Minggu, 14 Juni 2015

CERITA CEKAK : REBUTAN DHUWIT

Cerkak

        Crita cekak yakuwi crita kang cendhak , kang cukup diwaca saklungguhan ( kira-kira 10 menit nganti setengah jam ) wis rampung. Umume sing dicritakake uripe wong –wong jaman saiki ( yen critane wong jaman biyen biasa disebut dongeng , babad , sejarah).
        Sadurunge cerkak muncul , wis ana roman lan novel. Roman kuwi sawijining crita kang dawa banget, yen diwaca nganti entek mbutuhake wektu pirang-pirang minggu. Novel, luwih cendhak tinimbang roman nanging isih tetep dawa , butuh wektu kira-kira seminggunan kanggo ngentekake anggone maca.
            Ing jaman saiki roman wis ora ana, sing isih ana yakuwi novel. Biasane novel dicetak dadi sakbuku kandel. Crita novel sing ngetop kerep diangkat dadi skenario film . Contone crita Kampus Biru, Harry Potter, Little House on The Praire, Kabut Sutra Ungu, lan liya-liyane.
            Senajan novel kuwi critane narik ati, nanging merga dawa akeh wong sing emoh merga ora duwe wektu kang cukup. Kanggo nanggulangi bab iki pengarang banjur ngripta cerkak, kang bisa diwaca saklungguhan wae. Dadi sing maca ora nganti penasaran yen ora duwe wektu  nganti pirang-pirang dina, cukup 10 menit nganti setengah jam wae. Merga pancen cekak, mula cerkak isine digawe menarik , ora ana bageane crita sing diulur-ulur, dijupuk intine wae yen perlu diwenehi ending sing kebak surprise.
            Ing cerkak ana istilah paraga, maksude tokoh utawa wong sing dicritakake. Ana paraga utama yaiku wong sing dadi punjere crita; bisa siji, loro , telu lan sateruse. Saliyane kuwi ana paraga pembantu ; yaiku wong-wong saliyane paraga utama sing dicritakake ing cerkak.
            Senajan ora disebutake kanthi gamblang , cerkak uga nggambarake kapan lan ing endi dumadine crita mau. Ing sastra diarani setting utawa latar. Setting bisa dideleng saka andharan sing ana ing cerkak. Upamane settinge ing omah wektune bengi swasanane sepi; ing kutha kang rame banget wektu bedhug awan; ing jaman perjuangan kemerdekaan wektu agresi I, ing
jaman reformasi  lsp.
            Kanggo keperluan apresiasi sing maca kudu bisa gawe ringkesane crita kanggo nuduhake yen apresiator wis maca nganti tuntas critane. Dadi apa kang bakal dadi analisane bisa dipertanggungjawabkan.
            Sawise ngapresiasi biasane apressiator banjur njupuk amanat ,piwulang utawa piwelinge pengarang kang diliwatake crita kanthi gamblang utawa kanthi sasmita. Umume amanat, piwulang utawa piweling diwedharake kanthi sasmita( tersirat), tegese ora disebutake kanthi ukara kang cetha nanging mung nganggo perlambang-perlambang, sindhiran-sindhiran utawa rerangkene crita lan lumakune nasibe para paraga kang kesimpulane kudu digoleki dhewe dening sing maca.



Ing ngisor iki tuladhane cerkak, wacanen !


REBUTAN DHUWIT WOLUNG DIRHAM
Dening : Mas Angin N Hidayat ( PS: 43:1996)


Nalika semana ana musafir loro kang aran Abu lan Harun lagi laku dedagangan bebarengan. Pancen Abu lan Harun kuwi wiwit cilik wis dadi kanca raket, mula senajan wong loro mau madeg ddadi pedagang kabeh ora nate kongkiren yen ana salah siji ing antarane dheweke lagi kelarisan.
Abu lan Harun karo isih tetep omong-omongan lan nuntun untane mlaku alon-alon ana ing sandhuwuring segara wedhi. Panase srengenge kaya arep mlethekake sirah.
“Panase jian ora mekakat tenan iki, Bu! Ayo dha ngaso na ngisor wit kurma ngarep kae wae!” pangajake Harun. Abu mung manthuk karo mesem amarga dheweke duwe panemu kang padha karo Harun.
“ Sawise ngaso wetengku dadi luwe banget! Mangan sisan wae ,Run!” kandhane Abu.
“Mathuk,Bu. Aku ya wis kaliren je.wetengku wis kluruk njaluk diisi!”
Nanging nalika Abu lan Harun lagi wae arep miwiti mbukak bontotane, dada kana musafir siji maneh kang teka lan melu ngaso bareng Abu lan Harun. Abu lan Harun mbales salam kang diucapake musafir lkang lagi teka mau.
“Beja banget panjenengan ,Kisanak!Kula lan kanca kula menikanembe mawon badhe ngarahapi bontotan. Mangga sesarengan ndherek ngrahapi bontotan menika,” pangajake abu.
“nanging kula mboten mbeta bontotan niku amergi kula nginten menawi mangke saged ngaso wonten satunggaling dhusun. Pranyata malah kula boten kiyat panasiun surya saengga kedah ndherek ngaso panjenengan kekalin menika,” kandhane musafir mau.
“empun, ta. Panjenengan boten sisah ewuh pakewuh! Mangga sesarengan ngrahapi bontotan menika. Kula mbeta roti gangsal lan kanca kula menika mbeta roti tiga.Kula kinten roti wolu menika cekap kangge ganjel ngelih tiyang tiga,” kandhane Harun.
Amerga tansah dipeksa lan uga dhasare pancen wetenge ya luwe, mula musafir mau gelem melu mangan bontotanne Abu lan Harun nganti entek. Sawise bubar mangan musafir mau tata-tata arep nerusake laku.
‘Nyuwunsewu Kisanak kekalih. Kula radi kesesa. Mila kangge ijolipun dhedharan kala wau, mangga kula aturi nampi arta wolung dirham menika, kandhane musafir iku karo banjur ninggal Abu lan Harun. Abu lan Harun nguntabake lungane musafir mau. Sawise musafir mau wis ora katon maneh wong loro banjur rembugan maneh.
“Bu, dhuwit pawewehe mussafir mau wolung dirham. Amerga aku nggawa roti lima lank owe telu, mula kowe antuk bageyan telung dirham, dene sing limang dirham bageyanku,” kandhane Harun.
“ya ora isa! Pokoke ya didum loro, separo edhang. Aku patang dirham lank owe patang dirham!” abu mbrengkel.
Wong loro padha ora ana sing gelem ngalah. Kabeh ngukuhi benere dhewe-dhewe. Amerga ora bisa mutusi dhewe, wong loro mau banjur njaluk bantuwane sawijining pawongan kang wicaksana kang ditemoni ing sawijining kutha. Asmane pawongan mau Ali bin Abi Tholib.
Wis, Abu! Trimanen wae pambagine kancamu si Harun iku!” pangatage Ali bin Abi Tholib sawise rampung ngrungokake crita saka Harun.
Boten saged, Imam Ali! Kula pengin dum-duman ingkang adil!” eyele Abu
“Yen kowe pengin dum-duman sing adil, kowe mung bakal nrima sakdirham ,lho!” Abu kaget krungu kandhane Imam Ali bin Abi Tholib.
“ Kados pundi jlentrehipun Imam, kok kula malah badhe nampi dum-duman ingkang adil naming sakdirham, kamangka kula pengin dum-duman inkgang adil menika arta wolung dirham dipunparo dados sekawan dirham edhang!’ kandhane Abu.
“Ngene ya Abu lan Harun. Sapa ta sing mangan roti paling akeh wektu iku ?” Abu lan Harun gedheg.
“Kula boten ngertos!” Wangsulane bebarengan.
“Saiki ngene anggepen kowe sakloron lan musafir kae mangan roti padha akehe. Yen saben sakroti kuwi dipara dadi telu, mula sing nggawa roti limadadi limalasiji lan sing nggawa roti telu dadi sangang iji. Yen dijumlahake dadi patlikur iji. Amerga sing kokpangan wong telu iku dianggep padha akehe, mula saben pawongan mangan roti wolung iji. Rotine Harun limalas iji saka rati asale lima, amarga wis dipangan wolu dadi sing pitu dipangan musafir kae. Dene kowe sing duwe roti sanga saka roti assale telu amarga sing wolu wis kokpangan dhewe, ateges keri siji kang dadi pangane musafir kae.Jlentrehe: Harun wis menehi musafir kae roti pitu lan abu mung siji! Rak cetha ta bageyane Abu yen kepengin adil mung antuk sakdirham wae amerga roti sing diwenehake musafir kae mung siji, dene Harun mesthine sing oleh dum-duman pitung dirham awit dheweke sing menehi roti pitung iji marang musafir kae!”
Abu lan Harun pandeng-pandengan nyoba nyilemi kawicaksanane Imam Ali bin Abi Tholib. Wong loro banjur ndonga bebarengan, “ Allah Mahasuci. Saestu kula sampun angsal kawicaksanan ingkang adil, kula mboten badhe mendhet menapa ingkang boten dados hak kula!”
Ora lali, marang Imam Ali bin Abi Tholib, abu lan Harun ngucapake sewu panuwun amarga wis diwedharake bab kang adil kang ora ngliwar saka piwulang agama lan wis ngedohake saka laku dosa.

1. Sebutna paraga-paraga ing cerkak iki lan kepriye watak-watake! Buktekna kanthi ukara pendhukunge !
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………

        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
1.     Critakna settinge crita iki!
a. Setting wektu:
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
 Ukara pendhukunge :
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
b. Setting Panggon:
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
Ukara pendhukunge:
      ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
3. Coba critakna maneh intine cerkak sing wis kokwaca nganggo basamu dhewe dadi 10 ukara wae !
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………

4.   Piwulang apa sing bisa kokjupuk saka crita iku mau ? Jelasna!
Wangsulan :
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………


5.. Sebutna amanat kang bisa kapethik saka cerkak ing ndhuwur ! Tuduhna ukara kang mbuktekake !
Wangsulan :
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………



Tidak ada komentar:

Posting Komentar