Senin, 31 Agustus 2015

CERITA CEKAK : YU NAH LAN HASAN GURU-GURUKU



Yu Nah lan Hasan

                                                           

Karyane :  Nuraini Muksin (PS No. 30-25 Juli 2009)

A
Ku kangen karo Yu Nah. Wis rong minggu ora katon ketebange. Sebnajan dheweke dudu apa-apaku ning dheweke wis dakrengkuh kadidene kanca, sedulur malah uga guru. Tekane pancen ora mesthi, sok telung dina wis mecungul, ning sing luwih ajeg saben seminggu ping pindho.
            Sepisanan teka dakkira wong ngemis. Sandhang penganggone prasaja banget, nganggo jilbab sapundhak lan capil amba. Ngindhit tas jebrak isi beras lan jagung. Tan kanyana yen dheweke tawa bau, “Ngersakaken umbah-umbah Bu,napa nyapu, ngepel….”
            Aku ketarik karo apa sing ditawakake. Sejatine aku ora butuh tukang umbah-umbah lan liyane, ning arang banget wong sing preduli karo regane awak kanthi gelem tandang gawe. Mula senajan aku ora butuh, tak iyani wae, “Nggih, mangga! Mangga mlebet, kumbahane teng jedhing.”
            Rikala umbah-umbah dheweke daktakoni, “Griyane pundi?”
            “Mojokendhil, Bu. Dhukuhan Darik.”
            “Gadhah yoga?”
            “Sekawan. Sing mbajeng SMA, lajeng SMP, sing kalih kelas gangsal lan kelas tiga SD. Jaler sedaya”
            ” Bapake tasik nggih?”
            ” Tasik. Nggih berah-berah tani, tebang, mreman.”
            Oh, anake sekolah kabeh. Aku seneng yen ana wong ora duwe ning isih duwe semangat nyekolahake anak. Aku eling muridku sing aran Hasan. Katone anake wong ora duwe ning semangat sekolahe gedhe. Ora nate mbolos, ora nate ora nggarap PR, ora ngrokok, apa maneh nggombe inuman keras. Malah prestasine kepetung onjo. Mesthi mlebu ”tiga besar”. Yen sekolah ngonthel, dohe omahe saka sekkolahan kira-kira sepuluh kiloan. Aku kelingan paraga Lintang ing film ”Laskar Pelangi”, saemper karo lelakone Hasan.
            ” Yen mulih sekolah kegiyatanmu apa, San?” takonku sawijining dina.
            ”Ngrencangi Pake, Bu. Pados upa. Nek dalu lebar maghrib ngelesi lare SD.”
            Sakjane aku arep takon, ngrewangi bapake kuwi pegaweyane apa, ning dak wurungake , aku kuwatir mengko gek dheweke isin.
            ”Seneng maca?” bacutku.
            ”Remen, Bu. Remen sanget.”
            ”Senenganmu apa? Komik, novel, cerkak apa sing ilmiah?”
            ”Sedaya remen, he,he,he...”
            “Pengarang favoritmu sapa?”
            “Kang Abik, Andrea Hirata, Helvi Tiana…”
            ”Sing Jawa?”
            ”Suparta Brat, peraih SEA Write award. Saksi Mata kula sampun katam.”
            Eh, pranyata isih ana ya bocah enom sing isih seneng maca basa Jawa. Senajan ora akeh ning cukuplah nggo panglipur. Tegese isih ana generasi peneruse.
            Hasan tansaya mumbul rikala dheweke kapillih makili sekolah melu lomba karya ilmiah. Eh, kok ndilalah sing ditunjuk pembimbinge aku.
            ”Tema apa singarep kokusung,San?” takonku kadidene pembinane.
            ”Sosial,Bu. Dos pundi menawi poligami?”
            Aku njumbul. Poligami? Wadhuh , gek piye nalare? ” Alesanmu apa, San?”
            ”Ngeten,Bu. Poligami menika rak masalah klasik. Malah masyarakat pun nganggep biasa, kados teng Aceh. Ning akhir-akhir niki diributaken, malah presiden tumut campur tangan, niki menarik kangge dipum teliti, menapa sebabipun, kadis pundi sudheut pandhangipun pelaku poligami, ugi pihak sing dipun polligami, anak-anakipun, generasi mudha sing dereng semah, ugi sudhut pandhang agami.”
            Senajan aku rada tidha-tidha, ning ya wis ben wae, aku arep njurung rencanane kuwi, malah yen perlu aku melu cucul wragad kanggo keperluan penelitiane kuwi.
            ”San, aku duwe buku-buku masalah poligami. Ana uga majalah mligi mbahas poligami. Isine masalah poligamine Puspa Wardaya. Ayam Bakar Wong Solo kuwi lho! Ana uga wawancara karo Sitoresmi Prabuningrat, uga Aa Gym. Nek longgar mranaa ya, kena nggo tambah referensi.”
            ”Inggih,Bu.”
            Jebul sorene Hasan wis mencungul ana ngarep pager. Pancen semangate semangat empat lima. Rikala Hasan lagi ngolak-alik isine buku-buku kuwi, aku krungu Bu Meri tanggaku petrek-petrek lagi ngundhamana wong, mbuh sapa.
            ”Aja golek rongsokan neng nggonku! Gayane golek rongsokan, padune arep maling ae kok!”
            Dakdeleng ana wong wadon bentheyotan nyunggi goni ngalih saka kono. Eh, nanging kok kaya Yu Nah ya. Aku mlayu tumuju pager. Bener Yu Nah. Aku arep mbengok, nanging Yu Nah wis menggok, aku banjur bali kanthi nggawa ati perih. Oh, Yu Nah, kaningaya temen nasibmu.
            ”Wonten napa ,Bu?” Hasan penasaran.
            ”Ora kok San. Ana wong golek rongsokan, diusir tangga sebelah. Ngesakna ”
            ”Niki lho Bu, poligaminipun Puspa Wardaya, sae nggih?”
            ”Iya, ning ora kabeh wong sing poligami bisa kaya Puspa Wardaya. Eh, nek panemumu dhewe piye ,San?”
            ”Mboten gadhah pamanggih,Bu. Kula dereng gadhah ilmune. Kula namung ketarik kalih kasuse mawon kkok, mboten ketarik kalih poligamine.” Hasan mesem semu isin. Aku malah ketarik karo Hasan iki. Aku rumangssa kalah karo dheweke, mula ing batin bakal ndadekake Hasan minangka guruku, kaya Yu Nah sing uga wis dadi guru ing atiku.
            Yu Nah. Apa bener wong mau Yu Nah ya? Kena apa kkok golek rongsokan? Apa ana wong kang mbutuhake bahune?
            Esuke katon Yu Nah ketebang-tebang saka kulon. Ing pundhake ana karung goni. ”Yu, mampir!” bengokku saka mburine.
            ”Suwe gak mampir ta Yu?” takonku sawise cedhak.
            ”Tangan kula kenging geni Bu, mboten kenging damel umbah-umbah. Mula kula pados rongsokan niki,” tangane sing kena geni dituduhake.
            ”Ora pa-pa, ayo neng nggonku!Ya, takenteni lho!”
            Aku banjur ndhisiki laku.
            Tekan omah aku nglumpukake kertas-kertas lan koran sing ora kanggo, uga plastlik-plastik sing isine wis entek. Bareng dakklumpukake ana sakarung kebak.
            “Iki lho,Yu ,wis gak usah didhuwiti,wong barang gak kanggo ae kok.” Yu Nah nampa kanthi polatan isin.
            “Tatune diwenehi godhong binahong Yu ben cepet garing. Trus diombeni ampisilin sedina kaping telu, gak oleh lat. Ngko yen wis waras saman rene neh lho Yu.”
            Aku entuk pelajaran siji maneh saka guruku iki, yakuwi nek ora bisa nglakoni samubarang krana kena alangan tinamtu, goleka cara liyane sing bisa dilakoni, aja nglokro lan meneng ngenteni tibane nasib.
            Yen dakgagas pancen nasib kudu diudi. Yen jambu ora ceblok sadurunge disenggek , mula nasib uga tansah diudi lan diuber menyang endi wae playune. Asile? Mangga sakersane Sing Paring Nasib. Iki uga anggonku nimba saka sumur ilmune Hasan.
            Rikala iku Hasan daktakoni,” Kowe optimis bakal menang ora San?”  Tan dinuga wangsulane Hasan kaya filsuf Yunani kae: “Netral mawon Bu. Target kula wantun maju riyin. Soale kula nembe maju sepisan niki, dereng pengalaman. Mboten berarti kula mboten serius. Menawi asilipun maremaken, kula nembe wantun ngimpi radi inggil, realistis mawon Bu.”
            Ngudi nasib ora perlu ngaya, nanging realistis, kanthi mdeleng kekuwatan dhiri. Uga ora perlu keladuk optimis, ndak cuwa yen ora kegayuh. Sing mesthi, Gusti bakal paring apresiasi, penghargaan tumrap kabeh ussaha kita uger linambaran eklas lan lora nyimpang saka bebener.
            Ning sing jeneng ngudi nasib iku ora kaya liwat dalan tol, suwalike malah kaya pendhaki gunung. Sok-sok keplesed, tiba, njungkel lan liya-liyane.
            Menawa wae Hasan lagi kejungkel nalika ngunggahi nasib. Nalika ing  sawijining dina dheweke sekolah kanthi rai bethem kabeh kaya mentas dihakimi wong sakampung.
            “Kena apa San?” pitakonku kaeo ngilling-ilingi raine.
            ”Tawuran Bu”
            Aku njumbul. Ora mungkin! Piye critane?” Aku penasaran banget.
            “Kula nembe teng ndalan, sumerep emak kula diuman-uman kalih tiyang, didakwa maling..”
            “Sik-sik, kena apa kok didakwa maling?” aku nyela-nyela.
            “Tiyang niku kecalan karpet, sing dipepe teng latar. Emak kula pados rongsokan mbeta goni disangka nyolong karpete. Kula sumerep emak diuman-uman, dilarak-larak gonine, kula mboten trimah, tiyange lajeng kula tinju mawon, lajeng dados gelut.”
            “Wonge lanang ta?”
            “Nggih , ngoten malih emak mboten kebukti nyolong.”
            “Sik-sik, makmu pegaweyane golek rongsokan, ta?” Ujug-ujug aku kelingan Yu Nah.
            “Waune berah umbah-umbah Bu. Sareng tangane kenging geni, trus pados rongsokan niku.“
            „Apa makmu jenenge Yu Nah?“ tembungku kaya mencolot saka ilat.
            „Nggih, kok panjenengan tepang?“
            „Ora mung tepung San. Malah makmu wis kaya makku dhewe. Dheweke sering umbah-umbah neng nggonku.“
            Hasan ketara kaget :„Oh, mboten nginten Bu.“
            Pelajaran siji maneh saka guruku sing jebul anake guruku uga, ya kuwi , belanana wong-wong sing wajib kokbelani, kaya kowe mbelani awakmu dhewe. Aku wis akeh nampa pelajaran saka guru-guruku sing pra nate diwulangake dening guru-guru ing sekolahku biyen.
            Pranyata guru ora kudu ngadeg ing ngarep kelas. Ing ngendi wae, lan sapa wae bisa jejer dadi guru sauger kita pinter-pinter adeg posisi dadi murid sing tansah ngelak ilmu lan pelajaran.



A. TEMA:

            Tema iku bakune carita utawa kang dadi underane apa dene isine crita. Kepriye carane meruhi tema ? Yaiku kanthi meruhi perangan – perangane crita kanthi runtut. Kanthi mangkono kita bakal bisa ngrakit ukara kang ganep kanggo nyimpulake isine crita kang baku utawa tema.          
                                                           
 GLADHEN:

No.
Katrangane Carita
1.
Aku kangen karo Yu Nah.
2
Sepisanan teka dakkira wong ngemis.
3
Sejatine aku ora butuh tukang umbah-umbah,  ning…
4

5

6

7

8

9

10

11

12

13
Pelajaran siji maneh: belanana wong sing kudu kokbelani
14
Sapa wae bisa dadi guru, angger kita pinter dhapuk dadi murid sing ngelak ilmu

Adhedhasar runtuting carita ing ndhuwur, arananana apa kang dadi temane cerkak ing ndhuwur mau kanthi ukara kang ganep !
Wangsulan:
..................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................


B. SETTING

Setting iku ana telung warna, yaiku setting wektu , panggonan lan kahanan kang nggambarake kedadeane crita.

Jangkepana tabel ing ngisor iki !

No.
Setting
Katrangan
Ukara kang mbuktekake
1
Wektu










2
Kahanan












                                               
                           
C. PARAGA LAN WEWATEKANE

Paraga utawa tokoh kang ana cerkak iku kahanae werna – werna. Kaya dene watake manungsa ing alam donya kang beda – beda. Watake tokoh ing crita bisa kadeleng saka ukara – ukara kang diunekake dening tokoh – tokoh iku dhewe apa dene saka dialoge tokoh liyane. Kajaba kuwi uga kena diweruhi saka katrangane pengarang cerita mau.

 Jangkepana tabel ing ngisor iki !

No.
Paraga
Watake
Ukara kang mbuktekake









































D. AMANAT

Amanat yaiku pesen – pesen kang ana ing sajroning cerita. Pesen iku lumrahe ana rong warna, pesen kang kudu ditindakake lan pesen kang ora kena ditindakake.

GLADHEN :
Aku ketarik karo apa sing ditawakake. Sejatine aku ora butuh tukang umbah-umbah lan liyane, ning arang banget wong sing preduli karo regane awak kanthi gelem tandang gawe. Mula senajan aku ora butuh, tak iyani wae, “Nggih, mangga! Mangga mlebet, kumbahane teng jedhing.”
            Rikala umbah-umbah dheweke daktakoni, “Griyane pundi?”
            “Mojokendhil, Bu. Dhukuhan Darik.”
            “Gadhah yoga?”
            “Sekawan. Sing mbajeng SMA, lajeng SMP, sing kalih kelas gangsal lan kelas tiga SD. Jaler sedaya”
            ” Bapake tasik nggih?”
            ” Tasik. Nggih berah-berah tani, tebang, mreman.”
            Oh, anake sekolah kabeh. Aku seneng yen ana wong ora duwe ning isih duwe semangat nyekolahake anak.

1.   Adhedhasar pethikan cerkak ing ndhuwur, sebutna amanat kang bisa kajupuk !
Wangsulan:
.......................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

”Tema apa singarep kokusung,San?” takonku kadidene pembinane.
            ”Sosial,Bu. Dos pundi menawi poligami?”
            Aku njumbul. Poligami? Wadhuh , gek piye nalare? ” Alesanmu apa, San?”
            ”Ngeten,Bu. Poligami menika rak masalah klasik. Malah masyarakat pun nganggep biasa, kados teng Aceh. Ning akhir-akhir niki diributaken, malah presiden tumut campur tangan, niki menarik kangge dipum teliti, menapa sebabipun, kadis pundi sudheut pandhangipun pelaku poligami, ugi pihak sing dipun polligami, anak-anakipun, generasi mudha sing dereng semah, ugi sudhut pandhang agami.”
            Senajan aku rada tidha-tidha, ning ya wis ben wae, aku arep njurung rencanane kuwi, malah yen perlu aku melu cucul wragad kanggo keperluan penelitiane kuwi.
            ”San, aku duwe buku-buku masalah poligami. Ana uga majalah mligi mbahas poligami. Isine masalah poligamine Puspa Wardaya. Ayam Bakar Wong Solo kuwi lho! Ana uga wawancara karo Sitoresmi Prabuningrat, uga Aa Gym. Nek longgar mranaa ya, kena nggo tambah referensi.”
            ”Inggih,Bu.”

2.   Adhedhasar pethikan cerkak ing ndhuwur, sebutna amanat kang bisa kajupuk !
Wangsulan:
........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................



”Niki lho Bu, poligaminipun Puspa Wardaya, sae nggih?”
            ”Iya, ning ora kabeh wong sing poligami bisa kaya Puspa Wardaya. Eh, nek panemumu dhewe piye ,San?”
            ”Mboten gadhah pamanggih,Bu. Kula dereng gadhah ilmune. Kula namung ketarik kalih kasuse mawon kok, mboten ketarik kalih poligamine.” Hasan mesem semu isin. Aku malah ketarik karo Hasan iki. Aku rumangssa kalah karo dheweke, mula ing batin bakal ndadekake Hasan minangka guruku, kaya Yu Nah sing uga wis dadi guru ing atiku.


3.   Adhedhasar pethikan cerkak ing ndhuwur, sebutna amanat kang bisa kajupuk !
Wangsulan:
........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

*  Nemokake  unsur ekstrinsik karya sastra

            Ing ndhuwur wis katerangake apa kang diarani unsur ekstrinsik ing kasusastran. Yaiku unsur – unsur kang ora katon katulis nanging bisa ndayani kaendahane kasusastran mau. Umpamane sesambungane karo riwayate pangripta, tingkat pendidikan, sosial budaya, kapan lan ing ngendi kasusastran iku katulis, lan liya – liyane.

Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki !

1.   Adhedhasar setting wektu kang ana ing cerkak ndhuwur iku, kepriye tanggapanmu manawa cerkak kasebut dihubungake karo kahanan urip jaman saiki ?
Wangsulan :
........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

2. Adhedhasar amanat kang koktemokake ing cerkak kasebut, kepriye panemumu mungguh sikape pangripta marang kahanan jaman saiki ?
Wangsulan :
................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

3.   Apa kang koktindakake manawa kowe dadi paraga “aku” ?
Wangsulan :
................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................