
A. Nggawe cengkorongan laporan.
Yen
kowe lelungan , kowe bisa nulis pengalamanmu sakarepmu dhewe. Nanging yen lagi
study tour lan diutus gawe laporan ( paper ) mesthi kudu runtut utawa
sistematis karangane. Kanggo keperluan iki cengkorongan ( kerangka ) karangan
kudu digawe dhisik supaya apa kang bakal koklaporake bisa apik.
Cengkorongan
bisa akeh utawa sethithik gumantung marang akeh sithike obyek kang arep
dilaporake.
Ing
ngisor iki tuladha cengkorongan kanggo laporan study Tour menyang Bali .
Ing ngisor iki tuladha cengkorongan kanggo laporan study tour
menyang Bali.
1.
Atur Sapala : Isine atur
syukur marang Gusti Allah, panuwun marang sapa wae kang wis paring bebantu, lan
tujuan penulisane laporan
2.
Bebuka :
Isine alesan dienekake tour ( guna
paedahe ), obyek-obyek kang bakal dituju
3.
Laporan Study Tour : Diskripsi
/ gambaran obyektif ngenani obyek wisata, bisa ditambahi opini utawa kesan kang
muncul nalika kowe lagi nikmati obyek mau
a.
Pantai Kuta : Kahanane Pantai
Kuta, sapa wae kang teka ing kana, apa kaluwihane yen katandhingake karo pantai
liyane, souvenir apa sing khas ing kana
b. Pasar Sukawati :
Kapan
bukak lan tutupe, apa wae sing didol ing kana
c. Bedugul :
Kepriye hawane , kaya apa kaendahane
d. Garuda Wisnu Kencana :
Ana dhaerah sing kepriye
manggone,apa sing bisa dideleng , geneya diarani kaya mangkono lsp.
e.
Tanah Lot : Apa obyek
utamane ing pantai iki, yen ana critakna upacara kang lagi kedadeyan ing kana.
4. Panutup : Isi pengarep-arep , panyuwun arupa saran lan kritikan
B. Ngembangake cengkorongan dadi karangan
Cengkorongan
ing dhuwur mau yen didadekake karangan bisa kaya ing ngisor iki
( ora ditulis lengkap, kerowan ).
( ora ditulis lengkap, kerowan ).
ATUR SAPALA
Puji syukur marang
Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi kang wis paring kuwarasan saengga tugas gawe
laporan iki bisa dakrampungake. Kanthi rahmat-E uga sakabehing pepalang bisa
dakliwati. Muga kanthi izin-E laporan iki bisaa migunani tumrap kita kabeh.
Panuwun uga dakaturake marang Panjenengane
Drs. Jumadi , Kepala SMPN………
Lan
sateruse.
Tanggal,
Penulis
UTAWA :
ATUR
SAPALA
Puji
syukur marang Gusti Allah kang murbeng dumadi kang wis paring kuwarasan saengga
tugas gawe laporan iki bisa dakrampungake. Kanthi rahmatE uga sakabehing
pepalang bisa dakliwati. Muga kanthi izinE laporan iki bisaa migunani tumrap
kita kabeh.
Panuwun
uga dakaturake marang :
1.
Panjenengane Drs. Jumadi , Kepala SMPN………
2.
Wali Kelas 8 A Bapak Drs. ………..
3.
Ibu Dra……… , Pembina paper SMPN ….
Lan
sateruse.
Tanggal,
Penulis
PAMBUKA
Study
Tour iku minangka kegiatan kang sejene aweh rekreasi uga aweh tambahan kawruh
ing babagan apa wae marang para siswa kang melu. Yen sing dituju papan
bersejarah bisa nambah kawruh marang apa sing wis tau disinau nalika ana ing
kelas, uga nambah apresiasi kita marang barang peninggalan sejarah. Yen sing
dituju sawijining industri kita bisa tambah kawruh bab produksi , pemasaran lan
liku-likune dunia usaha. Yen sing dituju papan rekreasi kita bisa nikmati
kaendahane. Kabeh mau penting kanggone siswa supaya pikirane bisa dadi fresh
sawise saben dina nggethu ana ing sekolah sejene kuwi uga bisa mbukak wawasane
siswa sarta kesadharane marang obyek kang dituju saengga bisa nuwuhake sikap
melu andarbeni lan melu angrungkebi tegese rumangsa melu duwe saengga rumangsa
duwe kuwajiban njaga aja nganti rusak utawa dirusak dening oknum-oknum sing ora
tanggungjawab ( basa klisene).
Study
Tour Kang dienekake SMPN………..tahun iki bakal marani pirang-pirang obyek ing Bali sing kondhang minangka Pulo Dewata,
merga akeh Dewane ing kana, yaiku : Pantai Kuta, lan sateruse…..
Cengkorongan ing dhuwur
mau yen didadekake karangan bisa kaya ing ngisor iki ( ora ditulis lengkap,
kerowan ).
LAPORAN STUDY TOUR
a. PANTAI KUTA
Pantai Kuta minangka obyek wisata sing
paling kondhang ing pulo Bali. Ora mung para turis lokal utawa wisdom (
wisatawan domestik ) nanging uga para turis manca ( wisman ) lan aja lali
pantai iki uga narik atine para ‘TERORIS’.
Pantai
Kuta manggon ing sisih kulon lore Denpasar, pasire putih rada coklat papane
cedhak banget karo dalan aspal , kendharaan bisa ngudhunake penumpang ing
pinggire pantai.
Ing
kene kita bisa nikmati kaendahane ombak kang gedhe-gedhe kang bisa kanggo
surfing. Yen kita bisa , sewan papan surfing uga wis sumadya. Utawa yen kita
pengin nanging ora bisa , ‘anak pantai ‘ bisa ngancani kanthi opah kang ora
murah.
Bakul
panganan, sovenir lan tukang pijet uga ana ing pantai iki. Bule-bule lan bule
ireng uga bisa koktemoni ing kene, kena kanggo njajal basa Inggrismu. Kanggone
para bule sing paling menarik ing pantai iki yaiku “sunset” alias srengenge
angslup lan ‘dugem”-e.
(Terusna
dhewe…)
b. PASAR SUKAWATI
Pasar
Sukawati diarani pasar seni awit ing kene produk-produk kesenian lan kerajinan
didol. Sawernane busana , ana sing adat ana sing modern
kabeh sumadiya. Lukisan saka
kertas, kain lan kayu uga ana ing kene .
Reca watu, lilin, kayu lan fiberglas uga ana. Sing
pinter nganyang bakal oleh kemareman.
Pasar iki wiwit
rame jam sanga esuk. Sadurung dhasar, para bakule sing ngrasuk agama Hindhu,
padha ngutugi dhisik dagangane nganggo dupa lan beras kuning.
Lan sateruse……
c. BEDUGUL
Bedugul iku
sawijining papan ing pagunungan sisih lor pulo Bali . Hawane adhem merga
dhataran tinggi, ana telagane sing banyune katon anteng. Swasanane tenang cocog
kanggo papan lerem, mula ora aneh yen pura-pura padha dibangun ing kene.
Lan sateruse….
d. GARUDA WISNU KENCANA
Manggone
ing pagunungan kapur eksotik banget. Wujude gunung kapur kang digraji dadi
kothak-kothak saemper gedhung utawa
benteng kang sela-selane ditegel , bisa kanggo liwat bis jejer papat.
Sing jirih bakal rumangsa wedi ing kene merga kaya-kaya lagi dhelikan ing
benteng-benteng kuno.
Diarani
Garuda Wisnu Kencana merga ing kana dibangunake monumen awujud Wisnu ( raja
Erlangga ) lagi nitih garuda kang
gedhene sakdhuwure wit klapa . Nganti
saiki durung rampung panggarape .
Monumen iku bakale minangka background-e pentas terbuka ing kana.
( Mranaa dhewe ben bisa crita …)
e. TANAH LOT
Tanah Lot kuwi tanah kang misah saka
pantai saemper Bale Kambange Jawa Timur ing Malang. Ing kana ana purane. Yen
lagi ana upacara adat lan segarane lagi pasang naik bisane tumuju mrana mung
liwat jembatan cilik ( saiki wis dibangunake jembatan sing
gedhe ) nanging yen segarane lagi pasang surut wong-wong sing arep sembahyang bisa liwat dhasare segara sing arupa lemah padhas lan karang.
gedhe ) nanging yen segarane lagi pasang surut wong-wong sing arep sembahyang bisa liwat dhasare segara sing arupa lemah padhas lan karang.
Ombak
ing Tanah Lot gedhe banget , ora kena kanggo surfing apa maneh kanggo langen,
mbebayani, merga posisine ing kidul ngadhep laut lepas.
Lan
sateruse
4. PANUTUP
Daksadhari
tulisan iki isih adoh banget saka sampurna , nanging aku isih duwe
pengarep-arep tulisan iki bisaa kanggo nambah kawruh tumrap kanca-kancaku lan adhi-adhiku mbesuk. Merga
durung sampurna , panyaruwe lan saran-saran kang konstruktif banget
dakantu-antu saka sapa bae .
Lan
sateruse.
CONTO LIYANE: YOGYAKARTA
1.
2.
3.
4
|
a. Pantai Parangtritis
b. Kraton Yogyakarta
c. Museum Dirgantara
d. Monjali
e.
f.
g. Malioboro
Panutup
|
Ing endi lokasine, piye kahanane
Pantai Parangtritis, sarana apa wae sing ana ing kana, sapa wae kang teka ing
kana, apa kaluwihane yen katandhingake karo pantai liyane,souvenir apa sing
khas ing kana
Lokasine ing endi, kepriye
sejarahe, sapa ratune lan piye silsilahe, apa wae bangsal-bangsal sing ana
lan apa gunane , apa wae ritual khase, apa oleh-oleh sing narik ati
Ing endi lokasine, kapan madege , pesawat
apa wae sing
Lokasine ing endi, kepriye
sejarahe critakna kanthi ringkes baline Yogya marang RI
Ana dhaerah sing kepriye
manggone,apa sing bisa dideleng , geneya diarani kaya mangkono lsp.
Apa kuwi
Kepriye kaendahane ing wayah
wengi, oleh-oleh apa sing khas lsp.
Isi pengarep-arep , panyuwun arupa
saran lan kritikan
|
Isih
akeh obyek wisata kang bisa kokcritakake gumantung marang paket tourmu umpamane
Kaliurang utawa Kutha Gedhe papane kerajinan perak, Kasongan pusat kerajinan
keramik; Sanggar Tari Bagong Kusudiharjo , Guwa Selarong, Gallery Bathik Amri
Yahya, lsp.
LAPORAN
STUDY TOUR
A. PARANGTRITIS
Parangtritis minangka
papan jujugan yen ana bocah-bocah sekolah lagi tour menyang Jogya, awit ing
pantai iki sumadia pirang-pirang jedhing kanggo adus. Cocog kanggone turis
domestik sing ora perlu nginep, mung perlu reresik awak sawise sawengi
perjalanan .
Pantai iki manggone
ana ing pesisir kidul provinsi Jogyakarta, ing Kabupaten Bantul. Pasire ora
putih, nanging cukup resik awit pantai iki minangka asete Kabupaten Bantul kang
akeh nekakake rupiyah mula kudu diopeni temenan.
Minangka pantai ing
sisih kidul ngadhep Samudra Hindia, kaya dene pantai-pantai liya ing sisih
kidule Pulo Jawa , ombake gedhe banget. Mula ing kene ora diparengake adus
utawa langen ing pantai, mbebayani .
Bisa kesempyok ombak lan kerut mlebu segara. Kita cukup nikmati playune ombak
kang susul-sumusul ora ana enteke. Saya awan saya gedhe ombake. Banyune bisa
tekan pinggir, tekan cakruke bakul kopi lan jajan. Bakul kopi iki dodole mung
ing wayah bengi, nyediyani pengunjung sing dolan kanggo nikmati swasana
romantise wengi, karo nyawang lintang-lintang kang abyor ing langit. Apa ora
wedi ombak? Ora .Merga yen bengi kuwi ombake cilik .Ing wektu bengi dumadi
angin dharat . Iya ,ta?
Kanggo pengunjung
sing pengin mecaki dawane pantai, para penjual jasa nyiapake jaran utawa dhokar
kang kena disewa. Saubengan Rp.10.000.
Yen emoh ya dolanan bal-balan wae karo kancane , asyik banget. Utawa
gojegan wae karo ombak. Yen ombake teka, kita mlayu ngedoh. Yen ombake mbalik
kita nyedhak.
Yen wis kesel kita
bisa golek mangan ing sakitere pantai. Nanging yen rombongan tour umume mangane
wis disediyani panitia, utawa diborongake ing restoran. Kita kari golek
oleh-oleh arupa panganan geplak . Panganan kang digawe saka klapa dicampur gula
pasir, kaya kembang gula nanging geplak klapane dijur.
B. KRATON YOGJAKARTA
Jogya minangka dhaerah otonomi. Sing nyebabake yaiku
anane kraton kang isih dilestarekake dening pamarentah Indonesia . Dadi Jogya kayadene
negara cilik ing jerone negara Indonesia. Duwe raja kang diarani sultan dening masyarakat Jogya. Sing dadi sultan
saiki Hamengku Buwana X.
Sing dadi obyek wisata ing kene yaiku kratone ( istanane
). Kita bisa ngenali apa wae sing ana njerone kraton. Kaya umume, kraton Jogya
duweni ruangan-ruangan kang dijenegi dhewe-dhewe miturut fungsine. Kanggo nampa
tamu, kanggo para pangeran, kanggo nyimpen gamelan, pusaka, museum digawekake
bangsal dhewe-dhewe.
Ing kene sumadia buku sejarah kasultanan Jogya lengkap
karo denah kratone. Bisa kanggo referensi yen nyusun laporan. Ora perlu repot
nyathet penjelasane guide , kari ngapresiasi kaendahane bangunan lan mejeng
neng foto.
Sakngarepe kraton ana alun-alun kanggo maneka warna
kegiyatan. Ing Pinggire para bakul klambi lan souvenir jejer –jejer ngenteni
tekamu. Uga bakul-bakul jajanan lan tukang becak kang ora bosen-bosen nawakake
kasaguhane ngeterake pengunjung blanja bakpia ( panganan saka kacang ijo kang
dibuntel tepung kaya dene roti ).
C. MUSEUM DIRGANTARA
Manggon ing
sacedhake lapangan udara Adi Sucipta, museum iki dibangun. Minangka papan
kanggo nyimpen pesawat-pesawat duweke TNI kang wis tuwa umure . Wis akeh banget koleksine . Catheten lan
fotonen jinis-jinise yen lagi dolan mrene, awit buku ngenani museum iki durung
ana.
Pesawat sing ana
kene umume pesawat perang sing wis
ora kanggo, dadi aja takon endi boeing 747 , pesawat siluman sing canggih utawa
pesawat penumpang air bus.
Senajan cilik
lokasine, museum iki uga nyediani warung kanggo leren mangan para pengunjung.
Masakane luwih mirasa dibandhing yen ana Parangtritis lan kraton, jare
wong-wong sing tau mrene.
D. Monumen Jogja Kembali (
Monjali)
Bangunane digawe
bentuk tumpeng ( kerucut ) . Isi diorama kang nggambarake proses baline Jogja
marang republik Indonesia .
Awit biyen Indonesia
tau ngalami peristiwa terpecah belah sawise mardika. Sebageyan dadi wilayahe RI
sebageyan dadi wilayahe Walanda. ( Macaa sejarah RI )
Saiki monjali arang
dikunjungi turis, mbuh merga apa. Mbomenawa wong saiki luwih seneng rekreasi
thok, tanpa perlu sinau sejarah. Wallahu alam.
Borobudur kuwi manggon ing Magelang, dadi
Candhi budha iki
kalebu gedhe, mula ora gumun yen ketenarane nganti tekan luwar negri. Turis
manca sing menyang Jawa mesthi ora nglalekake mampir candhi iki. Ngunggahi
tlundhakane nganti tekan stupa utama ing puncake.
Kanggone wong
awam, bentuke candhi wae
Buku referensi
ing kene akeh jinise, kari milih. Semono uga souvenir arupa pakaian lan
kerajinan tangan.
|
F. KETEP
PASS
Satemene papan iki minangka papan pemantauan aktivitase Gunung
Merapi . Merga papane asri lan hawane adhem malih akeh wong kang kepengin
mrene . Akhire mesisan dibangunake papan parkir, ruang sinema restoran lan
toilet kanggo keperluan wisata. Dadi akhire dibukak kanggo umum lan nyatane
pengunjunge ajeg akeh yen dina libur.
Ing kekne kita
bisa nyewa keker kanggo nginceng pucake Merapi kanthi nglebokake koin telung
menitan. Yen
Ing ruang sinema
disediyani film dokumenter mbledhose Merapi taun 76 sing niwasake ewon warga
desa sacedhake. Dudu lahare sing dadi penyebab utamane nanging ‘wedhus
gembel’ ( sebutan kanggo uap panas sing ditimbulake lahar sing ndledek mudhun
banjur katiyup angin ngliwati desa-desa ).
|
|
G. MALIOBORO
Iki jenenge dalan
ing kutha Jogya. Dadi papan tujuan akhir sadurunge bali mulih menyang Jawa
Timur.
Dalan iki kondhang
merga warung lesehane lan pedagang kaki limane sing ngebaki trotoar sadawane
dalan. Yen arep tuku pakaian utawa kerajinan tangan , ing kene akeh banget
pilihane. Nanging ngati-ati! Papan rame akeh copete!
TUGAS
Nggawea cengkorongane laporan kegiatan tourmu kanthi tujuan salah
siji ing ngisor iki :
1.
2.
Jatim Park II
3.
4.
5.
6.
Pantai Popoh
7.
Bale Kambang
8.
Pantai Prigi
9.
Makam Sunan Giri
10.
Gunung Klothok
|
|
Gunung
Klothok
Tidak ada komentar:
Posting Komentar