WULANGAN
2
PANATA
CARA LAN PAMEDHAR SABDA
A. STA NDAR
KOMPETENSI
|
:
|
Mengungkapkan perasaan,
pikiran, informasi, dan
gagasan melalui kegiatan berpidato
|
B. KOMPETENSI
DASAR
|
:
|
1.
Menyampaikan
(membawakan) susunan acara dengan
memperhatikan kelaziman berbicara sesuai dengan pendengar
2.
Menyampaikan
sambutan dengan memperhatikan tata urutan berpidato
|
C. INDIKATOR
|
:
|
1.1. Menyebutkan tata aturan menjadi
pembawa acara.(tertib berbahasa)
1.2. Menyebutkan tata urutan acara. (tertib berbahasa)
1.3. Berani
dan kreatif memperagakan menjadi
pembawa acara
2.1. Menyebutkan tata aturan berpidato(tertib berbahasa)
-2.2.Menyebutkan tata urutan pidato. (tertib berbahasa)
-2.3.Berani
dan kreatif memperagakan berpidato di depan kelas.
|
D. MATERI
|
:
|
Susunan Acara
Naskah Pidato
|
SUSUNAN
ACARA
Dadi MC (master of ceremony) utawa
panatacara ( penata acara) kuwi ora angel, alias gampang. Mung perlu latihan
wae. Merga panatacara kuwi omong ing ngarepe publik mula perlu digatekake
aturane kang minangka kepatutan ben ora saru. Aturan iki sakjane ora ana, mung
merga tampil ing ngarepe wong akeh mula kudu nggatekake kepatutane, yaiku :
-
busana katon pantes lan sopan
-
grapyak lan sumeh
-
wicara ngerti unggah-ungguh, lancar lan
runtut
supaya
lancar lan runtut, sawijining panatacara kudu duwe rancangan susunan acara.
Acara apa wae sing sifate resmi utawa rada resmi kayata pengetan dina-dina penting ,
pengajian, syukuran , ijabe manten, temune manten lan liya-liyane, supaya
apa-apa kang perlu dilakoni bisa lumaku kanthi lancar lan runtut. Yen ana acara
tanpa susunan acara , mula acara mau bisa morat-marit ana bab sing mesthine
penting banjur kliwatan utawa ana sawijining tujuan sing ora ‘tercapai’. Mula
penting banget yen duwe kajat utawa acara digawekake dhisik / dirancang dhisik
susunan acarane.
Gawe susunan acara kuwi ora angel , mung kari milih-milih
kegiatan apa sing arep dilakoni kang cocog karo acarane. Umpamane acara
syukuran lulus sekolah :
1. Atur pambuka
2. Wacan Al-Qur’an
3. Sambutan sohibul bait / hajat ( sing duwe omah / sing duwe kajat )
4. Ceramah agama
5. Donga panutup
6. Ramah-tamah lan hiburan
Ora angger acara susunane kaya ing dhuwur iku , kudu
diselarasake karo tujuane dienekake acara. Yen acarane beda mesthi wae ya beda
susunan acarane. Tuladha liyane acara perpisahan sekolah :
1.
Atur pambuka
2.
Wacan Al Qur’an
3.
Tari Gambyong
4.
Sambutan Kepala Sekolah
5.
Lagu ‘Jujur’
6.
Sambutan Ketua Komite Sekolah
7.
Penyerahan sacara simbolis siswa dening sekolah marang wong
tuwa
8.
Lagu ‘ Satu ‘
9.
Penyerahan hadiah siswa berprestasi
10. Donga Penutup
11. Ramah-tamah lan Hiburan
Kepriye? Bisa , ta gawe susunan acara?
Gladhen :
Ngrancanga susunan acara
kanggo Rapat Pemilihan Pengurus Osis , Temune Penganten, Pengetan Dina
Kamardikan, Pengetan Siji Sura, Pahargyan Nyambut Taun Anyar ( pilihen salah siji wae )!
Teks Pidato
Sadurunge nindakake pidato, kita perlu nyawisake
konsep. Kepriye carane nyusun naskah pidato ? Nyusun naskah pidato ora beda
karo nulis karangan liyane. Sadurunge nyusun naskah pidato ana sawetara bab
kang perlu dimangerteni umpamane :
Kapisan
1. Pidato kuwi disiapake kanggo acara apa ?
2. Sapa wae kang bakal mirengake ? ( bab iki kang mbedakake basa apa kang
kudu digunakake ngoko/ krama )
3. Ing ngendi bakal dipidatokake ?
Kapindho
Manawa wis
mangerteni telung perkara ing ndhuwur, kita banjur nyusun cengkorongan.
Katelu
Ngembangake cengkorongan dadi naskah pidato kang wutuh. Aja lali, kanggo
mbedakake karangan pidato lan karangan gancaran liyane, ing naskah pidato
diperlokake ukara panyapa.
Tuladha :
Kapisan
1. Pidato kanggo
mengeti dina kamardikan Indonesia
2. Audiene kanca
– kanca sekolah ( SMP )
3. Ing sekolahan
Kapindho
Cengkorongan :
Pambuka : 1. Salam pambuka
2. Paragrap pambuka
Isi : 1. Ngelingake proses kamardikan kang ora gampang
2. Ngajak melu
ngrasakake syukur antuk kamrdikan
3. Mbombong kanca – kanca supaya melu mbangun
negara
Panutup : 1. Panuwun marang Gusti Allah
arupa donga
2. salam
Katelu
Cengkorongan ing ndhuwur manawa dikembangake dadi karangan pidato kang utuh
kurang luwih dadine mangkene Assalamualaikum wr. wb.
Mitra-mitraku kang sun tresnani,
Tahmid lan tasyakur kita unjukake marang Allah swt, kang wis paring berkah
marang kita saengga kita bisa mengeti Dina Kamardikane Republik Indonesia kang
kaping 65 ing kahanan kang aman , tentrem lan sehat wal afiat
Para kadang kang daktresnani,Ing wektu-wektu kita
mengeti kamardikan kaya saiki iki, perlu dibukak maneh memori kita, yen
kamardikan kita iku dudu bebungah saka wong liya, ora kaya unen-unen
thenguk-thenguk nemu gethuk, nanging kamardikan kang kita mung kari ngrasakake
enake iki ditebus kanthi ewon jiwa ,banjir getih, lan bandha donya kang tanpa
wilangan. Mula saka iku, kamardikan iki kudu kita jaga minangka amanat saka
para pahlawan lan syuhada kang wis kondur ndhisiki kita.
Ing pembukaan UUD 45
alinea katelu wis jelas dinyatakake yen kamardikan kang kita regem iku minangka
berkah rohmahe Allah Kang Mahakawasa. Mula saka iku, kamardikan dadi amanah
kang wajib kita jaga.
Sedulur-sedulurku,Swasana pengetan proklamasi kaya
dina iki mujudake saat kang tepat kanggo
’mensyukuri’ nikmate urip mardika. Kanikmatan iki wajib kita jaga supaya
ora ilang. Kepriye carane njaga? Kanthi sinau kang mempeng supaya pinter. Awit
anane bangsa kita biyen dijajah dening bangsa liya ya merga saking bodhone
awake dhewe. Eling! Jaman saiki penjajahan wis salin rupa. Yen biyen penjajahan
fisik, saiki wis ganti penjajahan ekonomi lan budaya. Yen elmu kita ora bisa
madhani bangsa liya kita bakal bisa dijajah maneh dening bangsa liya. Dudu
fisike, nanging ekonomi lan budayane. Apa kita gelem kelangan jati dhirine
bangsa Indonesia? Mula ayo sinau sing
mempeng wujud kita syukur lan nindakake amanah kamardikan.
Sedulur ayo kita tutup
acara iki kanthi ndonga nganggo surat al Fatehah, diterusake al Ikhlas, AlFalah
lan An Naas....
Ndonga kawiwitan. Al Fatehah
Maturnuwun, wassalaamu’alaikum wr wb
Pidato kanthi ekspresif
Pidato iku
mujudake salah sawijining ketrampilan basa kang kagolong ing aspek wicara.
Senajan lumrahe wong iku bisa tur pinter omong utawa wicara, nanging ora saben
wong bisa pidato. Sadhengah wong iku lumrahe bisa lan pinter ngomong apa wae.
Senajan mangkonoa durung mesthi yen bisa pidato. Ketrampilan pidato iku bisa
disinaoni. Kepriye supaya kita bisa pidato kanthi becik ?
Kang kudu
disiapkake ana rong warna, yaiku sadurunge nindakake pidato lan pas nindakake
pidato.
Sadurunge nindakake pidato
1.
Kita kudu weruh lan mangerti sapa kang
arep kita adhepi. ( masyarakat umum, para ibu, para bapak, kanca – kanca
sekolah, apa para pejabat , lsp.)
2.
Kita kudu weruh lan mangerti ing
lingkungan apa kita arep pidato. ( ing lingkungan sekolah, lingkungan
keagamaan, lingkungan pamarentah, lingkungan kluwarga lsp. )
3.
Kita kudu weruh bab / masalah apa kang
kudu dipidatokake. ( pendidikan, hiburan, agama, sosial, politik, kewarasan,
lsp.)
4.
Kita kudu nyiapake konsep utawa naskah
dadi kang wutuh.
5.
Aja lali sadurunge nindakake pidato bola
– bali ajar. Paling ora apal marang ringkesane, luwih becik apal naskah wutuhe
Kanthi nyumurupi bab – bab kang kasebutake ing ndhuwur, kita banjur kudu
nyiapake konsep utawa naskah dadi. Kanthi mangkono, naskah dadi utawa konsep
iku ora bakal nyimpang saka masalahe, unggah – ungguh basane sarta swasana
pendhukung liyane.
Pas nindakake pidato
1.
Kita kudu nguwasani bab kang arep
dipidatokake.
2.
Pidato kanthi basa kang fasih lan
lancar, tata, titi , tatas lan praitis. Aja blekak – blekuk kami sosolen.
3.
Panyawang madhep manteb , mrebawani
nanging ora kaku utawa tegang.
4.
Pasuryan sumanak diselingi banyolan kang seger waton ora
kebablasen.
5.
Tangan aja srawean.
6.
Diusahaake ana komonikasi batin marang
audien ( pamiarsa )
Coba naskah
pidato ing ngisor iki paragakna ana ngarep kelas !
Pidato : 1
Assalamualaikum, wr. wb.
Alhamdu lillaahi rabbil ’aalamiin. Wa bihii nasta
’iinu ’alaa umuurid dun ya wad diin. Was shalaatu was salaamu ’alaa sayyidil
mursaliin. Sayyidinaa wa maulaana muhammadin wa ’alaa ’aalihii wa sahbihii
ajma’iin. Amma ba;du
Sedaya puji
kagem Allah ,Gusti sakabehing alam. Marang PanjenengaNe kita nyuwun pitulungan
atas sedaya urusan agami lan donya. Mugi-mugi rahmat lan salam kasok marang
pengulu sakabehing utusan, pengulu lan pimpinan kita Nabi Muhammad, marang
kulawarga lan sokabat sakabehe.
Saking lebeting manah ingkang tulus ikhlas, mangga
kita unjukaken puja lan puji syukur marang Allah rabbil alamiin, kanthi taufiq,
hidayah lan inayahIpun, kita sedaya ing kahanan fisik lan rohani ingkang saestu
ngremenaken. Mugi-mugi kahanan ingkang kados makaten , tetep dipun paringaken,
saengga kita saged nindakaken amal ing wulan suci Ramadhan ingkang badhe
kawiwitan sekedhap malih.
Para rawuh ingkang minulya,
Miwiti acara menika, mangga kita
kaji sabda Rasulullah saw ingkang kaserat ing kitab Durratun Naasihiin : Man
fariha bi dhukuuli ramadlaana harramallahu jasadahuu alan niraan
Tegesipun : Sapa wae rumangsa
seneng merang tekane wulan Ramadan, mangka Allah haramake jasade wong iku mlebu
neraka.
Hadis menika isi sugesti supados
sedaya purun mangayubagya wulan suci Ramadan kanthi remen lan legawa.
Senaosa makaten taksih wonten malih
ingkang kedah kita gatosaken, inggih menika firman Allah ing surat Al Baqarah
183 : Yaa ayyuhal ladziina aamanuu kutiba
alaikumus shiyaamu kamaa kutiba alal ladziina min qablikum la’allakum
tattaquun.
’Ingkang tegesipun:He wong-wong
iman, wis diwajibake pasa marang sira , kayadene diwajibake marang wong-wong
sadurunge sira, supaya sira kabeh takwa’
Para rawuh ingkang minulya,
Wonten tigang pranyatan saking
ayat menika : sepisan tiyang mukmin wajib pasa, kaping kalih pasa sampun nate
kawajibaken marang umat saderengipun lan ingkang kaping tiga ngengingi
tujuanipun pasa ingggih menika supados dados tiyang ingkang muttaqin.
Para rawuh, muttaqin menika
minangka tataran keimanan ingkang paling inggil. Saderengipun dumugi tataran
menika, kita kedah nglampahi tataran saderengipun inggih menika: muslim,
mukmin, muksin lan mukhlis.
Muslim, tegesipun angrasuk agami
Islam. Mukmin maksudipun sampun netepi janji kanthi lisan , ngyakini salebeting
manah lan nindakaken kanthi rukun (urutan ingkang leres). Muksin tegesipun
sampun saged tumindak sae dumateng Gusti Allah lan sedaya makhluk. Mukhlis
tegesipun tiyang ingkang sampun ikhlas, sedya tumindakipun namung karana Allah.
Mila saking menika para rawuh,
supado kita saged dumugi tataran ingkang paling inggil, tataran muttaqin,
mangga pasa Ramadan kita leksanakaken kanthi saksae-saenipun. Kita renggani
pasa kanthi tarawih, tadarus lan i’tikaf, sarta tansah njagi sedaya
peranganipun badan saking sedaya tumindak ingkang mboten dipun ridhoi Allah
swt.
Wusana, mangga kita ndedonga mugi
Allah swt maringi kekiyatan lair batos, saengga kita saged ngleksanakaken pasa
ramadan kanthi saksae-saenipun, lan pasa sarta amalan kita dipun tampi dening
Allah swt. Amin allahumma aamiin.
Akhirul kalam wassalaamu’alaikum
wr.wb.
Pidato : 2
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun,
para sadherek kakung-putri ingkang tuhu minulya, para pinisepuh ingkang tuhu
kinabekten. Saderengipun kula matur wonten ngarsa Panjenengan sami, kepareng
kula nyuwun gunging samodra pangaksami, awit kula sampun kumawantun ngadeg
wonten ngarsa panjenengan minangka sesulihing para kanca nem-neman sedaya.
Ingkang
sepisan, sumangga kita sedaya amemuji wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha
Kuwaos, awit saking kepareng sarta berkahipun, kita tansah ginanjar ing kawilujengan.
Saengga kita sedaya pikantuk kekiyatan lahir batos saget angrawuhi pahargyan
dalu menika.
Kados
sampun kapacak wonten ing kintaka adi, sarta sampun kasebat ing ngajeng, bilih
dinten punika penggalihipun Bapak saha ibu Darso Wiyana sakulawarga rumaos bebeg, bombong lan mongkog
panggalihipun. Mliginipun Kangmas Wasana Adi, awit menapa ingkang dados
gegayuhanipun sampun kasembadan. Ing
tanggal Januari 2010 dereng dangu punika, Kangmas Wasana Adi sampun winisuda
minangka sarjana ing babagan basa lan kasusastran Jawi saking jurusan Basa lan
Sastra Jawi Fakultas Basa lan Sastra Universitas Negri Surabaya.
Bapak,
Ibu tuwin kadang sadaya ingkang kula tresnani,
Sayektos kawontenan punika damel bombong sarta mongkog. Mboten wonten
sanes awit Kangmas Wasana Adi saged kalampahan lulus kanthi biji ingkang
maremaken. Liripun lulusipun pikantuk pangalembana saking para guru sarjana
sujananing Basa lan Kasusastran Jawi ingkang tinanggenah andadar menggah
kelantipan sarta kawasisanipun kangmas Wasana Adi.
Pramila kula sakanca ndherek muji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan, mugi-mugi kanthi ungguling kawasisan sarta
landheping kalantipan punika Kangmas Wasana Adi lajeng rumaos pinecut ndherek
ndhidhik lan nyengkuyung ajengipun bangsa sarta nagari. Cundhuk kaliyan ngelmu
ingkang sampun karengkuh, punapa malih ing wekdal punika kawontenanipun basa
lan kasusastran Jawi ingkang taksih mrihatosaken. Kangmas Wasana Adi minangka sarjana sujana ing babagan basa lan
kasusatran Jawi ingkang mumpuni dhumateng reh basa lan paramasastra.
Bapak, Ibu tuwin kadang sadaya ingkang
kula tresnani,
Mila
saestu mugi-mugi ing tembe Kangmas Wasana Adi kersaa kanthi dhanganging
penggalih ambyur wonten ing madyaning bebrayan, anggulawenthah bebrayan agung
ing babagan kautaman, anggegilut lan
angipuk-ipuk murih lestarining kabudayan warisan leluhur punika.
Sinten
malih ingkang kedah cancut taliwanda anggigah kita tiyang Jawi ingkang wekdal
punika taksih kasengsem dhumateng kabudayan sanes. Sinten ingkang kedah nggilut kabudayanipun piyambak kejawi kita
sedaya para mudha. Jejibahan punika pancen awrat ketingalipun, nanging
menawi katindakaken kanthi esthining
manah, sayektos inggih badhe wonten uwohipun. Uwoh ingkang kita idham-idhamaken
mboten sanes inggih mekar lan tumangkaripun kabudayan Jawi ingkang tansah
anggadhahi greget lan kapitadosan ingkang tumemen, bilih sayektosipun kabudayan
Jawi punika mboten kasingsal manawi katandhing kabudayan manca.
Para
rawuh, Bapak Ibu Darso Sentono sarta Kangmas Wasana Adi ingkang kula tresnani.
Mekaten reroncening basa ingkang saged kula aturaken ing wedal punika
minangkani sesulihing para kadang mudha sedaya. Mbokbilih ingkang sampun kula
aturaken kalawau karaos angandhar-andhar
sarta wonten ingkang kirang trapsila menggah pahargyan dalu menika, ing
mriki kula minangka manungsa wantah mbokbilih wonten kekirangan sarta kirang
leresing subasita nyuwun gunging pangaksami. Dhumateng Kangmas Wasana Adi,
sugeng makarya kanthi greged enggal, mugi-mugi Gusti tansah anjangkung .
Maturnuwun
.
Wassalamualaikum Wr Wb.
Pidato : 3
Assalamualaikum wr.wb.
Bapak Kepala Sekolah saha Bapak
– Ibu Guru Staf karyawan ingkang kula kurmati, Bapak – Bapak, Ibu – Ibu sadaya
tamu undangan ingkang kula kurmati, para kadang sepuh kula kelas tiga ingkang kula tresnani.
Mugi – mugi
karahayon, katentreman tuwin kebahagiaan tansah kasarira ing kita sami, awit
saking kamirahanipun Gusti Allah ingkang maha welas.
Kepareng kula
ngaturaken sugeng siang, sugeng rawuh saha sugeng lenggah dhumateng Bapak –
Bapak, Ibu – Ibu saha para kadang sedaya. Saderengipun sumangga kita sesarengan
ngunjukaken raos puji syukur dhumateng padani-Pun Gusti Allah ingkang maha
mirah. Ing wekdal punika kita sesarengen saged mangayubagya nguntabaken
angggenipun para kadang sepuh kula badhe nilar pasinaon mriki. Mligi kagem
kadang – kadang sepuh kula ingkang kula tresnani,
Alhamdulillahirobil
alamin....raos syukur ingkang satulus – tulusipun sumangga kita aturaken
dhumateng Gusti Allah ingkang maha agung, awit ing titi wanci punika para
kadang sampun saged ngrampunaken kewajiban ing pasinaon SMP. Dhumateng kadang
sepuh kula ingkang sampun lulus kanthi biji ingkang sae sampun gumunggung kosok
wangsulipun kagem kadang sepuh kula ingkang bijinipun pas – pasan inggih sampun
alit ing manah. Dene kagem kadang sepuh kula ingkang mbok bilih dereng saged
ngrampungaken pasinaon ing SMP mriki sampun ngantos kemba.
Kadang – kadang
sepuh kula ingkang kula tresnani,
Kita kedah
anggadhahi kapitadosan sadaya asil kita punika mujudake asil ingkang sampun
cocog saleresipun kaliyan pambudidaya kita. Pramila kadang – kadang sepuh kula
sadaya kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu namung saged ndherek
amemuji, mugi – mugi kadang sepuh kula sadaya saged nglajengaken gegayuhanipun.
Ingkang badhe nglajengaken sekolah mugi katampi ing sekolah ingkang pinilih.
Dene ingkang mboten nglajengaken mugi saged mupangaten kawruh, ketrampilan saha
kesagedan sanes – sanesipun. Sadaya ingkang sampun dipunparingaken dening bapak
ibu guru mugi - mugi wonten gina
paedahipun.
Kadang – kadang
sepuh kula ingkang kula tresnani,
Mboten kesupen
sadangunipun sesrawungan kaliyan rayi – rayi, mbok bilih wonten bab – bab
ingkang mboten ngremenaken penggalih, kula minangka wakilipun kepareng
nyuwunaken pangapunten. Mugi – mugi kula sadaya saged nulad kadang sepuh kula
utaminipun bab – bab ingkang sae. Dene menawi para kadang sepuh rumaos wonten
bab – bab ingkang kirang sae, mugi – mugi enggal dipun ewahi lan mboten kabekta
ing papan pasrawungan mangke.
Kadang – kadang
sepuh kula ingkang kula tresnani Ingkang pungkasan rayi nguntabaken
Jengkar
panjenengan ngaturaken sugeng pepisahan
sugeng tindak.
Para Bapak –
Bapak, Ibu – Ibu saha kadang sadaya ingkang kula kurmati,
Santen toyaning
klapa makaten atur kula, mbok bilih
wonten kalepatan kepareng nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wasalamualaikum wr.wb.
Nuwun
Tuladha naskah pidato ing ndhuwur wacanen batin !
Yen wis siaga, tampilna ana ngarep kelas kaya satataning
wong pidato !
Yen kepingin pidato nganggo naskah liya ora apa – apa .