Senin, 30 November 2015

KISI-KISI UAS BASA JAWA SMT 5


KISI - KISI SOAL ULANGAN KENAIKAN KELAS
BAHASA DAERAH SEMESTER 5
2015 / 2016

NO.
KOMPETENSI INTI
INDIKATOR
MATERI
INDIKATOR SOAL
NO.
SOAL
1
Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian tampak mata.
Mengidentifikasi struktur teks laporan hasil observasi.
teks laporan
siswa menjelaskan bagian-bagian laporan
1,2
Menganalisis struktur teks laporan hasil observasi
teks laporan
disediakan teks siswa menganalisis
3,34,35
Mengidentifikasi ciri bahasa teks laporan hasil observasi.
teks laporan
disediakan teks siswa mengidentifikasi ciri bahasa laporan
4,25
Menjelaskan isi teks laporan hasil observasi
teks laporan
disediakan teks siswa menjelaskan isi teks laporan
5,6
Menjelaskan struktur teks pidato.
pidato
siswa menjelaskan bagian-bagian pidato
7,31,32,33
Menjelaskan kaidah penulisan teks pidato.
pidato
siswa menjelaskan hal-halyang perlu diperhatikan saat  pidato
8,9,23,24, 26-30,44
Menjelaskan kaidah penulisan teks pewara.
pewara
siswa menjelaskan hal-halyang perlu diperhatikan saat jadi panatacara
10,21,22,42,43
Menjelaskan pengertian drama dan bagian-bagiannya
drama tradisional
Siswa menjelaskan pengertian drama dan bagian-bagiannya
11-15, 37-40, 46-50
Menjelaskan struktur teks drama tradisional
drama tradisional
disediakan teks siswa memahai isi
16-19,36
Menjelaskan pesan moral drama tradisional
drama tradisional
disediakan teks siswa mengambil amanatnya
20
2
 Mengolah,  menyaji, dan menalar dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori
Membuat kerangka teks laporan hasil observasi.
teks laporan
siswa membuat kerangka laporan
41




Menulis kerangka acara.
pewara
siswa membuat susunan acara
45

SOAL UTS SMT 5 BAHASA JAWA

ULANGAN TENGAH SEMESTER 5



I.                   Pilihen salah sawijining wangsulan kang kokanggep paling bener !
           
1.       Cengkorongane laporan sing ganep yaiku…
a.       atur sapala, pambuka, isi, panutup                  c.pambuka, isi                                    
b.      pambuka, isi, panutup                                     d. isi, panutup
2.      Yen laporan wis diringkes dadi teks, kaya warta ing koran, cengkorongane dumadi saka...
a.       atur sapala, pambuka, isi, panutup                  c.pambuka, isi                                    
b.      pambuka, isi, panutup                                     d. isi, panutup

Wis tau krungu tembung gurun? Wis tau weruh gambare, filme utawa malah tau ngrasakake dhewe liwat gurun? Segara wedhi kang jembar tanpa ana wit-witan, tanpa ana padunungan. Ing kana ora ana sawijining barang kang luwih diajeni kajaba : banyu.
Yen kita nonton film ngenani panguripan ing gurun, kita lagi sadhar yen banyu sing ing kene dianggep murah banget, jebul ing kana dadi barang kang larang banget. Geneya larang? Awit banyu minangka barang kang dibutuhake sadhengah makhluk urip. Sakabehing tetuwuhan, sato kewan lan manungsa bisa tetep urip karana ana banyu. Tetuwuhan butuh banyu kanggo njupuk nutrisi saka jroning lemah, dene kewan lan manungsa butuh banyu utamane kanggo ngombe.
3.      Paragraf  ing dhuwur iku minangka bageyane :
a.       atur sapala                                                       c. isi
b.      pambuka                                                          d. panutup
4.      Yen disetitekne, basa kang digunakake ing laporan duwe ciri…
a.       endah,  akeh pepindhan                                  c. lugas, jelas
b.      baku , katon  kaku                                           d. angel dipahami

Satemene jumlah banyu ing bumi iki tetep. Dening Gusti Allah wis diputer saka lumahing segara nganti tekan pucuking gunung. Supaya bisa warata dum-dumane kanggo makhluke sing manggon ing gunung nganti tekan pesisir. Siklus banyu iki yen diwiwiti saka segara gambarane mangkene : banyu kena panas banjur nguap mumbul menyang atmosfir, digawa angin nganti tekan angkasa lan pucuking gunung. Yen wis jenuh, uap mau bakal ngempel dadi tetes banyu, embun, es utawa salju banjur ceblok dadi udan. Banyu udan banjur mili menyang papan kang luwih endhek, sebagean ngresep liwat pori-porine lemah nganti tekan lapisan sing padhet sing ora bisa ditembus maneh ( ya iki sing dadi sumber utawa cadhangan banyu ). Sebagean maneh ana sing mandheg ana ing cluwekan dadi blumbang utawa tlaga.

5.      Paragraf  iki  isine bab… .
a.       pentinge banyu                                                c. wujude banyu
b.      dum-duman banyu                                          d. sikluse banyu

6.      Banyu ceblok saka angkasa awujud … .
a.                   tetes-tetes banyu                                             c. banyu lan es
b.      embun  lan salju                                               d. tetes banyu, embun, salju lan es
7.      Yen digatekake, pidato iku mesthi dumadi saka…
a.       pambuka, isi, panutup                                     c. pambuka lan isi
b.      pambuka lan panutup                                      d. isi lan panutup
8.      Ciri kang katon banget  ing pidato yaiku  saben jeda, diselani nganggo :
a. dalil-dalil                                                           c. ukara pitakon
b. ukara panyapa                                                   d. ukara prentah
9.      Sadurunge nindakake pidato, kita perlu nyawisake konsep. Nyusun naskah pidato ora beda karo nulis karangan liyane. Sadurunge nyusun naskah pidato ana sawetara bab kang perlu dimangerteni yaiku:
a. kanggo acara apa                                              
b. Sapa wae kang bakal mirengake                      
c. Ing ngendi bakal dipidatokake
d. kanggo acara apa, Sapa wae kang bakal mirengake, Ing ngendi bakal dipidatokake

10.  Sadurunge nindakake dadi panatacara/ MC, kudu dirancang dhisik susunan  acarane.Dene susunan saben acara iku :
a. mesthi padha  persis                                         c. dicocogake karo acarane
b. ora padha blas                                                  d. diturunane acara sadurunge

II. Bener apa salah pranyatan-pranyatan ing ngisor iki!

11.  Panatacara kudu menganggo ageman sing pantes lan sopan.
12.  Acara pengajian lan yasinan, pantese diselingi lagu  koplo ‘kanggo rika’           
13.  “Rayi-rayi  ingkang kula tresnani”. Iki conto ukara panyapa pidato perpisahan kelas 9 marang kelas 8 lan 7.
14.  Teori ‘Big Bang’ lan teori ‘Evolusi’ cocog banget dadi temane pidato kanggo ibu-ibu PKK lan arisan ing desa-desa.
15.  Teks Laporan  lan teks pidato, padha-padha dumadi saka pambuka, isi, lan panutup.


III. Pilihen aksarane wae wangsulan/ isian sing cocog kang sumadia ing ngisore!

16.   Assalamualaikum wr. wb. Mitra-mitraku kang sun tresnani,
Ukara mangkene iki kalebu…
17.  Para kadang kang daktresnani,Ing wektu-wektu kita mengeti kamardikan kaya saiki iki, perlu dibukak maneh memori kita, yen kamardikan kita iku dudu bebungah saka wong liya, ora kaya unen-unen thenguk-thenguk nemu gethuk, nanging kamardikan kang kita mung kari ngrasakake enake iki ditebus kanthi ewon jiwa ,banjir getih, lan bandha donya kang tanpa wilangan.
Ukara mangkene iki kalebu…
18.  Sedulur-sedulurku,Swasana pengetan proklamasi kaya dina iki mujudake saat kang tepat kanggo  ’mensyukuri’ nikmate urip mardika. Kanikmatan iki wajib kita jaga supaya ora ilang. Kepriye carane njaga? Kanthi sinau kang mempeng supaya pinter. Awit anane bangsa kita biyen dijajah dening bangsa liya ya merga saking bodhone awake dhewe.
Ukara mangkene iki kalebu…

19.  Banyu ngresep menyang lemah kuwi butuh wektu. Saya alon lakune/ iline, saya akeh banyu kang ngresep. Apa maneh yen mandheg, saya akeh maneh banyu kang bisa disimpen ing jerone lemah minangka sumber utawa tandhon.Miturut para pakar lingkungan , mung wit-witan gedhe kang bisa ngurangi santere iline banyu udan. Mula para pakar mau padha nganjurake supaya wit-witan gedhe ing alas aja ditebangi.
Ukara mangkene iki kalebu…

20.  Puji syukur dhumateng Gusti ingkang sampun paring kasaran, sarta panuntun saengga kula saged ngrampungaken laporan menika......
Ukara mangkene iki kalebu…



Pilihan wangsulan:

a.
laporan bageyan isi
f.
pidato bageyan  isi
b.
laporan bageyan pambuka
g.
laporan bageyan atur sapala
c.
laporan bageyan panutup
h.
pidato bageyan  panutup
d.
pidato bageyan pambuka
i.
pidato bageyan salam pambuka
e.
isine acara
j.
panutuping acara


IV. Wangsulana kanthi jlentreh! 
                                                                
21.   Sebutna cengkorongane laporan sing jangkep!               

22.  Supaya patut, apa wae sing kudu digatekake sawijining panatacara/ MC?

23.  Apa gunane  rantaman/susunan acara kanggone panatacara?

24.  Apa wae kang perlu digatekake nalika pas nindakake pidato?


25.  Nggawea conto susunan acara tanggap warsa/ ambal warsa/ ulang tahune sekolah.