Selasa, 01 September 2015

PIDATO SYUKURAN LULUS SARJANA

PIDATO SYUKURAN LULUS SARJANA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
                Nuwun, para sadherek kakung-putri ingkang tuhu minulya, para pinisepuh ingkang tuhu kinabekten. Saderengipun kula matur wonten ngarsa Panjenengan sami, kepareng kula nyuwun gunging samodra pangaksami, awit kula sampun kumawantun ngadeg wonten ngarsa panjenengan minangka sesulihing para kanca nem-neman sedaya.
                Ingkang sepisan, sumangga kita sedaya amemuji wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit saking kepareng sarta berkahipun, kita tansah ginanjar ing kawilujengan. Saengga kita sedaya pikantuk kekiyatan lahir batos saget angrawuhi pahargyan dalu menika.
                Kados sampun kapacak wonten ing kintaka adi, sarta sampun kasebat ing ngajeng, bilih dinten punika penggalihipun Bapak saha ibu Darso Wiyana sakulawarga  rumaos bebeg, bombong lan mongkog panggalihipun. Mliginipun Kangmas Wasana Adi, awit menapa ingkang dados gegayuhanipun sampun  kasembadan. Ing tanggal Januari 2010 dereng dangu punika, Kangmas Wasana Adi sampun winisuda minangka sarjana ing babagan basa lan kasusastran Jawi saking jurusan Basa lan Sastra Jawi Fakultas Basa lan Sastra Universitas Negri Surabaya.             
                Bapak, Ibu tuwin kadang sadaya ingkang kula tresnani,
Sayektos kawontenan punika  damel bombong sarta mongkog. Mboten wonten sanes awit Kangmas Wasana Adi saged kalampahan lulus kanthi biji ingkang maremaken. Liripun lulusipun pikantuk pangalembana saking para guru sarjana sujananing Basa lan Kasusastran Jawi ingkang tinanggenah andadar menggah kelantipan sarta kawasisanipun kangmas Wasana Adi.
                Pramila  kula sakanca ndherek muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan, mugi-mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipan punika Kangmas Wasana Adi lajeng rumaos pinecut ndherek ndhidhik lan nyengkuyung ajengipun bangsa sarta nagari. Cundhuk kaliyan ngelmu ingkang sampun karengkuh, punapa malih ing wekdal punika kawontenanipun basa lan kasusastran Jawi ingkang taksih mrihatosaken.  Kangmas Wasana Adi  minangka sarjana sujana ing babagan basa lan kasusatran Jawi ingkang mumpuni dhumateng reh basa lan paramasastra.
Bapak, Ibu tuwin kadang sadaya ingkang kula tresnani,
                Mila saestu mugi-mugi ing tembe Kangmas Wasana Adi kersaa kanthi dhanganging penggalih ambyur wonten ing madyaning bebrayan, anggulawenthah bebrayan agung ing  babagan kautaman, anggegilut lan angipuk-ipuk murih lestarining kabudayan warisan leluhur punika.
                Sinten malih ingkang kedah cancut taliwanda anggigah kita tiyang Jawi ingkang wekdal punika taksih kasengsem dhumateng kabudayan sanes. Sinten ingkang kedah  nggilut kabudayanipun piyambak kejawi kita sedaya para mudha. Jejibahan punika pancen awrat ketingalipun, nanging menawi  katindakaken kanthi esthining manah, sayektos inggih badhe wonten uwohipun. Uwoh ingkang kita idham-idhamaken mboten sanes inggih mekar lan tumangkaripun kabudayan Jawi ingkang tansah anggadhahi greget lan kapitadosan ingkang tumemen, bilih sayektosipun kabudayan Jawi punika mboten kasingsal manawi katandhing kabudayan manca.
                Para rawuh, Bapak Ibu Darso Sentono sarta Kangmas Wasana Adi ingkang kula tresnani. Mekaten reroncening basa ingkang saged kula aturaken ing wedal punika minangkani sesulihing para kadang mudha sedaya. Mbokbilih ingkang sampun kula aturaken kalawau karaos angandhar-andhar  sarta wonten ingkang kirang trapsila menggah pahargyan dalu menika, ing mriki kula minangka manungsa wantah mbokbilih wonten kekirangan sarta kirang leresing subasita nyuwun gunging pangaksami. Dhumateng Kangmas Wasana Adi, sugeng makarya kanthi greged enggal, mugi-mugi Gusti tansah anjangkung .

                Maturnuwun . Wassalamualaikum Wr Wb.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar