Pilihen salah sawijining wangsulan kang kokanggep
paling bener !
1. Ing
unggah-ungguh basa Jawa dikenal tataran/tingkatan tembung yaiku …
a. ngoko lan krama
b. ngoko, krama lan krama inggil
c. ngoko lugu, ngoko alus, krama
lugu lan krama alus
d. basa lugu lan basa alus
2. Ing
unggah-ungguh basa Jawa dikenal werna-werna basa yaiku …
a. ngoko lan krama
b. ngoko, krama lan krama inggil
c. ngoko lugu, ngoko alus, krama
lugu lan krama alus
d. basa lugu lan basa alus
3.
Basa sing nggunakake tembung ngoko kecampuran krama
inggil yaiku...
- ngoko lugu c.
krama lugu
- ngoko alus d.
krama alus
4. Basa sing nggunakake tembung krama kecampuran krama
inggil yaiku … .
a. ngoko
lugu c.
krama lugu
b. ngoko
alus d.
krama alus
5. Merga kejot, Bu Janus ora bisa ngendika
apa-ap .
a. Wong kang kuwat nggendhong wong lima.
b.
Wong kang mlakune kaya disawatake .
c.
Wong kang patuh marang kakange.
d.
Wong kang patuh marang ibune.
Dhedhes :Ora, aku wiwit
nglalekake prastawa kuwi. Apamaneh saiki ana nom-noman sing ngisi lan nglipur
sepining atiku. Kaya-kaya dina-dinaku sing ilang dibalekake maneh marang aku.
Emban : O, milanipun njenengan samenika ketingal remen
sanget, jebul niku ta ?
Sinten Gusti asmanipun ?
Dhedhes : Ken
Arok. Nanging Yung, aja nganti kapirsan Akuwu, lho.
6. Amanat
kang bisa dijupuk saka pethikan drama tradisional ing ndhuwur yaiku … .
a. Wong
wadon kang wis
duwe bojo iku aja tumindak slingkuh.
b. Wong
wadon kang wis
duwe bojo iku kudu tumindak slingkuh.
c. Wong
wadon kang wis
duwe bojo iku kudu tansah seneng atine.
d. Wong
wadon kang wis
duwe bojo iku kudu tansah susah atine.
Arok : Ora usah repot-repot, aku ora suwe.
B. Samparan : Lho, mengko dhisik. Dakenekake pista
kanggo ngramekake tekamu.
Arok
: Ora-ora. Aku mrene mung
perlu pituduhmu.
B.Samparan : Bab apa ?
Arok
: Aku pengin ngrebut Ken
Dhedhes saka tangane Tunggul Ametung.
7. Watake
Arok ing pethikan drama tradisional kasebut yaiku … .
- pengin ngrebut kekuasaan c. pengin ngrebut bojone
liyan
- pengin ngrebut pusaka d. pengin nulungi
bojone liyan
Arok :
Yen ngono bapak gelem ngeterke aku mrana ?
B.Samparan :
Senajan mung anak angkat, nanging tresnaku marang kowe keluwih-luwih Arok.
Arok : Wadhuh, matur nuwun Pak.
B.Samparan : Iya-iya. Saiki lerema, arine wis saya sore.
8. Saka pethikan drama ing ndhuwur, setting
wektune yaiku...
a. esuk c.
sore
b. awan d.
bengi
ngelmu
iku kelakone kanthi laku
lekase
lawan kas
tegese kas
nyantosani
setya budya
pangekese durangkara
9. Isine tembang
pocung sapada ing ndhuwur
yaiku....
a. Wong duwe ngelmu iku kudu diamalake.
b. Ngelmu iku
goleke karo mlaku
- Wong
golek ngelmu iku nganggo budaya
- Ngelmu
iku kudu santosa
Adhuh Gusti Dhuh Hyang Widi kadi
pundi
Yayah rena kula
Sampun Paduka timbali
Mugya samya minggah swarga
10.
Tembang Maskumambang sapada iku kang nggambarake yen wong tuwane wis seda
yaiku tinemu ing gatra….
a. siji c. siji , loro
b. loro d. loro, telu
11.
Paugeraning tembang maskumambang yaiku….
a. 12i,6i,7i,8a c. 12i,6a,7i,8a
b. 12i,6a,8i,8a d. 12i,6a,8i,8i
Sabar maklum momot
mengku
Iku pambegane resi
Yen satriya wirotama
Memayu ayuning bumi
Buta watak durangkara
Mburu butuhe
pribadi
12.
Paugeraning tembang kinanthi yaiku….
a. 8u,8i,8a,8i,8a,8i c.
8u,8i,8a,8i,8a,8a
b.
8u,8i,8a,8i,8i,8i d.
. 8u,8i,8e,8i,8a,8i
13.
Surasane tembang sabait ing ndhuwur yaiku….
a. Watake satriya iku sabar c. Sabar iku watake resi
b. Buta iku gawe tentreme bumi d. Aja sok durangkara
14.
Manut tembang ing ndhuwur kang njaga tentreming bumi
yaiku watake…
a. resi c. buta
b. satriya d. manungsa
15.
Kang ora kalebu
amanate tembang sapada ing nomer 14 yaiku….
a. Kita
kudu kaya watake resi. c. Kita kudu kaya
watake satriya
b. Kita
kudu bias niru buta d. Kita kudu
gawe ayeme ndonya
Adhuh Gusti Dhuh
Hyang Widi kadi pundi
Yayah rena kula
Sampun Paduka timbali
Mugya samya
minggah swarga
16.
Amanat kang bisa kapethik saka tembang sapada ing
ndhuwur yaiku…
- Kita
kudu tansah ndongakake wong tuwa senajan wis mati.
- Kita
kudu susah yen wong tuwane mati
- Kita
kudu seneng merga wong tuwa wis ditimbali
- Kita
kudu melu wong tuwa menyang swarga
Ndang baliya Sri, ndang balia
Aku lara mikir kowe ana ing ngendi
Ndang baliya Sri, ndang balia
Tega temen kowe lunga ninggal-ninggal aku
Upamane Sri, kowe eling aku
Ndang balia aku kangen setengah mati
17.
Paraga “Aku” ing
lelagon kreasi baru kasebut nduweni pepinginan … .
- Bojone
sing jenenge Sri supaya enggal lunga.
- Bojone
sing jenenge Sri supaya menyang pasar.
- Bojone
sing jenenge Sri supaya ninggal dheweke
- Bojone
sing jenenge Sri supaya enggal mulih
Umpamane kowe urip mulya
Lila aku lila
Ya mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sakedheping mata
Kanggo tamba kangen
jroning dhadha
18.
Tembang ing ndhuwur isine yaiku…
- kangen
banget marang kekasihe
- wong
kang wis lila ditinggal kekasihe
- Senajan
iklas ditinggal nanging isih kangen
- wong
kang kepengin ketemu
Kang dumadi saiki
malah kosok baline. Banyu udan miline cepet banget malah kepara dadi banjir.
Otomatis ngresepe menyang lemah saya sethithik. Apamaneh yen lemahe ditutupi
aspal, plester, jobin, paving , cor-coran lan gedhung-gedhung. Ateges saya
sethithik maneh jumlah banyu kang bisa ngresep menyang lemah.
Bareng ngalami kedadeyan kang kaya mangkene , pakar-pakar lingkungan
banjur ngulir budi supaya banyu bisa saya akeh ngresep menyang lemah kanthi ada
–ada gawe biopori ing pekarangan sakiwa tengene omah. Bolongan cilik iki tujuane kanggo ‘njebak’ banyu ben
ngresep menyang njero lemah. Tujuan akhire supaya tandhon banyu bisa luwih akeh
saengga kebutuhan banyu ngombe sing higienis bisa kacukupan.
19.
Geneya banyu
udan njalari dumadine banjir?
a.
Amarga ngresepe menyang lemah mung sethithik .
b.
Amarga plataran
kang diaspal, dipaving lan dibangun gedhung.
c.
Amarga banjur padha gawe biopori
d.
Amarga ora ana tandhon banyu jroning lemah.
20.
Kanggo apa para ahli lingkungan gawe ada – ada supaya
padha gawe biopori?
- kanggo
madhahi banyu c.
kanggo dalan rumesepe banyu
- kanggo
nyegah erosi d.
kanggo nyegah banjir
Adi kuwi tegese
luwih dene wiyata kuwi tegese sekolahan. Dadi adiwiyata kuwi sekolah sing luwih
dibandhing sekolah liyane. Apane sing luwih saka sekolah liyane? Jawabane :
kawigatene marang lingkungan. Yen sekolah-sekolah umume kawigatene disok marang
PBM (Proses Belajar Mengajar ) lan kelengkapan sarana prasarana , supaya sukses
ing ujian nasional, sekolah adiwiyata kawigatene ditambahi kanggo nyaman lan
lestarine lingkungan.
21.
Ide pokok kang tinemu ing paragrap ndhuwur yaiku….
- Adi
kuwi tegese luwih dene wiyata kuwi tegese sekolahan.
- Sekolah
adiwiyata
- Umume
kawigatene disok marang PBM
- Kawigatene
ditambahi kanggo nyaman lan lestarine lingkungan
Kepriye-kepriyea tindak-tindak
kriminal kang ditindakake dening para ABG lan malah uga bocah-bocah kang isih piyik-piyik
mau ora kena dianggep sepele utawa wajar.
22.
Tembung piyik-piyik ing ukara kasebut kalebu tembung
entar kang ateges … .
- isih
bayi c.
isih diwasa
- isih
cilik d. isih tuwa
Macan ganti munjerake kawigaten marang kaki-kaki mau. Macan mendhak golek
pancadan kanggo nubruk. Karo nggero banter macan cumlorot ngarah angga
tuwa iku.
23.
Tembung kang oleh
seselan –um- ing paragraf ndhuwur yaiku … .
- munjerake
c.
nubruk
- mendhak d.
cumlorot
Sesawangan mula edi peni ngresepake
pandulu lan endah ngelam-lami. Sang Bagus angayam wana ngambah geriting ancala,
parandene ora wang-wang marang pringga baya utawa pepalanging laku.
24.
Tembung saroja kang tinemu ing paragraf ndhuwur yaiku …
.
- sesawangan c.
ngresepake pandulu
- edi
peni d. angayam wana
Amarga lawuhe enak, Bagas
mongan-mangan wae.
25.
Tembung rangkep kang tinemu ing ukara kasebut yaiku … .
- dwipurwa c.
dwilingga salin swara ngarep
- dwiwasana d.
dwilingga salin swara mburi
Aku ndeleng atraksi gajah ing Taman Safari Prigen.
26.
Ing ngisor iki kang ora kalebu
sinonime gajah yaiku … .
- asti c.
dipa
- esthi d.
dhepa
Aedes aegypti biasane nyokot ing wektu awan , khususe ing panggonan sing
rada peteng. Bengine dheweke luwih seneng ndelik ing sela-selane pakaian kang
gumantung utawa gorden, utamane ing papan sing peteng lan lembab.
27.
Tembung lingga kang tinemu ing ukara
ndhuwur yaiku … .
a.
Rada, peteng
c. nyokot,
luwih
b.
Seneng, ndhelik
d.
gumantung, utamane
28.
Tembung andhahan kang tinemu ing ukara no. 27 yaiku … .
a. rada, peteng c.
dheweke, luwih
b. seneng, ndhelik d.
gumantung, utamane
29.
Bagus lagi maca
SMS ing kamar. Ukara kasebut yen diudhal
polane … .
- J –
W c.
J – W – K
- J –
W – L d. J – W
– L – K
30.
Ukara kang polane J-W-L yaiku…
a. Bu Mirna maos Koran. c. Eyang tindak
Kediri.
b. Saiki adhiku sinau. d. Bukuku
diampil Wati kabeh.
Kanca – kanca kabeh kang
daktresnani, dak kira cukup samene dhisik bab kang bisa dakandharake. Muga –
muga senajan mung sethithik ana guna paedahe kanggo kita kabeh . Kang pungkasan
dakbaline maneh “ Aja – coba – coba niliki narkoba” Matur nuwung marang
kawigatene, nyuwun pangapura Manawa ana bab kang ora nyenengake….
31.
Paragraf ing
ndhuwur nggambarake manawa juru pidato
nerangake bab…
a. gunane narkoba c.
pentinge narkoba
c. bahayane narkoba d.
pendidikan
Ing
kalodhangan iki, kadang kita Hendarwanto wis
ngajak kita kabeh kumpul ana ing kene saperlu melu ngrasakake rasa begjane
amarga wis
lulus kanthi nggondhol juara. Bab iki muga-muga bisa kanggo tuladha tumrap kita
kabeh. Pancen yen wong sabar, tlaten lan ulet iku asile ya nyenengake. Mesthi
wae bab iki uga ngremenake bapak lan ibune kadang kita Hendarwanto.
32.
Paragraf ing ndhuwur mujudake perangane pidato ing
bagian … .
- pambuka
c.
panutup
- i s
i d. selingan
Bapak : Nit,
kok grenengan kowe karo sapa ?
Nita :
.............................
Bapak : Wati kuwi sapa ?
33. Pacelathon
ing ndhuwur iku jangkepana nganggo basa kang trep !
a. Karo Mbak Wati c.
Kaliyan Mbak Wati.
b.Kalih Mbak Wati
,Pak. d.
Kaliyan Mbak Wati, Pak.
Bapak : Wati kuwi sapa ?
Nita :
............................
Bapak : Putrane Pak Krama ? Omahe
ngendi ?
34.
Pacelathon ing ndhuwur iku jangkepana nganggo basa kang
trep !
a. Anake Pak Krama, Pak. c.
Putranipun Pak Krama, Pak.
b. Yogane Pak Krama. d.
Putrinipun Pak Krama,Pak.
Sudira : Ibu badhe tindak
pundi?
Ibu : Menyang pasar.
Sudira :...................
Ibu : Beras, gula,
kopi, lan bumbon.
35.
Pacelathon ing ndhuwur iku jangkepana nganggo basa kang
trep !
a. Ibu ajeng tumbas napa mawon c. Ibu badhe mundhut punapa
kemawon?
b. Ibu badhe tumbas napa wae? d. Ibu arep
blanja apa wae?
.
36.
“Bapak lunga ora mulih – mulih.” Manawa diowahi nganggo
basa ngoko alus yaiku…
- Bapak
kesah dereng wangsul – wangsul.
- Bapak
tindak ora kondur – kondur.
- Bapak
tindak mboten rawuh – rawuh.
- Bapak
kesah ora rawuh – rawuh.
37.
“ Sodin diceluk gurune arep ditakoni.” Manawa diowahi
nganggo basa ngoko alus yaiku…
- Sodin
ditimbali gurune arep diparingi.
- Sodin
diaturi gurune arep didhawuhi.
- Sodin
ditimbali gurune arep didangu.
- Sodin
diceluk gurune arep didukani.
38.
Ibu tindak pasar mundhut beras lan gula. Ukara kasebut
Manawa diowahi dadi basa karma alus yaiku….
- Ibu
tindak pasar mundhut uwos lan gendhis.
- Ibu
tindak pasar mundhut beras kalih gula.
- Ibu
tindak peken mundhut beras lan gula.
- Ibu
tindak. peken mundhu uwos kaliyan gendhis.
39.
Amir ditimbali bu guru arep diparingi dhuwit. Ukara
kasebut Manawa diowahi dadi basa karma alus yaiku….
- Amir
dipuntimbali bu guru badhe dipunparingi yatra.
- Amir
dipuntimbali bu guru ajeng dipunparingi yatra
- Amir
ditimbali bu guru badhe diparingi yatra.
- Amir
dipuntimbali bu guru arep dipunparingi yatra
40.
Frase kang mathuk kanggo guritan kang temane pasinaon
yaiku….
- dakwaca
bukuku, dadi sanga bijiku
- dakuncalake
pangangenku, atiku dadi trenyuh
- jleprot
lendhut ya bene, sawah kinupeng galeng
- getih
kang moncrat, Indonesia tetep mardika
BIYUNG
………………..
Banyu susu kang
dakcecep kala dwi warsa
Minangka daya pikuwating jiwa
Esem tutur manuhara
Minangka rabuking tata susila
Dakindhit bektiku
Wujud reroncening donga
Sumawur lan kukusing dupa kumelun
Sumundhula awiyat
Nothok korining jagad
41.
Adhedhasar isining guritan ing ndhuwur, bocah
kuwi kudu kepriye marang wong tuwane?
a. nyecep banyu susune nganti rong
taun c. tansah bekti
kanthi ndongakake
b. mesem yen dituturi d.
seneng yen diajari tata susila
42.
Saka guritan ing no. 41 bocah kuwi umume disusoni
biyunge lawase rong taun, bab iki selaras karo isine guritan kasebut gatra … .
a.
Siji
pada siji c. Siji loro pada siji
b.
Siji pada
loro d. Siji loro pada loro
43.
adhiku tuku sawo ; Manawa katulis aksara Jawa yaiku…
a.afiku
tuku s[wo c.adiku tuku s[wo
b.afi[n
tuku sw d.adi[n tuku s[wo
44.
?duwi[tTmu= ; 250 ; rupiyh. Yen ditulis Latin … .
- Dhuwitku
mung 250 rupiyah. c.
Dhuwite mung 250 rupiyah.
- Dhuwitku
mung 350 rupiyah. d.
Dhuwite mung 350 rupiyah.
45.
Srini tuku bakso. Ukara kasebut yen ditulis nganggo
aksara Jawa kang bener … .
- ? s]initukub[kSo. c. ?
$]initukub[kSo.
- ? s]i!itukub[kSo. d. ?
$]i!itukub[kSo.
46.
Narti lunga karo Bima. Manawa katulis aksara Jawa yaiku….
a.n/t
luz k[ro bima c.!/ti luz k [ro *im
b. .!/#i
luz k [ro *im d. .!/#i k luz r *im
47.
Tembung wulan Oktober yen ditulis nganggo aksara
Jawa … .
a.wuln\ U[kTobe/ c. wuln\O[kTobe/ b.wuln\I[kTobe/ d.wuln\E[kTobe
48.
? simBhlgif=iki/. Yen ditulis Latin … .
- Simbah
lagi dikir. c.
Simbah lagi zikir.
- Simbah
lagi dhikir. d.
Simbah lagi dzikir.
49.
Tulisan Jawa ing ngisor iki kang migunakake sandhangan
wyanjana yaiku … .
a.
s}gepZji c. [wf=j[a
b.
tukuseg
d. aju/mumu/
50.
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit
Isih murid, ……………………….
Tetembungan kang trep kanggo njangkepi parikan
kasebut yaiku … .
a.
aja
seneng dolan bengi c. aja padha seneng sinau
b.aja seneng keceh dhuwit d.
aja padha seneng maca