Selasa, 01 September 2015

PIDATO AWAL ROMADHON

PIDATO AWAL ROMADHON



Assalamualaikum, wr. wb.
Alhamdu lillaahi rabbil ’aalamiin. Wa bihii nasta ’iinu ’alaa umuurid dun ya wad diin. Was shalaatu was salaamu ’alaa sayyidil mursaliin. Sayyidinaa wa maulaana muhammadin wa ’alaa ’aalihii wa sahbihii ajma’iin. Amma ba;du
Sedaya puji kagem Allah ,Gusti sakabehing alam. Marang PanjenengaNe kita nyuwun pitulungan atas sedaya urusan agami lan donya. Mugi-mugi rahmat lan salam kasok marang pengulu sakabehing utusan, pengulu lan pimpinan kita Nabi Muhammad, marang kulawarga lan sokabat sakabehe.
Saking lebeting manah ingkang tulus ikhlas, mangga kita unjukaken puja lan puji syukur marang Allah rabbil alamiin, kanthi taufiq, hidayah lan inayahIpun, kita sedaya ing kahanan fisik lan rohani ingkang saestu ngremenaken. Mugi-mugi kahanan ingkang kados makaten , tetep dipun paringaken, saengga kita saged nindakaken amal ing wulan suci Ramadhan ingkang badhe kawiwitan sekedhap malih.
Para rawuh ingkang minulya,
Miwiti acara menika, mangga kita kaji sabda Rasulullah saw ingkang kaserat ing kitab Durratun Naasihiin : Man fariha bi dhukuuli ramadlaana harramallahu jasadahuu alan niraan
Tegesipun : Sapa wae rumangsa seneng merang tekane wulan Ramadan, mangka Allah haramake jasade wong iku mlebu neraka.
Hadis menika isi sugesti supados sedaya purun mangayubagya wulan suci Ramadan kanthi remen lan legawa.
Senaosa makaten taksih wonten malih ingkang kedah kita gatosaken, inggih menika firman Allah ing surat Al Baqarah 183 : Yaa ayyuhal ladziina aamanuu kutiba alaikumus shiyaamu kamaa kutiba alal ladziina min qablikum la’allakum tattaquun. 
’Ingkang tegesipun:He wong-wong iman, wis diwajibake pasa marang sira , kayadene diwajibake marang wong-wong sadurunge sira, supaya sira kabeh takwa’
Para rawuh ingkang minulya,
Wonten tigang pranyatan saking ayat menika : sepisan tiyang mukmin wajib pasa, kaping kalih pasa sampun nate kawajibaken marang umat saderengipun lan ingkang kaping tiga ngengingi tujuanipun pasa ingggih menika supados dados tiyang ingkang muttaqin.
Para rawuh, muttaqin menika minangka tataran keimanan ingkang paling inggil. Saderengipun dumugi tataran menika, kita kedah nglampahi tataran saderengipun inggih menika: muslim, mukmin, muksin lan mukhlis.
Muslim, tegesipun angrasuk agami Islam. Mukmin maksudipun sampun netepi janji kanthi lisan , ngyakini salebeting manah lan nindakaken kanthi rukun (urutan ingkang leres). Muksin tegesipun sampun saged tumindak sae dumateng Gusti Allah lan sedaya makhluk. Mukhlis tegesipun tiyang ingkang sampun ikhlas, sedya tumindakipun namung karana Allah.
Mila saking menika para rawuh, supados kita saged dumugi tataran ingkang paling inggil, tataran muttaqin, mangga pasa Ramadan kita leksanakaken kanthi saksae-saenipun. Kita renggani pasa kanthi tarawih, tadarus lan i’tikaf, sarta tansah njagi sedaya peranganipun badan saking sedaya tumindak ingkang mboten dipun ridhoi Allah swt.
Wusana, mangga kita ndedonga mugi Allah swt maringi kekiyatan lair batos, saengga kita saged ngleksanakaken pasa ramadan kanthi saksae-saenipun, lan pasa sarta amalan kita dipun tampi dening Allah swt. Amin allahumma aamiin.
Akhirul kalam wassalaamu’alaikum wr.wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar