sepuh kula sadaya kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu namung saged ndherek amemuji, mugi – mugi kadang sepuh kula sadaya saged nglajengaken gegayuhanipun. Ingkang badhe nglajengaken sekolah mugi katampi ing sekolah ingkang pinilih. Dene ingkang mboten nglajengaken mugi saged mupangaten kawruh, ketrampilan saha kesagedan sanes – sanesipun. Sadaya ingkang sampun dipunparingaken dening bapak ibu guru mugi -  mugi wonten gina paedahipun.
Kadang – kadang sepuh kula ingkang kula tresnani,
Mboten kesupen sadangunipun sesrawungan kaliyan rayi – rayi, mbok bilih wonten bab – bab ingkang mboten ngremenaken penggalih, kula minangka wakilipun kepareng nyuwunaken pangapunten. Mugi – mugi kula sadaya saged nulad kadang sepuh kula utaminipun bab – bab ingkang sae. Dene menawi para kadang sepuh rumaos wonten bab – bab ingkang kirang sae, mugi – mugi enggal dipun ewahi lan mboten kabekta ing papan pasrawungan mangke.
Kadang – kadang sepuh kula ingkang kula tresnani Ingkang pungkasan rayi nguntabaken
Jengkar panjenengan ngaturaken sugeng  pepisahan sugeng tindak.
Para Bapak – Bapak, Ibu – Ibu saha kadang sadaya ingkang kula kurmati,
Santen toyaning klapa makaten atur  kula, mbok bilih wonten kalepatan kepareng nyuwun agunging samodra pangaksami.
                Wasalamualaikum wr.wb.
Nuwun

Tuladha naskah pidato ing ndhuwur wacanen batin !
Yen wis siaga, tampilna ana ngarep kelas kaya satataning wong pidato !

Yen kepingin pidato nganggo naskah liya ora apa – apa .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar