Selasa, 01 September 2015

DRAMA : UNTUNG SURAPATI

UNTUNG SURAPATI

ADEGAN 1


Pangeran Purbaya karo garwane loro lan abdine lagi ndhelik saka buroning Kompeni ing sawijining jurang. Raden Sepuh garwa kapisane , Raden Gusik Kusuma, garwa kapindhone lan Wulu Kudur abdi kinasihe.

R. Sepuh
:
Kula   rumiyin   mboten  nate gadhah  pepenginan  gesang  rekaos  kados samangke, mlarat wulanan. Abdi mawon boten  badhe  purun  nglampahi ingkang   kados   mekaten. Pangeran , menapa  ta , untungipun   nglawan Kompeni.  Menapa   menika ingkang  dipunsebat mardika  dening Syeh Yusuf ?
P. Purbaya
:
Wis, Yayi. Apa maneh sing koktangisi, .kabeh-kabeh wis kebacut. Waspa kang  tumetes saka  netramu malah ngremukake penggalihku. Sawise Rama Prabu dirangket, entek pengarep - arepku. Satemene aku gelem bedhamen karo Kompeni, waton kalungguhan kita dibalekake maneh.
R. Gusik
:
Wah , pasrah  dhumateng   Kompeni  sami  mawon  kaliyan  ngalungaken  rante wonten ing jangga.
R. Sepuh
:
Menenga, Yayi. Apa  wae  kang  bakal kelakon, urip ing kraton luwih nyenengake tinimbang dadi buron ing alas sasen-sasen.
R. Gusik
:
Kenging  menapa  mboten dhateng Kartasura? Nyuwun pangayoman dhateng Paman Mangkubumi?
P. Purbaya
:
Dalan menyang kana wis dipager senjata dening Walanda. Karo maneh Susuhunan kang diarep-arep bakal ngayomi kita wis bedhamen karo Kompeni
R. Gusik
:
Ow! Panjenengane mesthi badhe kedhuwung ing tembenipun. Bedhamen ingkang kados mekaten mesthi badhe damel sengsara benjangipun Kangmbok.  Panjenengan ugi badhe keduwung, awit saking pamuwun lan panyuwun panjenengan, panjenengan sampun nuntun Pangeran dhumateng margi ingkang lepat

( Kanthi was su:melang Pangeran Purbaya ngawasake garwa lelorone . Wulu Kudur marak )

Wulu Kudur
:
Gusti, wonten kalong ingkang gadhah dongeng menawi paduka kersa midhangetaken
P.Purbaya
:
Iya, iya critaa. Sak aneh-anehe dongeng isih kepenak dirungokake tinimbang swarane wong wadon padu.
Wulu Kudur
:
Sang kalong dugi saking tebih, saking gumlegering ombak. Piyambakipun ningali sawetawis ajag ingkang rebatan bangkenipun  penyu. Bangke menika boten cekap dipundum, mila lajeng dumados gelut, cokot-cokotan, seret-seretan lan jerit-jerit. Lajeng wonten Sima loreng kaliyan anakipun , dhateng minangka hakimipun. Boten antawis dangu, ing papan ngriku namung kantun rahing penyu lan balung-balungipun ajag.
R. Gusik
:
Inggih kados mekaten menika nasib kita Pangeran. Ratu-ratu ing tanah Jawi sami arebat panguwaos, lajeng nyuwun pitulungan Kompeni. Wusananipun Kompeni ingkang nguwaosi.
Wulu Kudur
:
Sang Sima sampun ngertos nawala paduka, lan badhe maringaken guwanipun ing Sunda Kelapa.
R. sepuh
:
Sukur Alhamdulillah. Kita badhe gadhah papan ingkang ngayomi saking benter lan jawah, minangka gantosipun jurang tanpa gentheng menika.
R. Gusik
:
Inggih, mangke asta lan pada panjenengan badhe dipun paringi rerenggan rante emas
R. Sepuh
:
Meneng! Wis pirang-pirang kasangsaran sing kotuwuhake marang sesembahan kita. Apa durung cukup? Merga pambujukmu, Pangeran nglawan rakane dhewe, Sultan Haji. Mbiyen Njeng Pangeran ora pengin ndherek ramane nglawan Kompeni, ya merga pangojok-ojokmu kuwi!
P. Purbaya
:
Uwis !! Padha lerena anggone tukar padu, bingung aku yen sliramu ora leren-leren anggone padu. Wulu Kudur , kabar apa sing bakal kokaturake maneh?
Wulu Kudur
:
Wonten utusan ingkang badhe marak
P. Purbaya
:
Aturana mlebu.

Tamu kang marak ora liya Untung Surapati lan Kiai Embun. Lelorone banjur atur pakurmatan marang P. Purbaya.

P. Purbaya
:
Mangga pinarak. Nyuwun pangapunten boten saged atur pakurmatan ingkang sae, awit inggih kados mekaten kawontenan kula.
Untung
:
Waton penggalih sami-sami suci, papan kados pundi kemawon boten dados masalah.
K.Embun
:
Kula maklum, samenika kula mboten saweg wonten ing kraton.
Untung
:
Kepareng kula nepangapeken. Nama kula pun Untung. Budhak saking Bali ingkang dipunsade dhateng Makasar lajeng dipunsade malih dhateng Jakarta. Awit gadhah kalepatan lajeng dipunkunjara nanging kula lolos. Samenika kula dipunangkat dados letnan dening Kompeni. Mesthi kemawon wonten satunggaling bab ingkang dipunajab . Bapak kula menika Kiai Embun satunggaling ulama ingkang ngrencangi kula ngriki atas namanipun Kompeni. Menapa Paduka kersa nampi kula minangka utusanipun Kompeni?
P. Purbaya
:
Kanthi renaning penggalih. Menapa pesenipun Kompeni?
Untung
:
Kados ingkang sampun panjenengan uningani, Njeng Sultan Agung kaliyan mentrinipun Syeh Yusuf sampun pasrah. Lan pawartos ingkang dumugi Jakarta, Panjenengan ugi badhe teluk. Menapa leres?
P. Purbaya
:
Pancen leres, nanging kula taksih rangu-rangu. Kados pundi mangke nasib kula.
Untung
:
Nasibipun tiyang boten saged dipunsumerepi . Namung Gusti ingkang pirsa. Nanging Kompeni sampun janji badhe mangsulaken Panjenengan dhumateng kalenggahan Panjenengan malih.
P. Purbaya
:
Menapa kula badhe dipunwangsulaken dhateng Tirtayasa ?
Untung
:
Wallahualam. Menika gumantung pinten-pinten bab ingkang dereng saged dipunmangertosi samenika.Utaminipun Keng Raka Sultan Haji ingkang samenika nguwaosi Banten. Kula piyambak ugi dereng ngertos kados pundi nasib kula menawi sampun wangsul malih dhateng Jakarta. Nanging kula percados dhateng keadilan. Gusti badhe ngayomi makhlukipun ingkang jujur. Dugi kula ing ngriki boten badhe meksa utawa mbujuk Njeng Pangeran. Panjenengan perlu tiyang ingkang ndherekaken dhateng Jakarta, suka pangayoman saking pangina ing margi, inggih menika kula. Nanging menawi Njeng Pangeran boten kersa , kula mboten meksa, sedaya gumantung Panjenengan.
P. Pangeran
:
Saupami Tuan Letnan ingkang ngalami, kados pundi ?
Untung
:
Kula nyerah. Sampun ngantos Panjenengan kecepeng wonten ing paprangan. Menawi kedadosan, Panjenengan boten kagungan hak malih minangka Pangeran.
P. Purbaya
:
Inggih pun, kula pasrah. Tuan Letnan saged mbeta kula, garwa saha pengiring  ingkang panjenengan kersakaken. Kula pasrahaken nasib kula  dhumateng Gusti Allah
Untung         
:
Alhadulillah,. Njeng Pangeran kula aturi reringkes dalu menika, benjang enjing kula rantos wonten ing papan kula, .njenengan turut lepen menika minggah temtu kepanggih kula.

:
Sawise Untung mungkur, R.Gusik ngadeg mak nyat
R. Gusik
:
O,o. makaten nggih Njeng Pangeran. Mangga Njenengan teluk dhumateng Kompeni, nanging trah Mataram boten purun kerendhet-rendhet. Ingkang kraos manis samenika badhe pait benjangipun
R.Sepuh
:
Ora ana sing butuh panemumu. Sing gelem melu, melua. Sing ora ya keria ing alas kene
R. Gusik
:
Wajib kanggone guru laki, ngeterake mulih bojo marang wong tuwane yen urip bebarengan wis ora bisa maneh
R. Sepuh
:
Wajib kanggone garwa nurut marang guru lakine senajan ta menyang lenging semut.
P. Purbaya
:
Uwis, uwis! Adhuh tobat! Uwis. Kakang nglenggana Yayi Gusik, kudune kakang ndherekake Yayi menyang Kartasura. Nanging pirsanana kahanan kita saiki. Sabar dhisik, mengko yen wis tekan Jakarta kita rembug.

Untung lagi nglamun, lungguh ing sawijining watu ing pinggire kali. Ngeling-eling nasibe sawise nresnani nonik Landa putrine edeleer Moor. (edeleer = pangkat sakdhuwure komisaris ing jaman Landa ). Dumadakan R.Gusik mecungul.

Untung
:
O, Raden !
R. Gusik
:
Nyuwun ngapunten menawi kula ngganggu karemenan jengandika
Untung
:
Menapa maksud Raden rawuh ing ngriki?  Mboten sae wanita mudha , garwa Pangeran piyambakan wonten ing wana gung
R. Gusik
:
Kula sampun pikantuk palilahipun Pangeran badhe adus ing papan menika. Awit perlu sanget kepanggih jengandika kula nilap rencang-rencang sekedhap, .tujunipun Jengandika wonten ing ngriki, kula boten perlu mlampah tebih
Untung
:
Perlu sanget? Menapa menika?
R. Gusik
:
Kula ngertos pepanggihan kita menika boten sae. Mila ringkes kemawon atur kula. Kula suwun Jengandika kersaa ngawal kula dhateng Kartasura, dhateng paman kula ingkang dados mangkubumi ing ngrika.
Untung
:
Dhateng Kartasura? Menapa Raden talakan kaliyan Pangeran?
R. Gusik
:
Menika ingkang badhe kula suwun, sasampunipun Njeng Pangeran mutusaken pasrah. Kula boten saged ndherek kersanipun. lan Jengandika ugi urun ing bab pasrahipun Njeng Pangeran, mila sampun samesthinipun menawi Jengandika ugi kedah ngeteraken kula , awit angel pados tiyang ing papan ngriki kangge ngawal kula
Untung
:
Wanita rak kedah setya dhumateng kakungipun?
R. Gusik
:
Rumiyin kula rumaos mongkog ginarwa Pangeran ingkang wantun ngunus kerisipun lumawan Kompeni, samenika Panjeneganipun sampun dados jirih.
Untung
:
Menawi mekaten sampun dados wajibipun Njeng Pangeran ndherekaken
R. Gusik
:
Kula sampun nyuwun, nanging Njeng Pangeran boten kersa
Untung
:
Kula kinten sanes boten  kersa, nanging boten saged. Saenipun Raden ndherek dhateng Jakarta, lajeng saking ngrika dipundherekaken dhateng Kartasura
R. Gusik
:
Boten sudi kula ngidak jajahan Kompeni
Untung
:
Menawi mekaten kula nyuwun wekdal kangge mikir. Benjang Njeng Pangeran badhe ngriki. Mbokmenawi saged utusan sawetawis prajurit
R. gusik
:
Ingkang kula suwun Jengandika piyambak
Untung
:
Lho,boten saged! boten saged!
Sampun benjang mawon kita rembag malih.

R. Gusik banjur pamitan
Ing papan pandhelikan….

R. Gusik
:
Yen aku pisahan karo Njeng Pangeran, kowe melu sapa Wulu?
Wulukudur
:
Temtu kemawon ndherek Njenengan
R. Gusik
:
Mesthi wae? Geneya ?
Wulukudur
:
Sebab Njenengan badhe dados garwanipun Sultan ingkang gagah prakosa ingkang badhe nggoregaken tanah Jawi ngantos bentengipun Kompeni ing  Sunda Kelapa.
R. Gusik
:
Sapa Sultan sing koksebut kuwi?
Wulukudur
:
Untung !
R. Gusik
:
Heh?! Untung arep dadi ratu lan aku dadi garwane? Nggladur kowe Wulu.
Wulukudur
:
Kula matur saleresipun Gusti.
R. Gusik
:
Aja ngayawara kowe Wulu.
Wulukudur
:
Boten Gusti. Kula sumerep cahya ingkang medal saking palarapanipun ngantos sumundhul angkasa.
R. Gusik
:
Kuwi sing weruh mung kowe. Banjur sapa sing kandha yen aku arep dadi garwane?
Wulukudur
:
Netra panjenengan nalika mandeng piyambakipun.
R. Gusik
:
Kapan kuwi?
Wulukudur
:
Wau ing tepining wana sacelaking lepen.
R. Gusik
:
Wulu! Kowe nginjen ya?!
Wulukudur
:
Minangka panakawan kula boten pengin nyumerapi wewados, nanging kula namung nguwatosaken kawilujengan panjenengan.

Nalika P. Purbaya wis tekan papan kemahe Untung, lan  siap-siap budhal menyang Jakarta, dumadakan ana pasukan Kompeni teka dipimpin dening Kuffler.

Prajurit
:
Tuan, wonten suradhadhu Kompeni dugi ngriki
Untung
:
Kompeni? Mokal Kapten Ruys wis ngirim balesan, kamangka utusanku lagi wae budhal mau bengi. Mesthine lagi tekan Tanjung Pura.
Kuffler
:
Aku Kuffler, utusan Kompeni. En… mana yang namanya Untung ?
Untung
:
Yen kowe nggoleki letnan Untung, iki aku wonge.
Kuffler
:
En.. Pangeran Purbaya? Pelarian dari Banten?
P. Purbaya
:
Aku.
Kuffler
:
Good good. Sekali tepuk dua lalat tertangkap. Ijk mau omong dulu sama yee Untung !
Untung
:
Yen tuan pengin omong karo letnan Untung, mangga menyang kemah. Aja neng lapangan, ora pantes
Kuffler
:
Menangkap budak yang lari setelah banyak membunuh tidak perlu tempat yang pantas. Nee  nee ! Atas nama Pemerintah Tinggi Batavia ijk menangkap yee Untung. Yee salah karena lari dari penjara, en membunuh para pengawal. En untuk Pangeran Purbaya ijk bawa surat pengampunan
Untung
:
Yee salah Tuan! Mustahil yee bawa surat perintah. Sebab Kapten Ruys wis mrentah aku, Letnan Untung kanggo ngawal Pangeran Purbaya menyang Jakarta. Saupamaa bener yee bawa surat , yee ajudan aku letnan. Yee kudu manut prentahku.
Kuffler
:
Ni, baca. Ijk bawa surat untuk membawa yee ke Jakarta,hidup atau mati. Jika yee mengangkat diri jadi letnan itu urusan yee. Bagi ijk yee tetap si Untung, budak pelarian. Sekarang Pangeran. Sukalah Pangeran menyerah dengan aman.atau harus ijk pikul mayat yee. Ini surat ampunan!
Untung
:
Mangga dipuntampi ,Gusti. Boten sisah dipungalih sinten ingkang ngulungaken. Ingkang baku Panjenengan sampun pikantuk serat pengampunan. Kula ndherek remen.
Kuffler
:
Sekarang serahkan senjata , kabeh!
P.Purbaya
:
Pancen wis arep dakpasrahake.
Kuffler
:
Good. Tapi masih kurang siji. Itu apa?
P. Purbaya
:
O, iki keris pusaka. Keris warisan turun – temurun.
Kuffler
:
Ya ya. Permatanya berkilau. Tapi terpaksa harus diamankan
P. Purbaya
:
Ora, Tuan. Manut adat sing uga dijunjung dening Kompeni, keris pusaka mung bakal dipasrahake marang penggedhe . neng Jakarta, mengko mesthi takpasrahake yen petinggine ngersakake.
Kuffler
:
Ijk wakil pemerintah tinggi. En kowe orang harus memandang ijk sebagai orang berpangkat tinggi. Serahkan keris itu.
Untung
:
Ajudan Kuffler! Aja sawenang-wenang! Aku ya duwe surat perintah saka Kapten Ruys. Yen kowe tetep kaya ngene aku bakal ngleksanakake prentahe Kapten Ruys. Pangeran iki wis pasrah marang aku. Kowe  ora melu-melu. Nek enek apa-apane aku sing tanggungjawab
Kuffler
:
Ha.ha.ha .. Budak pelarian bertanggungjawab urusan Kompeni? Tutup mulutmu. Jika banyak bicara senjata ini akan menjadikan yee saringan santen ha. ha ha!

Dumadakan ana satusan prajurite Untung nggawa bedhil nyaketi Kuffler. Kuffler kaget ,ora ngira senjatane Untung kuwi bedhil, dikira mung tombak.

Kuffler
:
Hari sudah petang . Ijk kasih waktu buat mikir semalam. Serahkan keris itu besok pagi atau kamu tahu sendiri ha? En kowe Untung ! Jangan lancang mengangkat diri jadi Letnan Kompeni !

Ing wengi iku seragam letnane Untung dicopot, lan pasukane Kuffler dientekake, mung Kuffler sing lolos.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar