Minggu, 14 Juni 2015

CERITA CEKAK : REBUTAN DHUWIT

Cerkak

        Crita cekak yakuwi crita kang cendhak , kang cukup diwaca saklungguhan ( kira-kira 10 menit nganti setengah jam ) wis rampung. Umume sing dicritakake uripe wong –wong jaman saiki ( yen critane wong jaman biyen biasa disebut dongeng , babad , sejarah).
        Sadurunge cerkak muncul , wis ana roman lan novel. Roman kuwi sawijining crita kang dawa banget, yen diwaca nganti entek mbutuhake wektu pirang-pirang minggu. Novel, luwih cendhak tinimbang roman nanging isih tetep dawa , butuh wektu kira-kira seminggunan kanggo ngentekake anggone maca.
            Ing jaman saiki roman wis ora ana, sing isih ana yakuwi novel. Biasane novel dicetak dadi sakbuku kandel. Crita novel sing ngetop kerep diangkat dadi skenario film . Contone crita Kampus Biru, Harry Potter, Little House on The Praire, Kabut Sutra Ungu, lan liya-liyane.
            Senajan novel kuwi critane narik ati, nanging merga dawa akeh wong sing emoh merga ora duwe wektu kang cukup. Kanggo nanggulangi bab iki pengarang banjur ngripta cerkak, kang bisa diwaca saklungguhan wae. Dadi sing maca ora nganti penasaran yen ora duwe wektu  nganti pirang-pirang dina, cukup 10 menit nganti setengah jam wae. Merga pancen cekak, mula cerkak isine digawe menarik , ora ana bageane crita sing diulur-ulur, dijupuk intine wae yen perlu diwenehi ending sing kebak surprise.
            Ing cerkak ana istilah paraga, maksude tokoh utawa wong sing dicritakake. Ana paraga utama yaiku wong sing dadi punjere crita; bisa siji, loro , telu lan sateruse. Saliyane kuwi ana paraga pembantu ; yaiku wong-wong saliyane paraga utama sing dicritakake ing cerkak.
            Senajan ora disebutake kanthi gamblang , cerkak uga nggambarake kapan lan ing endi dumadine crita mau. Ing sastra diarani setting utawa latar. Setting bisa dideleng saka andharan sing ana ing cerkak. Upamane settinge ing omah wektune bengi swasanane sepi; ing kutha kang rame banget wektu bedhug awan; ing jaman perjuangan kemerdekaan wektu agresi I, ing
jaman reformasi  lsp.
            Kanggo keperluan apresiasi sing maca kudu bisa gawe ringkesane crita kanggo nuduhake yen apresiator wis maca nganti tuntas critane. Dadi apa kang bakal dadi analisane bisa dipertanggungjawabkan.
            Sawise ngapresiasi biasane apressiator banjur njupuk amanat ,piwulang utawa piwelinge pengarang kang diliwatake crita kanthi gamblang utawa kanthi sasmita. Umume amanat, piwulang utawa piweling diwedharake kanthi sasmita( tersirat), tegese ora disebutake kanthi ukara kang cetha nanging mung nganggo perlambang-perlambang, sindhiran-sindhiran utawa rerangkene crita lan lumakune nasibe para paraga kang kesimpulane kudu digoleki dhewe dening sing maca.



Ing ngisor iki tuladhane cerkak, wacanen !


REBUTAN DHUWIT WOLUNG DIRHAM
Dening : Mas Angin N Hidayat ( PS: 43:1996)


Nalika semana ana musafir loro kang aran Abu lan Harun lagi laku dedagangan bebarengan. Pancen Abu lan Harun kuwi wiwit cilik wis dadi kanca raket, mula senajan wong loro mau madeg ddadi pedagang kabeh ora nate kongkiren yen ana salah siji ing antarane dheweke lagi kelarisan.
Abu lan Harun karo isih tetep omong-omongan lan nuntun untane mlaku alon-alon ana ing sandhuwuring segara wedhi. Panase srengenge kaya arep mlethekake sirah.
“Panase jian ora mekakat tenan iki, Bu! Ayo dha ngaso na ngisor wit kurma ngarep kae wae!” pangajake Harun. Abu mung manthuk karo mesem amarga dheweke duwe panemu kang padha karo Harun.
“ Sawise ngaso wetengku dadi luwe banget! Mangan sisan wae ,Run!” kandhane Abu.
“Mathuk,Bu. Aku ya wis kaliren je.wetengku wis kluruk njaluk diisi!”
Nanging nalika Abu lan Harun lagi wae arep miwiti mbukak bontotane, dada kana musafir siji maneh kang teka lan melu ngaso bareng Abu lan Harun. Abu lan Harun mbales salam kang diucapake musafir lkang lagi teka mau.
“Beja banget panjenengan ,Kisanak!Kula lan kanca kula menikanembe mawon badhe ngarahapi bontotan. Mangga sesarengan ndherek ngrahapi bontotan menika,” pangajake abu.
“nanging kula mboten mbeta bontotan niku amergi kula nginten menawi mangke saged ngaso wonten satunggaling dhusun. Pranyata malah kula boten kiyat panasiun surya saengga kedah ndherek ngaso panjenengan kekalin menika,” kandhane musafir mau.
“empun, ta. Panjenengan boten sisah ewuh pakewuh! Mangga sesarengan ngrahapi bontotan menika. Kula mbeta roti gangsal lan kanca kula menika mbeta roti tiga.Kula kinten roti wolu menika cekap kangge ganjel ngelih tiyang tiga,” kandhane Harun.
Amerga tansah dipeksa lan uga dhasare pancen wetenge ya luwe, mula musafir mau gelem melu mangan bontotanne Abu lan Harun nganti entek. Sawise bubar mangan musafir mau tata-tata arep nerusake laku.
‘Nyuwunsewu Kisanak kekalih. Kula radi kesesa. Mila kangge ijolipun dhedharan kala wau, mangga kula aturi nampi arta wolung dirham menika, kandhane musafir iku karo banjur ninggal Abu lan Harun. Abu lan Harun nguntabake lungane musafir mau. Sawise musafir mau wis ora katon maneh wong loro banjur rembugan maneh.
“Bu, dhuwit pawewehe mussafir mau wolung dirham. Amerga aku nggawa roti lima lank owe telu, mula kowe antuk bageyan telung dirham, dene sing limang dirham bageyanku,” kandhane Harun.
“ya ora isa! Pokoke ya didum loro, separo edhang. Aku patang dirham lank owe patang dirham!” abu mbrengkel.
Wong loro padha ora ana sing gelem ngalah. Kabeh ngukuhi benere dhewe-dhewe. Amerga ora bisa mutusi dhewe, wong loro mau banjur njaluk bantuwane sawijining pawongan kang wicaksana kang ditemoni ing sawijining kutha. Asmane pawongan mau Ali bin Abi Tholib.
Wis, Abu! Trimanen wae pambagine kancamu si Harun iku!” pangatage Ali bin Abi Tholib sawise rampung ngrungokake crita saka Harun.
Boten saged, Imam Ali! Kula pengin dum-duman ingkang adil!” eyele Abu
“Yen kowe pengin dum-duman sing adil, kowe mung bakal nrima sakdirham ,lho!” Abu kaget krungu kandhane Imam Ali bin Abi Tholib.
“ Kados pundi jlentrehipun Imam, kok kula malah badhe nampi dum-duman ingkang adil naming sakdirham, kamangka kula pengin dum-duman inkgang adil menika arta wolung dirham dipunparo dados sekawan dirham edhang!’ kandhane Abu.
“Ngene ya Abu lan Harun. Sapa ta sing mangan roti paling akeh wektu iku ?” Abu lan Harun gedheg.
“Kula boten ngertos!” Wangsulane bebarengan.
“Saiki ngene anggepen kowe sakloron lan musafir kae mangan roti padha akehe. Yen saben sakroti kuwi dipara dadi telu, mula sing nggawa roti limadadi limalasiji lan sing nggawa roti telu dadi sangang iji. Yen dijumlahake dadi patlikur iji. Amerga sing kokpangan wong telu iku dianggep padha akehe, mula saben pawongan mangan roti wolung iji. Rotine Harun limalas iji saka rati asale lima, amarga wis dipangan wolu dadi sing pitu dipangan musafir kae. Dene kowe sing duwe roti sanga saka roti assale telu amarga sing wolu wis kokpangan dhewe, ateges keri siji kang dadi pangane musafir kae.Jlentrehe: Harun wis menehi musafir kae roti pitu lan abu mung siji! Rak cetha ta bageyane Abu yen kepengin adil mung antuk sakdirham wae amerga roti sing diwenehake musafir kae mung siji, dene Harun mesthine sing oleh dum-duman pitung dirham awit dheweke sing menehi roti pitung iji marang musafir kae!”
Abu lan Harun pandeng-pandengan nyoba nyilemi kawicaksanane Imam Ali bin Abi Tholib. Wong loro banjur ndonga bebarengan, “ Allah Mahasuci. Saestu kula sampun angsal kawicaksanan ingkang adil, kula mboten badhe mendhet menapa ingkang boten dados hak kula!”
Ora lali, marang Imam Ali bin Abi Tholib, abu lan Harun ngucapake sewu panuwun amarga wis diwedharake bab kang adil kang ora ngliwar saka piwulang agama lan wis ngedohake saka laku dosa.

1. Sebutna paraga-paraga ing cerkak iki lan kepriye watak-watake! Buktekna kanthi ukara pendhukunge !
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………

        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
1.     Critakna settinge crita iki!
a. Setting wektu:
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
 Ukara pendhukunge :
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
b. Setting Panggon:
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
Ukara pendhukunge:
      ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
3. Coba critakna maneh intine cerkak sing wis kokwaca nganggo basamu dhewe dadi 10 ukara wae !
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………

4.   Piwulang apa sing bisa kokjupuk saka crita iku mau ? Jelasna!
Wangsulan :
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………


5.. Sebutna amanat kang bisa kapethik saka cerkak ing ndhuwur ! Tuduhna ukara kang mbuktekake !
Wangsulan :
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………
        ……………………………………………………………………………………



NGGAWE LAPORAN

NULIS LAPORAN


A. Nggawe cengkorongan laporan.

            Yen kowe lelungan , kowe bisa nulis pengalamanmu sakarepmu dhewe. Nanging yen lagi study tour lan diutus gawe laporan ( paper ) mesthi kudu runtut utawa sistematis karangane. Kanggo keperluan iki cengkorongan ( kerangka ) karangan kudu digawe dhisik supaya apa kang bakal koklaporake bisa apik.
            Cengkorongan bisa akeh utawa sethithik gumantung marang akeh sithike obyek kang arep dilaporake.

            Ing ngisor iki tuladha cengkorongan kanggo laporan study Tour menyang Bali.

Ing ngisor iki tuladha cengkorongan kanggo laporan study tour menyang Bali.
1.   Atur Sapala                 :   Isine atur syukur marang Gusti Allah, panuwun marang sapa wae kang wis paring bebantu, lan tujuan penulisane laporan
2.   Bebuka                        :   Isine alesan dienekake tour ( guna paedahe ), obyek-obyek kang bakal dituju
3.   Laporan Study Tour    :   Diskripsi / gambaran obyektif ngenani obyek wisata, bisa ditambahi opini utawa kesan kang muncul nalika kowe lagi nikmati obyek mau
a.   Pantai Kuta           :   Kahanane Pantai Kuta, sapa wae kang teka ing kana, apa kaluwihane yen katandhingake karo pantai liyane, souvenir apa sing khas ing kana
b.   Pasar Sukawati      :   Kapan  bukak lan tutupe, apa wae sing didol ing kana
c.   Bedugul                :   Kepriye hawane , kaya apa kaendahane
d.   Garuda Wisnu Kencana :
Ana dhaerah sing kepriye manggone,apa sing bisa dideleng , geneya diarani kaya mangkono lsp.
e.   Tanah Lot              :   Apa obyek utamane ing pantai iki, yen ana critakna upacara kang lagi kedadeyan ing kana.
4.   Panutup                       :   Isi pengarep-arep , panyuwun arupa saran lan kritikan

B. Ngembangake cengkorongan dadi karangan

            Cengkorongan ing dhuwur mau yen didadekake karangan bisa kaya ing ngisor iki
( ora ditulis lengkap, kerowan ).

ATUR SAPALA

            Puji syukur marang Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi kang wis paring kuwarasan saengga tugas gawe laporan iki bisa dakrampungake. Kanthi rahmat-E uga sakabehing pepalang bisa dakliwati. Muga kanthi izin-E laporan iki bisaa migunani tumrap kita kabeh.
            Panuwun uga dakaturake marang Panjenengane Drs. Jumadi , Kepala SMPN………
            Lan sateruse.

                                                                                                Tanggal,
                                                                                                Penulis

UTAWA :

ATUR SAPALA

            Puji syukur marang Gusti Allah kang murbeng dumadi kang wis paring kuwarasan saengga tugas gawe laporan iki bisa dakrampungake. Kanthi rahmatE uga sakabehing pepalang bisa dakliwati. Muga kanthi izinE laporan iki bisaa migunani tumrap kita kabeh.

      Panuwun uga dakaturake marang :
      1. Panjenengane Drs. Jumadi , Kepala SMPN………
      2. Wali Kelas 8 A Bapak Drs. ………..
      3. Ibu Dra……… , Pembina paper SMPN ….
           Lan sateruse.

                                                                                                Tanggal,
                                                                                                Penulis

PAMBUKA

            Study Tour iku minangka kegiatan kang sejene aweh rekreasi uga aweh tambahan kawruh ing babagan apa wae marang para siswa kang melu. Yen sing dituju papan bersejarah bisa nambah kawruh marang apa sing wis tau disinau nalika ana ing kelas, uga nambah apresiasi kita marang barang peninggalan sejarah. Yen sing dituju sawijining industri kita bisa tambah kawruh bab produksi , pemasaran lan liku-likune dunia usaha. Yen sing dituju papan rekreasi kita bisa nikmati kaendahane. Kabeh mau penting kanggone siswa supaya pikirane bisa dadi fresh sawise saben dina nggethu ana ing sekolah sejene kuwi uga bisa mbukak wawasane siswa sarta kesadharane marang obyek kang dituju saengga bisa nuwuhake sikap melu andarbeni lan melu angrungkebi tegese rumangsa melu duwe saengga rumangsa duwe kuwajiban njaga aja nganti rusak utawa dirusak dening oknum-oknum sing ora tanggungjawab ( basa klisene).
            Study Tour Kang dienekake SMPN………..tahun iki bakal marani pirang-pirang obyek  ing Bali sing kondhang minangka Pulo Dewata, merga akeh Dewane ing kana, yaiku : Pantai Kuta, lan sateruse…..     

            Cengkorongan ing dhuwur mau yen didadekake karangan bisa kaya ing ngisor iki ( ora ditulis lengkap, kerowan ).







LAPORAN STUDY TOUR

a. PANTAI  KUTA

            Pantai Kuta minangka obyek wisata sing paling kondhang ing pulo Bali. Ora mung para turis lokal utawa wisdom ( wisatawan domestik ) nanging uga para turis manca ( wisman ) lan aja lali pantai iki uga narik atine para ‘TERORIS’.
            Pantai Kuta manggon ing sisih kulon lore Denpasar, pasire putih rada coklat papane cedhak banget karo dalan aspal , kendharaan bisa ngudhunake penumpang ing pinggire pantai.
            Ing kene kita bisa nikmati kaendahane ombak kang gedhe-gedhe kang bisa kanggo surfing. Yen kita bisa , sewan papan surfing uga wis sumadya. Utawa yen kita pengin nanging ora bisa , ‘anak pantai ‘ bisa ngancani kanthi opah kang ora murah.
            Bakul panganan, sovenir lan tukang pijet uga ana ing pantai iki. Bule-bule lan bule ireng uga bisa koktemoni ing kene, kena kanggo njajal basa Inggrismu. Kanggone para bule sing paling menarik ing pantai iki yaiku “sunset” alias srengenge angslup lan ‘dugem”-e.
            (Terusna dhewe…)

b. PASAR SUKAWATI

            Pasar Sukawati diarani pasar seni awit ing kene produk-produk kesenian lan kerajinan didol. Sawernane busana , ana sing adat ana sing modern kabeh sumadiya. Lukisan saka kertas, kain lan kayu uga  ana ing kene . Reca watu, lilin, kayu lan fiberglas uga ana. Sing pinter nganyang bakal oleh kemareman.
            Pasar iki wiwit rame jam sanga esuk. Sadurung dhasar, para bakule sing ngrasuk agama Hindhu, padha ngutugi dhisik dagangane nganggo dupa lan beras kuning.
            Lan sateruse……

c. BEDUGUL

            Bedugul iku sawijining papan ing pagunungan sisih lor pulo Bali . Hawane adhem merga dhataran tinggi, ana telagane sing banyune katon anteng. Swasanane tenang cocog kanggo papan lerem, mula ora aneh yen pura-pura padha dibangun ing kene.
            Lan sateruse….

d. GARUDA WISNU KENCANA

            Manggone ing pagunungan kapur eksotik banget. Wujude gunung kapur kang digraji dadi kothak-kothak saemper gedhung utawa  benteng kang sela-selane ditegel , bisa kanggo liwat bis jejer papat. Sing jirih bakal rumangsa wedi ing kene merga kaya-kaya lagi dhelikan ing benteng-benteng kuno.
            Diarani Garuda Wisnu Kencana merga ing kana dibangunake monumen awujud Wisnu ( raja Erlangga )  lagi nitih garuda kang gedhene sakdhuwure wit klapa  . Nganti saiki durung rampung panggarape .  Monumen iku  bakale minangka  background-e pentas terbuka ing kana.
            ( Mranaa dhewe ben bisa crita …)

e. TANAH LOT
            Tanah Lot kuwi tanah kang misah saka pantai saemper Bale Kambange Jawa Timur ing Malang. Ing kana ana purane. Yen lagi ana upacara adat lan segarane lagi pasang naik bisane tumuju mrana mung liwat jembatan cilik ( saiki wis dibangunake jembatan sing
gedhe ) nanging yen segarane lagi pasang surut wong-wong sing arep sembahyang bisa liwat dhasare segara sing arupa lemah padhas lan karang.
            Ombak ing Tanah Lot gedhe banget , ora kena kanggo surfing apa maneh kanggo langen, mbebayani, merga posisine ing kidul ngadhep laut lepas.
            Lan sateruse


4. PANUTUP

            Daksadhari tulisan iki isih adoh banget saka sampurna , nanging aku isih duwe pengarep-arep tulisan iki bisaa kanggo nambah kawruh tumrap  kanca-kancaku lan adhi-adhiku mbesuk. Merga durung sampurna , panyaruwe lan saran-saran kang konstruktif banget dakantu-antu saka sapa bae .
            Lan sateruse.



CONTO LIYANE: YOGYAKARTA



  

1.



2.



3.









4
a. Pantai Parangtritis



b. Kraton Yogyakarta



c. Museum Dirgantara

d. Monjali

e. Borobudur

f. Ketep Pass
g. Malioboro
     

Panutup
Ing endi lokasine, piye kahanane Pantai Parangtritis, sarana apa wae sing ana ing kana, sapa wae kang teka ing kana, apa kaluwihane yen katandhingake karo pantai liyane,souvenir apa sing khas ing kana
Lokasine ing endi, kepriye sejarahe, sapa ratune lan piye silsilahe, apa wae bangsal-bangsal sing ana lan apa gunane , apa wae ritual khase, apa oleh-oleh sing narik ati
 Ing endi lokasine, kapan madege , pesawat apa wae sing wis mlebu museum , yen ana riwayate pesawat .
Lokasine ing endi, kepriye sejarahe critakna kanthi ringkes baline Yogya marang RI
Ana dhaerah sing kepriye manggone,apa sing bisa dideleng , geneya diarani kaya mangkono lsp.
Apa kuwi Ketep Pass, ing endi papane, kanggo apa
Kepriye kaendahane ing wayah wengi, oleh-oleh apa sing khas lsp.

Isi pengarep-arep , panyuwun arupa saran lan kritikan

                                     
            Isih akeh obyek wisata kang bisa kokcritakake gumantung marang paket tourmu umpamane Kaliurang utawa Kutha Gedhe papane kerajinan perak, Kasongan pusat kerajinan keramik; Sanggar Tari Bagong Kusudiharjo , Guwa Selarong, Gallery Bathik Amri Yahya, lsp.
                                   



LAPORAN STUDY TOUR

A. PARANGTRITIS

            Parangtritis minangka papan jujugan yen ana bocah-bocah sekolah lagi tour menyang Jogya, awit ing pantai iki sumadia pirang-pirang jedhing kanggo adus. Cocog kanggone turis domestik sing ora perlu nginep, mung perlu reresik awak sawise sawengi perjalanan .
            Pantai iki manggone ana ing pesisir kidul provinsi Jogyakarta, ing Kabupaten Bantul. Pasire ora putih, nanging cukup resik awit pantai iki minangka asete Kabupaten Bantul kang akeh nekakake rupiyah mula kudu diopeni temenan.
            Minangka pantai ing sisih kidul ngadhep Samudra Hindia, kaya dene pantai-pantai liya ing sisih kidule Pulo Jawa , ombake gedhe banget. Mula ing kene ora diparengake adus utawa langen ing pantai, mbebayani  . Bisa kesempyok ombak lan kerut mlebu segara. Kita cukup nikmati playune ombak kang susul-sumusul ora ana enteke. Saya awan saya gedhe ombake. Banyune bisa tekan pinggir, tekan cakruke bakul kopi lan jajan. Bakul kopi iki dodole mung ing wayah bengi, nyediyani pengunjung sing dolan kanggo nikmati swasana romantise wengi, karo nyawang lintang-lintang kang abyor ing langit. Apa ora wedi ombak? Ora .Merga yen bengi kuwi ombake cilik .Ing wektu bengi dumadi angin dharat . Iya ,ta?
            Kanggo pengunjung sing pengin mecaki dawane pantai, para penjual jasa nyiapake jaran utawa dhokar kang kena disewa. Saubengan Rp.10.000.  Yen emoh ya dolanan bal-balan wae karo kancane , asyik banget. Utawa gojegan wae karo ombak. Yen ombake teka, kita mlayu ngedoh. Yen ombake mbalik kita nyedhak.
            Yen wis kesel kita bisa golek mangan ing sakitere pantai. Nanging yen rombongan tour umume mangane wis disediyani panitia, utawa diborongake ing restoran. Kita kari golek oleh-oleh arupa panganan geplak . Panganan kang digawe saka klapa dicampur gula pasir, kaya kembang gula nanging geplak klapane dijur. 


B. KRATON YOGJAKARTA

Jogya minangka dhaerah otonomi. Sing nyebabake yaiku anane kraton kang isih dilestarekake dening pamarentah Indonesia. Dadi Jogya kayadene negara cilik ing jerone negara Indonesia. Duwe raja kang diarani sultan  dening masyarakat Jogya. Sing dadi sultan saiki Hamengku Buwana X.
Sing dadi obyek wisata ing kene yaiku kratone ( istanane ). Kita bisa ngenali apa wae sing ana njerone kraton. Kaya umume, kraton Jogya duweni ruangan-ruangan kang dijenegi dhewe-dhewe miturut fungsine. Kanggo nampa tamu, kanggo para pangeran, kanggo nyimpen gamelan, pusaka, museum digawekake bangsal dhewe-dhewe.
Ing kene sumadia buku sejarah kasultanan Jogya lengkap karo denah kratone. Bisa kanggo referensi yen nyusun laporan. Ora perlu repot nyathet penjelasane guide , kari ngapresiasi kaendahane bangunan lan mejeng neng foto.
Sakngarepe kraton ana alun-alun kanggo maneka warna kegiyatan. Ing Pinggire para bakul klambi lan souvenir jejer –jejer ngenteni tekamu. Uga bakul-bakul jajanan lan tukang becak kang ora bosen-bosen nawakake kasaguhane ngeterake pengunjung blanja bakpia ( panganan saka kacang ijo kang dibuntel tepung kaya dene roti ).


C. MUSEUM DIRGANTARA

            Manggon ing sacedhake lapangan udara Adi Sucipta, museum iki dibangun. Minangka papan kanggo nyimpen pesawat-pesawat duweke TNI kang wis tuwa umure . Wis akeh banget koleksine . Catheten lan fotonen jinis-jinise yen lagi dolan mrene, awit buku ngenani museum iki durung ana.
            Pesawat sing ana kene umume pesawat perang sing wis ora kanggo, dadi aja takon endi boeing 747 , pesawat siluman sing canggih utawa pesawat penumpang air bus.
            Senajan cilik lokasine, museum iki uga nyediani warung kanggo leren mangan para pengunjung. Masakane luwih mirasa dibandhing yen ana Parangtritis lan kraton, jare wong-wong sing tau mrene.


D. Monumen Jogja Kembali ( Monjali)

            Bangunane digawe bentuk tumpeng ( kerucut ) . Isi diorama kang nggambarake proses baline Jogja marang republik Indonesia. Awit biyen Indonesia tau ngalami peristiwa terpecah belah sawise mardika. Sebageyan dadi wilayahe RI sebageyan dadi wilayahe Walanda. ( Macaa sejarah RI )
            Saiki monjali arang dikunjungi turis, mbuh merga apa. Mbomenawa wong saiki luwih seneng rekreasi thok, tanpa perlu sinau sejarah. Wallahu alam.


E. BOROBUDUR
Borobudur kuwi manggon ing Magelang, dadi wis dudu wilayahe Jogyakarta. Borobudur kalebu wilayahe Jawa Tengah. Nanging yen ana tour mesthi dadi sakpaket karo Jogya.
            Candhi budha iki kalebu gedhe, mula ora gumun yen ketenarane nganti tekan luwar negri. Turis manca sing menyang Jawa mesthi ora nglalekake mampir candhi iki. Ngunggahi tlundhakane nganti tekan stupa utama ing puncake.
            Kanggone wong awam, bentuke candhi wae wis narik ati. Bisa nyawang pemandhangan saka puncake mujudake pengalaman kang nyenengake. Apamaneh sing seneng nyinaoni sejarah lan arkeologi mesthi gelem njingglengi crita kang digambarake ing reliefe mubeng saka ngisor mendhuwur.
            Buku referensi ing kene akeh jinise, kari milih. Semono uga souvenir arupa pakaian lan kerajinan tangan.
  

F. KETEP PASS
Satemene papan iki minangka papan pemantauan aktivitase Gunung Merapi . Merga papane asri lan hawane adhem malih akeh wong kang kepengin mrene . Akhire mesisan dibangunake papan parkir, ruang sinema restoran lan toilet kanggo keperluan wisata. Dadi akhire dibukak kanggo umum lan nyatane pengunjunge ajeg akeh yen dina libur.
            Ing kekne kita bisa nyewa keker kanggo nginceng pucake Merapi kanthi nglebokake koin telung menitan. Yen wis telung menit kekere nutup dhewe. Yen lagi resik tanpa pedhut, puncake Merapi bakal katon cetha ketok metune lahar panas, yen lagi mbledhos utawa ‘watuk’.
            Ing ruang sinema disediyani film dokumenter mbledhose Merapi taun 76 sing niwasake ewon warga desa sacedhake. Dudu lahare sing dadi penyebab utamane nanging ‘wedhus gembel’ ( sebutan kanggo uap panas sing ditimbulake lahar sing ndledek mudhun banjur katiyup angin ngliwati desa-desa ).



           
G. MALIOBORO

            Iki jenenge dalan ing kutha Jogya. Dadi papan tujuan akhir sadurunge bali mulih menyang Jawa Timur.
            Dalan iki kondhang merga warung lesehane lan pedagang kaki limane sing ngebaki trotoar sadawane dalan. Yen arep tuku pakaian utawa kerajinan tangan , ing kene akeh banget pilihane. Nanging ngati-ati! Papan rame akeh copete!
TUGAS

Nggawea cengkorongane laporan kegiatan tourmu kanthi tujuan salah siji ing ngisor iki :
1.      Jatim Park I
2.      Jatim Park II
3.      Taman Safari
4.      Surabaya
5.      Bali
6.      Pantai Popoh
7.      Bale Kambang
8.      Pantai Prigi
9.      Makam Sunan Giri
10.  Gunung Klothok



                                                                                    Gunung Klothok