ULANGAN TENGAH SEMESTER 5
I.
Pilihen salah sawijining wangsulan kang
kokanggep paling bener !
1.
Cengkorongane laporan sing ganep yaiku…
a. atur sapala, pambuka, isi, panutup c.pambuka, isi
b.
pambuka, isi, panutup d. isi,
panutup
2.
Yen laporan wis diringkes dadi teks, kaya warta ing
koran, cengkorongane dumadi saka...
a.
atur sapala, pambuka, isi,
panutup c.pambuka, isi
b.
pambuka, isi, panutup d. isi, panutup
Wis tau krungu tembung gurun? Wis tau
weruh gambare, filme utawa malah tau ngrasakake dhewe liwat gurun? Segara wedhi
kang jembar tanpa ana wit-witan, tanpa ana padunungan. Ing kana ora ana
sawijining barang kang luwih diajeni kajaba : banyu.
Yen kita nonton film ngenani panguripan
ing gurun, kita lagi sadhar yen banyu sing ing kene dianggep murah banget,
jebul ing kana dadi barang kang larang banget. Geneya larang? Awit banyu
minangka barang kang dibutuhake sadhengah makhluk urip. Sakabehing tetuwuhan,
sato kewan lan manungsa bisa tetep urip karana ana banyu. Tetuwuhan butuh banyu
kanggo njupuk nutrisi saka jroning lemah, dene kewan lan manungsa butuh banyu
utamane kanggo ngombe.
3.
Paragraf ing dhuwur iku minangka bageyane :
a.
atur sapala c.
isi
b.
pambuka d.
panutup
4.
Yen disetitekne, basa kang
digunakake ing laporan duwe ciri…
a.
endah, akeh pepindhan c.
lugas, jelas
b.
baku , katon kaku d.
angel dipahami
Satemene jumlah banyu ing bumi iki tetep.
Dening Gusti Allah wis diputer saka lumahing segara nganti tekan pucuking
gunung. Supaya bisa warata dum-dumane kanggo makhluke sing manggon ing gunung
nganti tekan pesisir. Siklus banyu iki yen diwiwiti saka segara gambarane
mangkene : banyu kena panas banjur nguap mumbul menyang atmosfir, digawa angin
nganti tekan angkasa lan pucuking gunung. Yen wis jenuh, uap mau bakal ngempel
dadi tetes banyu, embun, es utawa salju banjur ceblok dadi udan. Banyu udan
banjur mili menyang papan kang luwih endhek, sebagean ngresep liwat pori-porine
lemah nganti tekan lapisan sing padhet sing ora bisa ditembus maneh ( ya iki
sing dadi sumber utawa cadhangan banyu ). Sebagean maneh ana sing mandheg ana ing cluwekan
dadi blumbang utawa tlaga.
5.
Paragraf
iki isine bab… .
a.
pentinge banyu c.
wujude banyu
b.
dum-duman banyu d.
sikluse banyu
6.
Banyu
ceblok saka angkasa awujud … .
a.
tetes-tetes banyu c.
banyu lan es
b.
embun lan salju d. tetes banyu, embun, salju lan es
7.
Yen digatekake, pidato iku
mesthi dumadi saka…
a.
pambuka, isi, panutup c. pambuka
lan isi
b.
pambuka lan panutup d. isi lan
panutup
8.
Ciri kang katon banget ing
pidato yaiku saben jeda, diselani
nganggo :
a. dalil-dalil c.
ukara pitakon
b. ukara panyapa d.
ukara prentah
9.
Sadurunge
nindakake pidato, kita perlu nyawisake konsep. Nyusun naskah pidato ora beda
karo nulis karangan liyane. Sadurunge nyusun naskah pidato ana sawetara bab
kang perlu dimangerteni yaiku:
a. kanggo acara apa
b. Sapa wae kang bakal mirengake
c. Ing ngendi bakal dipidatokake
d. kanggo acara apa, Sapa wae kang bakal mirengake, Ing ngendi bakal
dipidatokake
10. Sadurunge nindakake dadi panatacara/ MC, kudu dirancang dhisik
susunan acarane.Dene susunan saben acara
iku :
a. mesthi padha persis c. dicocogake karo
acarane
b. ora padha blas d. diturunane
acara sadurunge
II. Bener apa salah pranyatan-pranyatan ing
ngisor iki!
11. Panatacara kudu menganggo ageman sing pantes lan sopan.
12. Acara pengajian lan yasinan, pantese diselingi lagu koplo ‘kanggo rika’
13. “Rayi-rayi ingkang kula
tresnani”. Iki conto ukara panyapa pidato perpisahan kelas 9 marang kelas 8 lan
7.
14. Teori ‘Big Bang’ lan teori ‘Evolusi’ cocog banget dadi temane pidato
kanggo ibu-ibu PKK lan arisan ing desa-desa.
15. Teks Laporan lan teks pidato,
padha-padha dumadi saka pambuka, isi, lan panutup.
III.
Pilihen aksarane wae wangsulan/ isian sing cocog kang sumadia ing ngisore!
16. Assalamualaikum wr. wb. Mitra-mitraku kang
sun tresnani,
Ukara mangkene iki kalebu…
17. Para kadang kang daktresnani,Ing wektu-wektu kita mengeti kamardikan
kaya saiki iki, perlu dibukak maneh memori kita, yen kamardikan kita iku dudu
bebungah saka wong liya, ora kaya unen-unen thenguk-thenguk nemu gethuk,
nanging kamardikan kang kita mung kari ngrasakake enake iki ditebus kanthi ewon
jiwa ,banjir getih, lan bandha donya kang tanpa wilangan.
Ukara mangkene
iki kalebu…
18. Sedulur-sedulurku,Swasana pengetan
proklamasi kaya dina iki mujudake saat kang tepat kanggo ’mensyukuri’ nikmate urip mardika. Kanikmatan
iki wajib kita jaga supaya ora ilang. Kepriye carane njaga? Kanthi sinau kang
mempeng supaya pinter. Awit anane bangsa kita biyen dijajah dening bangsa liya
ya merga saking bodhone awake dhewe.
Ukara mangkene
iki kalebu…
19. Banyu ngresep menyang lemah kuwi butuh wektu. Saya alon lakune/
iline, saya akeh banyu kang ngresep. Apa maneh yen mandheg, saya akeh maneh
banyu kang bisa disimpen ing jerone lemah minangka sumber utawa tandhon.Miturut
para pakar lingkungan , mung wit-witan gedhe kang bisa ngurangi santere iline
banyu udan. Mula para pakar mau padha nganjurake supaya wit-witan gedhe ing
alas aja ditebangi.
Ukara mangkene
iki kalebu…
20.
Puji
syukur dhumateng Gusti ingkang sampun paring kasaran, sarta panuntun saengga
kula saged ngrampungaken laporan menika......
Ukara mangkene iki kalebu…
Pilihan wangsulan:
a.
|
laporan
bageyan isi
|
f.
|
pidato
bageyan isi
|
b.
|
laporan
bageyan pambuka
|
g.
|
laporan
bageyan atur sapala
|
c.
|
laporan
bageyan panutup
|
h.
|
pidato
bageyan panutup
|
d.
|
pidato
bageyan pambuka
|
i.
|
pidato
bageyan salam pambuka
|
e.
|
isine
acara
|
j.
|
panutuping
acara
|
IV.
Wangsulana kanthi jlentreh!
21. Sebutna cengkorongane laporan sing jangkep!
22. Supaya patut, apa wae sing kudu digatekake sawijining panatacara/
MC?
23. Apa gunane rantaman/susunan
acara kanggone panatacara?
24. Apa wae kang perlu digatekake nalika pas nindakake pidato?
25. Nggawea conto susunan acara tanggap warsa/ ambal warsa/ ulang tahune sekolah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar