MAWA RACUN DADI REBUTAN
Mbiyen ora ana sing nglirik, nanging saiki dadi rebutan. Kepopulerane
saya tambah merga pranyata tanduran kang ber-‘racun’ iki manfaate akeh banget.
Wiwit minangka bahan baku biodisel, tanduran pelindung, obat tradisional, pakan
ternak, insektisida lan sumber pupuk. Apa ta tanduran sing dimaksud kuwi? Ora
liya Jatropha curcas alias jarak pager.
Satemene mbah buyut kita wis nate manfaatake lenga jarak kanggo lampu
senthir. Saka ngendi mbah buyut kita sinau? Mesthine saka penjajah sing
nekakake jarak menyang Indonesia
lan mrentahake wong pribumi nandur. . Wektu kuwi pancen lenga jarak digunakake
minangka bahan bakar lan pelumas. Sawise penjajah oncat , pribumi wis bebas nanging njur
lali yen jarak kuwi kena dijupuk lengane kanggo maneka keperluan. Tanduran
jarak saya suda , dadi tanduran liar utawa mung kanggo pager hidup.
Saiki sawise ndonya rumangsa
kekurangan bahan bakar minyak , merga cadangan minyake saya entek, manungsa bali
nggunakake lenga jarak minangka bahan bakar disel. Yen dibandhingake karo BBM,
lenga jarak luwih nguntungake merga sumbere ora bakal entek ,angger gelem
nandur. Kamangka nandur jarak kuwi super gampang. Cukup distek ( dibacok uwite)
terus diencebake lemah , diumbar wae mesthi thukule. Tanduran jarak ora
mbutuhake perawatan , ing lemah cengkar wae bisa urip lan uwoh, apa maneh yen
lemahe subur. Merga saiki akeh sing mbutuhake, rega isi jarak kering
7.500-10.000 repis sakilone.
Isi jarak kang wujude lonjong kaya
mlinjo, duwe efek iritasi lan racun. Ing Filipina isi jarak kang mawa racun iki
dimanfaatake kanggo mbrantas cacing hati lymneae
auricularia, minyake kanggo mbrastha keong emas lan keong vector penyakit
schistosomiasis ( cacing darah) sing endemik ing 70 negara tropis lan nginfeksi luwih saka 200 yuta manungsa.
Ing Meksiko, isi jarak digunakake kanggo mbasmi tikus . Ing Inggris, isi jarak
dadi mala merga dipangan bocah njalari keracunan nganti ana 30 bocah. Ing kene
wis akeh bocah ngedan sengaja pengin mendem kanthi ngonsumsi isi jarak iki.
Kamangka racune njalari iritasi ( njalari mlepuh lan mlicet ) marang organ kang
diliwati, mumet lan mutah-mutah, malah yen over dosis bisa niwasake. Senyawa
aktife , phorbol aster, yen kliwat taker bisa nuwuhake tumor. Mula dieling-eling “ Don’t try it at home!”
Yen pengin mafaatake jarak minangka obat tradisional, niru wae cara-cara
sing wis
kebukti aman, umpamane : godhong jarak dioser-oseri lenga terus digarang / dipanggang nganti alum
ditempelake ing weteng sing kembung , weteng bakal krasa kepenak. Godhogane
oyot jarak dipercaya bisa ngatasi radang paru lan sipilis. Kulite wit kanggo
bobok rematik. Tlutuhe kanggo ngobati infeksi cendawan ing cangkem lan
sariawan.
Merga bisa urip ing tanah kang tandus, jarak kena kanggo nahan erosi.
Oyote kang pating pecungul bisa dadi dam kang ngurangi kecepatane banyu mili
nggawa lendhut. Efeke saya akeh banyu kang ngresep menyang lemah kang bisa
diisep dening sawernane tanduran. Ing dhaerah panas kaya ing Arab , jarak ditandur
kanggo nahan angin merga tanduran liya ora tahan panas. Sejene kuwi jarak uga
ditandur kanggo nglindhungi tanduran liya saka ternak sing arep mlebu menyang
pekarangan lan mangan tanduran kebon.
Jarak uga kena kanggo insektisida. Godhong jarak sing dijur , banyune
bisa mateni kumbang jagung Callosubruchus
chinnensis lan kumbang pemakan biji Sitophilus
zeamays. Lengane bisa njalari ‘kerdil’ keturunane laler , elare laler dadi
njlekithut wusanane populasine mudhun.
Bungkile jarak sawise lengane diperes, bisa didadekake pupuk organik sing
komposisi minerale sebandhing karo pupuk kandhang (ayam). Bungkil iki sawise
dipanasake lan diproses sacara kimiawi kanggo netralake racune, bisa dipakakake ternak. Nilai gizine sebandhing
karo kedhele.
( sumber : Trubus 438 )
Nemokake Gagasan Utama Paragrap
Saben paragrap kuwi dumadi saka
ukara inti, banjur diweni ukara-ukara panjelas. Saka ukara inti kita bisa
meruhi gagasan utamane paragrap .
Tuladha :
Mbiyen ora ana sing nglirik,
nanging saiki dadi rebutan. Kepopulerane saya tambah merga pranyata
tanduran kang ber-‘racun’ iki manfaate akeh banget. Wiwit minangka bahan baku
biodisel, tanduran pelindung, obat tradisional, pakan ternak, insektisida lan
sumber pupuk.
Ukara kang
kacithak miring minangka ukara intine. Ukara iki minangka wedharing gagasan
kang kepengin diandharake yen mbiyen ora ana sing nglirik, saiki dadi
rebutan.
GLADHEN :
1.
Tulisen ukara pokok lan ide pokoke paragrap ing ngisor iki !
Satemene mbah buyut kita wis nate manfaatake lenga
jarak kanggo lampu senthir. Saka ngendi mbah buyut kita sinau? Mesthine saka
penjajah sing nekakake jarak menyang Indonesia lan mrentahake wong
pribumi nandur Wektu kuwi pancen lenga
jarak digunakake minangka bahan organ lan pelumas. Sawise penjajah oncat ,
pribumi wis
bebas, nanging njur lali yen jarak kuwi kena dijupuk lengane kanggo maneka
keperluan. Tanduran jarak saya suda , dadi tanduran liar utawa mung kanggo
pager hidup.
2.
Tulisen ukara pokok lan ide pokoke
paragrap ing ngisor iki !
Saiki sawise ndonya rumangsa kekurangan bahan bakar
minyak merga cadangan minyake saya
entek, manungsa bali nggunakake lenga jarak minangka bahan bakar disel. Yen
dibandhingake karo BBM, lenga jarak luwih nguntungake merga sumbere ora bakal entek
,angger gelem nandur. Kamangka nandur jarak kuwi super gampang. Cukup distek (
dibacok uwite) terus diencebake lemah , diumbar wae mesthi thukule. Tanduran
jarak ora mbutuhake perawatan , ing lemah cengkar wae bisa urip lan uwoh, apa
maneh yen lemahe subur. Merga saiki akeh sing mbutuhake, rega isi jarak kering
7.500-10.000 repis sakilone.
3.
Tulisen ukara pokok lan ide pokoke paragrap ing ngisor iki !
Isi jarak kang
wujude lonjong kaya mlinjo, duwe efek iritasi lan racun. Ing Filipina isi jarak
kang mawa racun iki dimanfaatake kanggo mbrantas cacing hati lymneae auricularia, minyake kanggo
mbrastha keong emas lan keong vector penyakit schistosomiasis ( cacing darah)
sing endemik ing 70 negara tropis lan
lan nginfeksi luwih saka 200 yuta manungsa. Ing Meksiko, isi jarak
digunakake kanggo mbasmi tikus . Ing Inggris, isi jarak dadi mala merga
dipangan bocah njalari keracunan nganti ana 30 bocah. Ing kene wis akeh bocah
ngedan sengaja pengin mendem kanthi ngonsumsi isi jarak iki. Kamangka racune njalari
iritasi ( njalari mlepuh lan mlicet ) marang organ kang diliwati, mumet lan
mutah-mutah, malah yen over dosis bisa niwasake. Senyawa aktife , phorbol
aster, yen kliwat taker bisa nuwuhake tumor.
Mula dieling-eling “ Don’t try it
at home !”
4.
Tulisen ukara pokok lan ide pokoke paragrap ing ngisor iki !
Yen pengin mafaatake jarak minangka obat tradisional,
niru wae cara-cara sing wis
kebukti aman. Tuladha mupangate, godhong jarak dioser-oseri lenga terus digarang / dipanggang nganti alum ditempelake
ing weteng sing kembung , weteng bakal krasa kepenak. Godhogane oyot jarak
dipercaya bisa ngatasi radang paru lan sipilis .Kulite wit kanggo bobok
rematik. Tlutuhe kanggo ngobati infeksi cendawan ing cangkem lan sariawan.
5. Tulisen
ukara pokok lan ide pokoke paragrap ing
ngisor iki !
Merga bisa urip ing tanah kang tandus, jarak kena
kanggo nahan erosi. Oyote kang pating pecungul bisa dadi dam kang ngurangi
kecepatane banyu mili nggawa lendhut. Efeke saya akeh banyu kang ngresep
menyang lemah kang bisa diisep dening sawernane tanduran. Ing dhaerah panas
kaya ing Arab , jarak ditandur kanggo nahan angin, merga tanduran liya ora
tahan panas. Sejene kuwi jarak uga ditandur kanggo nglindhungi tanduran liya
saka ternak sing arep mlebu menyang pekarangan lan mangan tanduran kebun.
Wacanen sepisan
maneh crita ing dhuwur banjur wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!
1. Geneya jarak dadi popular maneh ?
2.
Apane sing bisa dimanfaatake saka tanduran jarak ?
3.
Jelasna geneya jarak kena kanggo nahan erosi!
4.
Geneya ing Arab jarak dipilih kanggo nahan angin?
5.
Manut panemumu , kira-kira apa sebabe bocah-bocah
kepegin mendem jarak ?
6.
Apa kang bisa koktiru saka isine wacan ing ndhuwur ?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar