KEONG EMAS
( dening : Narto GD)
Mbok Randha Dhadhapan. Kuwi sebutane
sawijining randha ing Desa Dhadhapan. Dheweke urip ijen ing omahe kang sarwa
prasaja sawise ditinggal mati bojone tanpa diparingi momongan. Kanggo kabutuhan
uripe dheweke mung njagakake wulu wetune
karang kitri , golek kayu,woh-wohan apa dene kulupan ing alas utawa golek
iwak urang lan kepithing ing gisik kang sabanjure didol menyang pasar. Sanggane
urip kang abot tetep dilakoni kanthi rila
legawa . Dheweke pracaya yen urip iki
mung saderma nglakoni.Drajat pangkat
wis kinodrat, begja cilaka mung busana. Mula senajan tanpa rowang dheweke
ora wedi ngupaya pangan lan sandhang.Prinsipe ana dina ana upa.Watone gelem
obah mesthi oleh opah.
Ing sawijining dina nalika Mbok
Randha lagi luru iwak lan urang sing keri ing cluwekane karang sawise ombak
gedhe dhek wingi, dheweke nemu keong kang cangkange warna kuning emas, ora kaya
keong saklumrahe kang cangkange coklat lan putih. Atine seneng banget , merga
keong kuwi yen disawang katon nengsemake. Cangkange yen kena sunare srengenge
katon mencorong saemper emas temenan. Mula keong iki ora niyat didol kaya dene
iawak lan urang, nanging arep diingu, diseleh ing kuwali minangka klangenan ing omah.
Dina candhake kaya adate, Mbok
Randha esuk-esuk wis budhal menyang gisik saperlu luru iwak maneh. Banjur
dodolan asile luru menyang pasar. Banjur mulih nalika srengenge wis ngglewang.
Wetenge wis krasa luwe , apamaneh nalika wis cedhak omahe irunge
ngambu gandhane masakan kang sedhep banget.
“ Sapa ya sing slametan dina iki. “
batine
“ Lho ambune kok kaya saka omahku
dhewe?” Mbok Randha omong dhewe.
Dheweke banjur
mbukak lawang. Saiba kagete nalika weruh ing meja wis ana sega salawuhe kang
isih katon anget. Kagawa rasa luwene Mbok Randha terus wae mangan nganti
sawarege.
Sesuke Mbok Randha takon-takon
tanggane, sapa sing ngirimi panganan dheweke, nanging ora ana siji-sijia sing
ngaku.
“ Ah, menawa ana tangga sing duwe
kajat nanging ora wara-wara. Mengko lak krungu dhewe saka wong-wong ing pasar”
mangkono batine.
Nanging pangirane mleset. Ora ana
wong crita bab tanggane sing duwe gawe . Malah nalika bali mulih, kadadeyan
kaya wingi dumadi maneh.Sega, jangan ,lawuh lan sambel wis cumepak ing meja. Yen ana memedi ,
geneya lagi saiki dheweke ngalami, kamangka omahe wis dienggoni puluhan taun. Yen jalma manungsa banjur sapa sing wis
masakake?
“ Alah, kok bingung! Dakpangan wae !
Iki rejeki saka Gusti kang murbeng
dumadi. Iki ya sega tenan. Mangsa ana lelembut bisa masak?” mangkono pamupuse.
Kagawa saka rasa pengine ngerteni
sebab kadadeyan aeng kang dialami , ing dina candhake Mbok Randha sengaja mulih
rada diesuki.
“ Sapa satemene sing wis nyepaki panganan aku
rong dina iki?” pitakone karo nginjen saka njaba pawon.
Jantunge Mbok Randha dheg-dhegan
kaya wong kepethuk setan bareng weruh ing pawone ana wanodyayu lagi nguleg sambel sinambi nembangake dhandhanggula. Sandhang
penganggone ora kaya lumrahe kawula, nanging abyor rinenggga sesotya kaya dene paenganggone para putri ing kraton.
Pasuryane katon semunar pindha candra nanggal patbelas. Swarane empuk kepenak
kaya waranggana.Pawakane sedhet singset wiragane katon gandhes luwes.
“ Iki manungsa apa peri, apa
widodari ?”
Kedhep tesmak anggone Mbok
Randha ngawasake saparipolahe sang anyalawadi nganti wusanane wanita mau mlaku
cedhak kuwali , banjur ana kukus saranduning badane. Sarirane saya ketutupan
kukus kang banjur munyer seser kaya kesedhot mlebu menyang cangkange keong emas
sing nempel ing kuwali. Ilange kukus dibarengi kumelape sunar sagebyaran banjur
kahanan tintrim ora ana swara apa-apa.
Mbok Randha sing lagi eling purwaduksina
enggal-enggal marani keong emas kang diingu telung dina iki.
“ Dhuh, putri. Mugi kersaa sajarwa. Sinten sejatosipun panjenengan
menika? Teka jengandika memba warna dados keong emas menika?”mangkono ature
Mbok Randha.
“ Nyai, ngertenana satemene aku Galuh Candra Kirana.”
“Galuh Candra Kirana pepundhen kula putri Kedhiri?!”
“ Bener Nyai. Aku dadi keong mangkene merga kena teluh saka wong kang
serik marang aku. “
“ Dhuh, Gusti. Kula kepengin sanget ngluwarake panjenengan dalem saking
teluh menika . Nanging kula mboten mangertos caranipun.”
“ Nyai, dayaning teluh iki bakal ilang musna yen kita bisa caket karo
Sang Hyang Widhi. Pancen dakakoni, nalika aku kena teluh aku arang ndedonga
marang Gusti. Mula kuwi saiki lagi mempeng marek marang Gusti. nanging anggonku
marek isih durung caket, mula aku mung bisa pulih sawetara wektu. Mbesuk yen
anggoku tirakat lan memuji wis saya gentur aku bakal pulih kaya wingi uni.”
“ Kula badhe ngrencangi anggen paduka tirakat ,Gusti Putri”
“ Banget panuwunku, Nyai. Nanging pamundhutku wewadi iki aja nganti ana wong
ngerteni.”
“ Ngestokaken dhawuh,Gusti.”
II. KASKAYA BASA
wulu wetu
karang kitri
gisik
rila legawa
kinodrat
murbeng
dumadi
pamupuse
saiba
tesmak
kedhep tesmak
paripolah
nyalawadi
kukus
saranduning badan
purwa
duksina
eling purwaduksina
memba warna
teluh
marek
caket
gentur
wingi uni
wewadi
|
::
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
|
asil wetune
wit-witan sing ngasilake woh
ing pekarangan
tepining segara
ikhlas
ditakdirake
nguwasani; ndadekake;
nyiptakake
makhluk
panarimane marang kahanan
alangkah (Ind.)
kaca mata
ora kedhep ( = kedhep kaya kaca
mata )
polah tingkah
ngandhut wewadi
keluk; beluk ; asep
sekujur tubuh ( Ind)
awal; wetan
kidul
sadhar ( sawise sawetara lali/
semaput); asal muasal
njelma; menyerupai (Ind)
tenung; santhet
nyedhak
cedhak
tenanan; mempeng
dhek maune
rahasia (Ind)
|
Sawuse maca crita “ Keong Emas “ ing ndhuwur, kita bisa ngrasakake manawa
pandhapuking basa akeh rinengga ing basa endah. Basa endah iku uga diarani basa
rinengga.
Tembung rinengga tegese dipacaki, dipajang, dipaesi supaya endah, bregas
lan ngresepake. Basa rinengga yaiku basa kang dipacaki, basa kang dipajang,
basa kang dipaesi, basa kang digawe bregas. Mulane basa rinengga uga diarani
basa paesan, basa pacakan utawa basa bregasan.
Basa rinengga iku mesthi bae ngemu rasa kaendahan, yaiku kaendahaning
basa. Basa kang endah ora ateges basa sing angel, sanadyan mesthi bae ya akeh
basa endah kang angel disurasa tegese. Wondene carane ngrengga basa nganti dadi
basa rinengga utawa basa pacakan, basa bregasan yaiku :
a. Sarana
dikandhakake nganggo ukara liya kang tetembungane ngemu surasa luwih bregas.
b. Diganti
tetembungane sawetara, upamane sarana dilironi tembung Kawi.
Tuladha :
1. Tembung kudu
manawa dikandhakake ora kena ora utawa aja tan ora banjur dadi
basa rinengga.
2. Unen-unen tandange
kaya bantheng ketaton manawa tembunge diganti nganggo tembung Kawi,
saperangan utawa kabeh, banjur dadi basa rinengga, senajan tegese padha bae
karo sing nganggo tetembungan lumrah.
- Tandange
kaya bantheng ketaton. ( basa lumrah )
- Tandange
kadi andaka kanin. ( basa
rinengga )
Sakabehe unen-unen kang mawa purwakanthi ( guru swara, guru sastra,
lumaksita ) pepindhan, sanepa, tembung Kawi, iku kalebu ing golonganing basa rinengga.
Nanging ora ateges manawa basa rinengga iku kudu awujud purwakanthi,
pepindhan, sanepa utawa tembung-tembung Kawi.
Jinising basa rinengga
Ing kalodhangan
iki jinising basa rinengga kang dirembug cukup pitu bae, yaiku :
1.
sanepa
2.
pepindhan
3.
paribasan
4.
bebasan
5.
saloka
6.
saroja
7.
purwakanthi
Sanepa
Sanepa iku ukara kang ajeg
panganggone, kadadean saka dhapukaning tembung watak utawa kahanan sinambungan
tembung aran.
Tuladha :
1. Tatune
arang kranjang.
Tegese tatune kerep/akeh banget.
2. Sesrawungane
renggang gula kumepyur pulut.
Tegese srawunge
raket banget.
GLADHEN :
a. Ukara-ukara
ing ngisor iki jangkepana karo tembung-tembung sing cumawis saengga dadi
rumpakan sanepa !
1.
|
Polahe
….
|
2.
|
Eseme
….
|
3.
|
Rasane
….
|
4.
|
Cahyane
….
|
5.
|
Dedegee
….
|
- pait madu - dhuwur kencur
- anteng kitiran -
legi bratawali
- abang dluwang
b. Tembung-tembung
ing ngisor iki gawenen ukara awujud sanepa, banjur tegesana !
1.
arang wulu kucing
2.
wuled godhong lumbu
3.
jero tapak meri
4.
kuru semangka
5.
resik peceren
Pepindhan
Pepindhan iku unen-unen kang
ngemu surasa pepadan, irib-iriban, utawa emper-emperan. Dhapukaning ukarane
nganggo tembung pindha utawa dasanamane ( lir, pendah, kadi, kadya, yayah ),
terkadhang tanpa tembung pindha utawa dasanamane, nanging ana tembunge andhahan
kang ngemu teges kaya.
Tuladha :
1. Kesit kadya thathit, cukat
kadya kilat.
2. Putih memplak kaya kapuk
diwusoni.
3. Kuning pindha mas sinangling.
GLADHEN :
Ukara-ukara ing
ngisor iki jangkepana karo tembung-tembung sing cumawis saengga dadi rumpakan
pepindhan !
1.
Jogede kaya …………………………………………
2.
Rupane kaya ………………………………………..
3.
Tandange kaya ……………………………………..
4.
Swrane kaya …………………………………………
5.
Irunge rungih pindha ………………………………..
-
mbelah-mbelahna bumi
-
kencana pinatar
-
merak kesimpir
-
jambe sinigar
-
bantheng ketaton
Paribasan
Paribasan
iku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa
pepindhan.
Tuladha :
1. Ana
catur mungkur, tegese ora gelem ngrungokake.
2. Kadang
konang, tegese sing diaku sedulur mung sing sugih utawa priyayi.
GLADHEN :
Paribasan-paribasan
ing ngisor iki gawenen ukara kang luwes banjur terangna tegese !
1.
|
adigang,
adigung, adiguna
|
6.
|
keplok ora
tombok
|
2.
|
blaba wuda
|
7.
|
anak molah
bapa kepradhah
|
3.
|
tulung
menthung
|
8.
|
entek amek
kurang golek
|
4.
|
nyolong pethek
|
9.
|
sepi ing pamrih rame ing gawe
|
5.
|
kalah cacak
menang cacak
|
10.
|
njalukan ora
wewehan
|
Bebasan
Bebasan
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan, kang dipindhakake kaanane utawa sesipatane wong.
Tuladha
:
1.
Wis kebak sundukane,
tegese wong kang wis
akeh banget kaluputane.
2.
Kebak luber kocak-kacik, tegese wong kang owah pikire
lumrahe kabotan ngelmu gaib.
GLADHEN :
Bebasan ing ngisor iki gawenen ukara kang luwes banjur
tegesana !
1.
|
wedi rai wani silit
|
6.
|
idu didilat maneh
|
2.
|
kegedhen empyak kurang cagak
|
7.
|
ngubak-ubak banyu bening
|
3.
|
lanang kemangi
|
8.
|
emban cindhe emban siladan
|
4.
|
ora uwur ora sembur
|
9.
|
nglungguhi klasa gumelar
|
5.
|
nututi layangan pedhot
|
10.
|
lambe satumang kari samerang
|
Saloka
Saloka
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan, sing dipindhakake wonge.
Tuladha :
1. Asu belang kalung wang, tegese
wong asor nanging sugih.
2. Gong lumaku tinabuh, tegese wong kang kumudu-kudu ditakoni.
GLADHEN :
Saloka ing
ngisor iki jangkepana karo tembung-tembung kang cumawis banjur tegesana !
1.
|
Timun
wungkuk……………
|
6.
|
. Kutuk
marani …………………
|
2.
|
Bebek mungsuh
……………
|
7.
|
Jaran krubuhan
……………….
|
3.
|
Belo melu
………………….
|
8.
|
Asu gedhe
……………………
|
4.
|
Kebo kabotan
………………
|
9.
|
Tekek mati
…………………..
|
5.
|
Ketepang
ngrangsang ………
|
10.
|
Kemladheyan
ngajak ………..
|
- gunung
- sempal
- jaga imbuh
- ulone
- sunduk
- empyak
- menang kerahe - seton
- mliwis
- sungu
PURWAKANTHI
Kang diarani purwakanthi iku runtuting swara, sastra, utawa basa ana ing tembung
loro ( rong ) tembung utawa luwih. Purwakanthi kena kaperang dadi telung warna,
yaiku : purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi basa
utawa lumaksita.
1. Purwakanthi guru swara.
Purwakanthi guru swara awewaton
runtute swara utawa vocal.
Tuladha :
a. Sapa
jujur, bakal luhur.
Ana
swara “ ur “ kang runtut, yaiku ing tembung jujur lan
luhur.
b. Tiwas
kesel, ora mecel.
Ana swara “ el “
kang runtut, yaiku ing tembung kesel lan pecel.
2. Purwakanthi guru sastra.
Purwakanthi
guru sastra awewaton runtute aksara utawa konsonan.
Tuladha :
a. Sing sapa goroh, growah.
Ana konsonan g kang runtut, yaiku ing tembung goroh lan growah.
b. Bobot, bibit, lan bebet.
Ana konsonan b kang runtut, yaiku ing tembung bobot, bibit lan bebet.
3. Purwakanthi basa utawa
lumaksita.
Purwakanthi
basa utawa lumaksita awewaton runtuting tembunge.
Tuladha :
a. Witing klapa, klapa mudha saupama.
Tembung klapa ing perangan
ngarep dibaleni maneh ing perangan mburine.
b. Bayem arda, arda ngrasuk busana.
Tembung arda ing perangan
ngarep dibaleni maneh ing perangan mburine.
GLADHEN :
Aran purwakanthi
apa unen-unen ing ngisor iki !
1. Ora tembung, ora lawung.
2.
Panggaweane iplik, bayarane sethithik.
3.
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
4.
Ruruh, rereh, ririh wewarahipun.
5.
Guru sugih guna kawegigan, ginugu kabeh guneme.
6.
Mong ing tirta, tirta wijiling salira.
7.
Ati jujur, budi luhur, pantes dadi wong dhuwur.
8.
Ngajia duga prayoga, ngajia weruh wewadi.
9.
Saguneme agawe gawok, pancen wegig ngrengga basa.
10. Jare pengin maju, kok wegah
sinau ?
Nyebutake syarat parikan
Sawise
nggatekake tuladha parikan ing ndhuwur, bisa disimpulake ngenani paugeran utawa
syarat-syarat parikan, yaiku :
1.
Kedadeyan saka rong ukara.
2.
Migunakake purwakanthi guru swara.
3.
Ukara kapisan minangka pambuka, ukara kapindho isi (
surasa ).
Manut cacahing wanda, parikan bisa
diperang dadi telu, yaiku :
1.
Parikan kang kedadeyan saka 4 wanda + 4 wanda ( x 2 )
kaya tuladha no. 1 lan 2 )
2.
Parikan kang kedadeyan saka 4 wanda + 8 wanda ( x 2 )
kaya tuladha no. 3 lan 4 )
3.
Parikan kang kedadeyan saka 8 wanda + 8 wanda ( x 2 )
kaya tuladha no. 5 lan 6 )
GLADHEN :
Parikan ing
ngisor iki rampungna nganggo tembung-tembung kang cumawis !
1.
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur.
Kudu jujur, …………………………………………………………
2.
Kutha Yogya pancen rame, Malyoboro neng tengahe.
Aku gela
marang kowe, ……………………………………………
3.
Rujak cengkir, pantes den wadhahi cangkir.
Mlipar-mlipir, ……………………………………………………………
4.
Kembang mawar, ganda arum ngambar-ambar.
Ati bingar, ………………………………………………………………..
5.
Nandur asem, sandhing ringin.
Ayem tentrem, ……………………………………………………………
6.
Kolang-kaling pakan ula, sadhompol isine telu.
Eling-eling para siswa, …………………………………………………..
7.
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
Isih murit, ……………………………………………………………….
8.
Pitik walik tanpa lancur.
Pangkat cilik, …………………………………………………………….
9.
Godhong nangka, sandhing eso.
Ja sembrana, ……………………………………………………………...
10. Gelang karet, cilik-cilik.
Wong sing keset, …………………………………………………………
a.
|
kudu
sregep yen sinau
|
g.
|
yen
kowe kepengin luhur
|
b.
|
sing
disirik
|
h.
|
polahe
wong duwe esir
|
c.
|
mundhak
bodho
|
i.
|
mung yen mentas nampa bayar
|
d.
|
aja
seneng keceh dhuwit
|
j.
|
yen janji ra na
nyatane
|
f.
|
arang
nganggur
|
k.
|
lahir batin
|
Nulis
Parikan
Sawise
mangerteni syarat-syarat kanggo nulis parikan, mbentuka kelompok banjur nggawea
parikan loro-loro bae kanthi paugeran :
1.
Parikan kang kedadeyan saka 4 wanda + 4 wanda.
2.
Parikan kang kedadeyan saka 4 wanda + 8 wanda.
Parikan kang kedadeyan saka 8 wanda + 8 wanda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar