BANYU , ELEMEN VITAL KANGGO URIP
(Narto
Guan : 2010)
Wis tau krungu tembung gurun? Wis
tau weruh gambare, filme utawa malah tau ngrasakake dhewe liwat gurun? Segara
wedhi kang jembar tanpa ana wit-witan, tanpa ana padunungan. Ing kana ora ana
sawijining barang kang luwih diajeni kajaba : banyu.
Yen kita nonton film ngenani
panguripan ing gurun, kita lagi sadhar yen banyu sing ing kene dianggep murah
banget, jebul ing kana dadi barang kang larang banget. Geneya larang? Awit
banyu minangka barang kang dibutuhake sadhengah makhluk urip. Sakabehing
tetuwuhan, sato kewan lan manungsa bisa tetep urip karana ana banyu. Tetuwuhan
butuh banyu kanggo njupuk nutrisi saka jroning lemah, dene kewan lan manungsa
butuh banyu utamane kanggo ngombe.
Tetuwuhan kang bisa urip ing
gurun mesthi wis ngalami proses adaptasi ewon taun. Kaktus contone, wis ngganti
godhonge dadi nglinthing kaya eri supaya penguapane ora boros. Tengahe wit isi
spons sing bisa nyimpen banyu kanthi jumlah kang akeh, kang diserot nalika udan
nelesi gurun sing suwene ora luwih saka seminggu sajrone setaun. Semono uga
tanduran semak. Kodanan sepisan winih-winihe terus thukul, seminggu wis
ngembang banjur seminggu maneh wis akeh sing mati kanthi ninggal wiji kanggo
generasi teruse.
Semono uga kewan-kewan sing
bisa urip ing gurun mung sing wis adaptasi ewon taun. Unta umpamane, yen ngombe
sepisan wae bisa entek sakgenthong gedhe, disimpen ing wetenge kanggo sangu ing
dalan-dalan sing durung mesthi ana oasene.
Dene kewan-kewan cilik goleke pangan akeh-akehe ing wayah bengi kareben ora
mati ngelak merga kepanasen.
Banyu pancen minangka elemen
kang vital kanggo kelangsungan uripe makhluk. Miturut panalitene para ahli,
manungsa bisa urip tanpa mangan nganti suwene patangpuluh dina. Nanging
manungsa bisa urip suwene mung seminggu yen kekurangan banyu. Dene sing paling
nyepetake mati yen manungsa ora nyerot oksigen suwene sakjam. Senajan minangka
penyebab sing paling cepet, oksigen ana ing endi-endi ing salumahing bumi.
Gratis pisan, mula ora tau ( diwaca
: perlu) dadi masalah.
Banjur apa gunane kita
nguwatirake banyu, sing ana ing kene turah-turah? Kanggo antisipasi. Sebab ing
dhaerah liya sing mbiyene sugih sumber banyu bening, sethithik mbaka sethithik
dadi dhaerah banjir ing mangsa rendheng lan kasatan ing mangsa ketiga.
Kutha-kutha gedhe wiwit kangelan golek sumber sing laik konsumsi. Banyu kali
saya dhuwur tingkat pencemarane dene banyu lemah saya jero sumbere.
![Description: images[3]](file:///C:/DOCUME~1/Owner/LOCALS~1/Temp/msohtmlclip1/01/clip_image003.jpg)
Banyu ngresep menyang lemah kuwi butuh
wektu. Saya alon lakune/ iline, saya akeh banyu kang ngresep. Apa maneh
yen mandheg, saya akeh maneh banyu kang bisa disimpen ing jerone lemah minangka
sumber utawa tandhon.Miturut para pakar lingkungan , mung wit-witan gedhe kang
bisa ngurangi santere iline banyu udan. Mula para pakar mau padha nganjurake
supaya wit-witan gedhe ing alas aja ditebangi.
Kang dumadi saiki malah kosok baline.
Banyu udan miline cepet banget malah kepara dadi banjir. Otomatis ngresepe
menyang lemah saya sethithik. Apamaneh yen lemahe ditutupi aspal, plester,
jobin, paving , cor-coran lan gedhung-gedhung. Ateges saya sethithik maneh
jumlah banyu kang bisa ngresep menyang lemah.
Bareng ngalami kedadeyan kang kaya
mangkene , pakar-pakar lingkungan banjur ngulir budi supaya banyu bisa saya
akeh ngresep menyang lemah kanthi ada –ada gawe biopori ing pekarangan sakiwa
tengene omah. Bolongan cilik iki tujuane
kanggo ‘njebak’ banyu ben ngresep menyang njero lemah. Tujuan akhire supaya
tandhon banyu bisa luwih akeh saengga kebutuhan banyu ngombe sing higienis bisa
kacukupan.
Resepan uga bisa digawe luwih gedhe ing
sandhinge tanduran gedhe utawa ing cedhak sumur kira-kira 7 nganti 10 meter
jarake kareben resepane bisa disaring lemah. Apa kaya mangkene iki ora patut
kita conto?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar