Minggu, 05 Juli 2015

APRESIASI : CERITA WAYANG SUMANTRI


Luputku apa, Kakang ?

Dening : Bambang Tri Djaja

ESUK kuwi aku gragap-gragap tangi. Sunare srengenge wiwit mlebu sen­thong liwat sela-selaning gedheg. Ocehing manuk keprungu pating cruwet. Aku ngolet, nuli ucek-ucek mripat, noleh ngiwa nengen amarga rumangsa ana sing kurang. Kulinane saben aku tangi, Kakang Sumantri mesthi ana sandhingku. Nanging pisan iki dheweke ora ana.
Aku mudhun saka amben, nuli mlaku metu saka senthong, plingak-plinguk ana ngarep lawang nggoleki Kakang Sumantri, nanging dheweke babar blas ora ketok irunge. Aku mlaku nggoleki dheweke ana plataran mburi. Biyasane yen esuk ngene Kakang Sumantri nyapu latar mburi utawa nganggu ana sumur kanggo ngisi jedhing. Nanging nganti kemput olehku ngubengi plataran tetep ora bisa nemokake. Aneh, lunga menyang endi Kakang Sumantri?
Alon-alon aku mlaku tumuju sanggar pamujan. Yen esuk ngene adate Bapa Be­gawan Suwandagni nedheng-nedhenge manengku puja ana kana. Nalika aku ngungak njero, katon Bapa Begawan lenggah sila, astane sedhakep, paningale mriksani pucuking grana. Aku ora warni mlebu, wedi yen nganti ngganggu semadine, mula trima lungguh ana tlundhagan ngarep lawang. Nganti sauntara wektu suwene lehku lung­guh ana kana, nanging Bapa Begawan du-rung rampung olehe semadi.
Kahanan njaba sangsaya padhang. Sunare srengenge sing nrajang liwat sela-selaning gegodhongan wiwit krasa anget ana kulit. Swarane manuk wis sirep, mbok-menawa manuk-manuk mau lagi padha golek pangan. Sikilku rasane wiwit keju, malah banjur gringgingen. Lagi wae aku menyat niyat ninggalake papan kana, keprungu swara dheheme Bapa Begawan. Aku noleh. Bapa Begawan tindak njaba marani aku.
"Kowe wis tangi, Ngger?" pandangune Bapa Begawan.
"Iya, Bapa. Mung wae esuk iki aku kelangan Kakang Sumantri'. Apa Bapa Begawan pirsa ana ngendi Kakang Su­mantri?"
Bapa Begawan ora enggal mangsuli pitakonku. Panjenengane katon mangu-mangu. Astane tengen dolanan teken sing kanggo nyangga anggane. Dene astane kiwa ngelus-elus jenggote sing nglembreh tekan dhadha.
"Hmm.. kene mlebu dhisik Sukrasana, Bapa arep ngendika."
Aku mlaku ngetut wuri tindake Bapa Begawan. Satekane sanggar pamujan Bapa Begawan lenggah ana klasa karo sendhen bantal. Aku lungguh sila ana sangarepe.
"Sukrasana, wingi kuwi Bapa dhawuh marang kadangmu Sumantri, supaya nyuwita ana negara Maespati, ya negarane Prabu Arjunasasra. Awit miturut wisike Jawata sing Bapa tampa, Prabu Arjunasasra kuwi titisane Bathara Wisnu, dewa sing kajibah memayu hayuning bawana. Mula menawa kadangmu Sumantri bisa nyuwita panjenengane, wis mesthi ing tembe mburine bakal dadi satriya linuwih."
"Aku kok ora dijak, ta, Rama."
"Kowe ana pertapan wae, ya, Ngger, ngancani Bapa."
"Nanging aku ora bisa pisah karo Ka­kang Sumantri, Bapa. Seprana-seprene aku tansah reruntungan karo Kakang Su­mantri."
"Iya, iya, Ngger, Bapa ngerti. Nanging menawa kowe melu kadangmu mesthi mung bakal ngreridhu lakune. Mula ngger, Sukrasana, Bapa njaluk supaya kowe ngiklaske kadangmu tuwa. Suk yen wis bisa kasembadan gegayuhane, kadangmu mesthi mulih mrene niliki kowe. Mula kana, saiki kowe sinau mandhiri, ora gumantung karo kadangmu tuwa."
Angles rasane atiku bareng krungu ngendikane Bapa Begawan. Awit wiwit dina iki ateges aku kudu pisah karo Kakang Sumantri. Embuh nganti kapan aku ora ngerti.
Alon-alon aku melu saka sanggar pamujan. Tekan senthong aku ungkeb-ungkeb ana amben. Ora krasa eluhku dleweran nelesi pipi. Kok kaningaya temen uripku. Aku banjur kelingan lelakon kala semana. Nalika aku isih cilik biyen, uripku ana satengahe alas, bareng karo sato kewan lan bangsa jim sing manggon ana kana. Yen aku ngelih, sato kewan sing ana alas kana genti-genten nyusoni aku. Sing nggegulang aku nganti bisa tata jalma lan ngerti sakehing ngelmu ya bangsa jim peri perayangan. Mula ora jeneng aneh mena­wa wiwit cilik aku duwe kasekten kang ngedab-edabi.
Sawijining dina aku mlaku-mlaku ana sapinggiring alas. Kaya ana sawijining kekuwatan kang nuntun lakuku, ngerti-ngerti aku tekan sawijining pertapan. Aku lungguh thenguk-thenguk ana sanjabaning lawang pertapan mau. Dumadakan ana bocah bagus metu saka pertapan. Bareng weruh aku lungguh ijen ana sa­ngarepe lawang, dheweke mrepegi aku. Aku banjur dituntun mlebu pertapan, disowanake wong tuwa sing jenggote dawa. Bareng wong tuwa mau pirsa aku, pasuryane katon kaget banget, banjur gapyuk ngrangkul aku karo muwun.
"DhuhDewaa,,kawula nyuwunpangapunten.Hmm....Sukrasana,jebul kowe isih urip, Ngger.Apuranen luputku ya, Nggeer.................... "
Aku mung ndomblong weruh keda-deyan iki. Semana uga bocah bagus sing ana sandhingku.
"Bapa, sejatosipun sinten lare alit menika, Bapa," pitakone bocah bagus mau.
"Mangertiya, Sumantri, bocah kuwi jenenge Sukrasana, ya adhimu dhewe. Biyen nalika dheweke lair, ibumu seda konduran. Atiku rasane sedhih banget. Saya maneh bareng weruh wujude jabang bayi sing nembe lair, ala rupane, kaya rupane yaksa. Ing batin aku ngrasa wirang banget, ingatase aku pendhita sing gentur tapane kok nganti duwe anak wujud yak­sa. Aku lali menawa kabeh mau wis dadi kersane Jawata. Saka petenge pikirku, jabang bayi abang mau banjur dakbuwang ana alas, ancasku kareben dimangsa karo sato galak. Nanging dina iki Jawata melehke aku, amarga pranyata Sukrasana isih waras-wiris ora kurang sawiji apa."
Ya wiwit dina kuwi aku manggon ana pertapan. Ka­kang Sumantri banget tresnane marang aku. Dheweke tansah ngladheni sakabehing kabutuhanku. Menyang endi wae aku mesthi dijak. Mula ora jeneng aneh menawa aku uga tresna banget marang Kakang Sumantri. Rasane aku ora bisa pisah karo dheweke. Nanging dina iki, aku kepeksa kudu pisah karo Kakang Sumantri.
Dina-dina candhake daklakoni kanthi ati kang sepa lan sepi. Aku nyoba nuruti dhawuhi Bapa Begawan. Esuk-esuk aku wis tangi, nyapu latar, ngisi jedhing, lan gawe unjukan kanggo Bama Be­gawan. Rada awan sithik aku semedi lan nyinau kitab Wedha. Yen wis kesel aku leren utawa dolanan karo para cantrik. Aku nyoba nglalekake Kakang Sumantri, kaya dhawuhe Bapa begawan. Nanging yen wayah bengi, nalika aku ana senthong dhewe, gawang-gawang praupane Kakang Sumantri katon cetha ana angen-angenku. Saya dakcoba ngipatke wewayangan mau, malah sangsaya katon ngalela. Yen wis ngene bisaku mung nangis, nganti aku keturon.
Dina mundhak dina, minggu tekan minggu, rasa kangenku marang Kakang Sumantri sangsaya gedhe. Nalika meh sesasi Kakang Sumantri ninggal aku, rasa kangen iki wis ora bisa daksayuti maneh. Wayahe isih repet-repet, aku wis tangi. Alon-alon aku mbukak lawang senthong banjur metu ninggalake pertapan. Aku mlebu saparan-paran, mung nuruti nalu-riku. Eling-eling aku digedhekake dening sato kewan lan jim prayangan, mula ora jeneng aneh menawa aku nduweni kaluwihan kanggo nglacak parane Kakang Sumantri. Nganti pirang-pirang dina aku mlaku nuruti naluriku. Aku rumangsa me­nawa saya suwe aku sangsaya cedhak karo papane Kakang Sumantri. Apa aku wis tekan Maespati?
Nalika aku tekan sapinggiring desa, aku weruh sawijining nom-noman lagi lungguh ijen ana sandhuwure watu ireng. Dheweke katon susah banget. Bola-bali rambute dijambaki dhewe, kaya-kaya lagi nggetuni prastawa sing wis dumadi. Aku mlaku nyedhaki. Sangsaya cedhak sangsaya cetha bleger lan praupane. Ora salah maneh!
"Kakang Sumantri!" panjelihku.
Nom-noman mau katon kaget banjur mengo nyawang aku.
"Adhi Sukrasana".
. Aku wis ora sabar maneh, age mlayoni dheweke, banjur gapyuk wong loro padha rerangkulan. Sawise sauntara wektu anggone nyuntak rasa kangen, Kakang Su­mantri takon marang aku.
"Kowe kok tekan papan kene, karepmu ki piye, Dhi?"
"Aku kangen banget karo kowe kok, Kang, mula aku nyoba nyusul lakumu. Lha kowe jare arep nyuwita ana Maespati, kok malah thenguk-thenguk ana kene, Kang?"
Kang Sumantri ora age wangsulan. Mripate nyawang kadohan, kaya ana sing ngganjel ing atine.
"Aku wis nyoba nyuwita karo Prabu Arjunasasra", kandhane Kang Sumantri lirih.
"Yagene saiki kowe ana kene?"
"Critane dawa, Adhi Sukrasana. Nalika aku sowan ana kraton Maespati ngadhep Prabu Arjunasasra, aku matur apa sing dadi gegebenganing atiku. Prabu Arjunasasra kersa nampa pasuwitanku sauger aku bisa mboyong Dewi Citrawati saka negara Magada. Aku nyaguhi apa sing dadi kersane Sang Prabu. Tekan negara Magada ngepasi negara mau dibyuki raja sewu negara kang padha ngayunake Dewi Citrawati. Mbaka siji aku kasil ngalahake raja-raja mau. Cekake aku kasil mboyong Citrawati me­nyang negara Maespati. Nanging sadurunge tekan kraton Maespati atiku dadi tidha-tidha, apa bener Prabu Arjunasasra kuwi titisane Bathara Wisnu kaya kang dingendikake dening Rama Begawan. Mula aku banjur duwe trekah, gelem ngulungake Citra­wati marang Sang Prabu sauger panjenengane bisa ngasorake aku. Klakon aku perang tandhing karo Prabu Arjunasasra. Sekawit aku bisa unggul. Nanging bareng Prabu Arjunasasra tiwikrama dadi bhala, otot bayuku kaya dilolosi. Aku ndhadha kaluputanku, lan nyuwun pangapura marang sang prabu."
Kang Sumantri leren sedhela olehe crita. Sa­wise unjal ambegan landhung, nuli nerusake critane.
"Sejatine Prabu Arju­nasasra kersa paring pa­ngapura marang aku, lan tetep kersa nampa pasuwitanku. Nanging Dewi Citrawati ndadak kagungan pamundhut supaya taman Sriwedari kang ana ing negara Magada dipindhah menyang Maes­pati, ora kena ana sing cicir sithik-sithika. Sang Prabu banjur ndhawuhi aku supaya minangkani pamundhute Dewi Citrawati. Yen nganti aku ora bisa nyembadani pa­mundhute, aku ora dikeparengake nyuwita ana Maespati. Iki ateges aku ora bisa mujudake gegayutanku, lan nyembadani kersane Bapa Begawan. Wis pirang-pirang dina aku mikar-mikir golek rekadaya supaya bisa minangkani pamundhute Sang Dewi, nanging nganti tekan dinane iki aku durung nemu cara kang prayoga kanggo mindhah taman mau."
Aku ora tegel ndelok praupane Kang Sumantri kang suntrut, katon yen dhe­weke sedhih banget.
"Banjur saiki karepmu piye, Kang Sumantri?"
"Aku dhewe ora ngerti. Dhi. Nanging aku emoh gegayuhanku ambyar ana dalan. Luwih becik aku mati tinimbang wurung nyuwita ana Maespati."
Aku meneng bareng krungu kandhane Kang Sumantri kang pungkasan mau. Yen ngana pancen gedhe tekade arep nyuwita ana Maespati.
"Kakang, mbokmenawa aku bisa mbiyantu kowe mindhah taman Sriwedari. Nanging Kang Sumantri kudu janji marang aku luwih dhisik."
"Aku kudu janji apa, Dhi?"
"Janji menawa Kang Sumantri ora arep ninggalake aku maneh."
"Yen mung kuwi panjalukmu, aku saguh minangkani."
"Tenan, Kakang?"
"Sumpah wis ta, bumi langit seksine."
"Yen ngana mengko bengi pakaryan iki dakayahane. Kowe nunggua ana sacedhake kraton Maespati. Sesuk esuk aku bakal nemoni kowe, Kakang."
Tengah wengi aku wiwit ngayahi pakaryan. Aku ngundang kanca-kancaku para jim peri perayangan supaya teka nemoni aku. Ora let suwe kanca-kancaku wis padha nglumpuk ana ngarepku.
"Sukrasana, ana perlu apa kowe ngun­dang aku sakanca, he?" pitakone jim Dhamdharat kang dadi tetindhihe badan alus mau.
"Ngene, Kakang, kadangku tuwa duwe jejibahan supaya mindhah taman Sriwedari kang ana negara Magada menyang negara Maespati, tanpa ana sing cicir sithik-sithika. Apa Kakang Dhamdharat sakanca bisa ngawekani pakaryan iki?"
"Ha-ha-ha. Yen mung gaweyan kaya ngana kuwi kanggoku sakanca dudu pakaryan abot. Aja maneh mung mindhah taman, lha mbok dikon nggulung jagad aku saguh. Kapan aku kudu miwiti pakaryan iki?"
"Wengi iki uga, Kakang".
"Wis entenana, Sukrasana. Sadurunge srengenge mlethek, gaweyan iki wis bisa dakrampungi. Ayo kanca, ndang tumandang!"
Rame swarane para jim peri peraya­ngan. Saperangan ana sing surak-surak, saperangan ana sing bengok-bengok. Nanging let sedhela wis padha ilang saka pandulu, lan kahanan sakiwa tengenku bali sepi. Aku menyat, terus mlaku tumuju kraton Maespati. Sesuk esuk aku kudu mrepegi Kakang Sumantri ana kana.     "
 Tekan kraton Maespati mbarengi pletheking srengenge. Sawetara kraton mau katon ana taman kang asri banget. Aku nganti semlengeren olehe nyawang. Alon-alon aku mlebu taman mau. Ana satengahing taman katon Kang Dhamdharat ngadeg karo malangkadhak.
"Pakaryanku wis rampung, Sukrasana. Aku sakanca njaluk pamit."
Durung nganti aku kumecap ngaturake panuwun, jim mau wis ilang saka pandulu. Aku kari ijen ana satengahe taman, plingak-plinguk nggoleki Kang Sumantri.
"Adhi Sukrasana!" swarane Kang Su­mantri ngundang jenengku.
Aku noleh. Kang Sumantri njedhul saka kiwane pasren wujud reca putri kang banget endahe.
"Apa bener ngene iki wujude taman Sriwedari, Kakang?"
"Bener, Dhi. Wah aku ngaturake panu­wun kang tanpa upama marang kowe, Dhi. Tanpa bantuwanmu sengara aku bisa minangkani pamundhute Sang Prabu."
"Saiki apa sing kudu daktindakake, Kakang?"
"Ngene, Dhi, aku arep sowan Sang Prabu, ngaturake apa sing wis dumadi. Sasuwene aku lunga, kowe singidan dhisik, aja nganti kadenangan wong. Poma dipoma, kowe aja nganti kaweruhan dening wong liya."
"Njur kapan aku entuk melu kowe?"
"Mengko yen kahanan wis tumata, kowe dakajak."
Bubar kandha ngana Kang Sumantri banjur lunga. Kari aku ijen ana taman. Alon-alon aku mlaku marani gegrumbulan' sapinggire taman mau saperlu singidan, kaya akone Kang Sumantri. Aku lungguh ana suketan sacedhake grumbul mau, karo sendhen ana wit gedhe. Semilire angin kang tumiyup krasa seger ana awak, njalari aku ngantuk banjur keturon.
Aku nglilir nalika krungu swara rame-rame ana taman. Nalika aku nyoba nginceng saka sela-selaning gegrumbulan, aku weruh ana prawan pirang-pirang lagi padha suka-suka ana taman mau. Kabeh katon ayu-ayu. Saya maneh karengga busana kang sarwa-sarwi endah, mula putri-putri mau pindha widadari saka kahyangan. Ora let suwe katon ana priyagung ngagem bu­sana keprabon, didhereke sawetara prajurit lan para nayaka praja. Mesthine kuwi Sang Prabu Arjunasasra. Lan nom-noman sing menganggo ageman nayaka praja sing ana kiwane Sang Prabu kae, kaya-kaya aku wis tau weruh. Ora lidhok, kuwi rak Kang Su­mantri! Dhasare pancen rupane bagus, rinengga pengagem kaya ngana dadi sangsaya bagus. Aku mongkog banget duwe kadang kaya Kang Sumantri.
Krana banget notholing atiku kepengin ketemu karo Kang Sumantri, aku banjur metu saka gegrumbulan kepengin mrepegi kadangku mau. Nanging lagi wae lakuku entuk limang jangkah, dumadakan para putri mau padha pating jlerit merga weruh wujudku. Sakala kahanan taman dadi geger gedhen. Trengginas para prajurit padha maju bebarengan niyat arep mrawasa aku, nanging mung kanthi ngobahe tanganku kabeh prajurit mau padha kontal.
Pirsa kahanan mau Sang Prabu katon duka banget, banjur dhawuh marang Kang Sumantri supaya ngrangket aku. Kang Sumantri age tumandang gawe, dheweke nyandhak tanganku terus diglandhang metu saka taman. Ana papan kang sepi tanganku diculke. Kang Sumantri katon nesu banget. Mripate abang ngatirah, tangane malangkadhak karo ngu-man-uman aku.
"Aku rak wis kandha, kowe ora kena ngetok ana taman. Lha kok malah nekad, mlebu taman nganti gawe wedine para putri."
"Aku mung kepengin nemoni kowe, kok, Kang. Kowe rak wis janji ora arep ninggalke aku maneh."
"Ora urus! Pokoke kowe kudu lunga saka kene, muliha menyang padhepokan ngancani Bapa Begawan. Yen kowe tetep ana kene mung bakal ngreridhu lakuku anggone arep nggayuh kamukten."
"Gemang, Kakang. Ana pertapan aku ya mung tansah kelingan kowe."
Krungu tembungku mau Kang Suman­tri saya muntap nesune. Dheweke njupuk panah nuli menthang langkap katujokake marang aku.
"Yen kowe ora gelem mulih, apa klakon aku tegel karo kowe, Dhi. Muliha!"
Aku kaget weruh sikepe KangSuman­tri.KangSumantri kang ana ngarepku iki  beda karo Kang Sumantri nalika ana pertapan.Dheweke wis wuru merga ngoyak drajad, pangkat lan semat,nganti lali marang asal-usule. Nganti lali marang kadange dhewe. Aku sedhih. Sedhih ora merga ditundhung bali, nanging sedhih dene Kang Sumantri wis malih dadi wong kang mendem kadunyan.
"Ora, Kakang, aku gemang."
Nembe wae lambeku mingkem, duma­dakan keprungu swara jumepreting lang­kap, banjur panah kuwi nunjem dhadhaku. Perih rasane. Nanging luwih perih maneh tatu sing ana atiku, sing wis gawe rojah-rajeh rasa pangrasaku. Mripatku kaca-kaca, nyawang marang Kang Sumantri kanthi kebak pitakon, kok tega-tegane tumindak kaya ngana marang aku. Suwe-suwe sumrepet panonku, pateng panduluku. Sadurunge tiba gumrebug ana bantala, aku isih kober takon marang dheweke.
"Luputku apa, Kakang?"

( Panyebar Semangat – 32/ 2004 )


Tegese tembung  :
Tembung
Tegese

Tembung
Tegese
sanggar pamujan
papan kanggo memuja (ndonga)

menyat
ngadeg banjur ngalih
manengku puja
khusuk ndonga

mrepegi
marani
nyuwita
ngabdi

malangkadhak
ngalang-alanngi dalan
memayu
ngrumat , nglindhungi

sengara
mokal
ngreridhu
ngganggu

singidan
ndhelik
angles
sedhih ora duwe pengarep-arep

kadenangan
konangan
ungkeb-ungkeb
mureb kanthi sirah didelepake bantal

poma dipoma
diweling kanthi banget
kaningaya temen
sial banget

karengga busana
diklambeni apik
gentur tapane
tenanan tapane

pindha widadari
kaya widadari
yak­sa
buta

priyagung
priya agung, pejabat
melehke
dituduhke lupute

bu­sana keprabon
(Indonesia:baju kebesaran)
cantrik
murid, siswa

nayaka praja
penggedhe,pemimpin
gawang-gawang
tansah katon wewayangane

mongkog
(Indonesia:bangga)
daksayuti
dakkendhaleni

notholing atiku
pengin banget
gegebenganing atiku
gegayuhan (Indonesia:cita-cita)

trengginas
cukat,trampil
dibyuki
diserbu kanthi jumlah kang akeh banget

mrawasa
nyerang, milara
tidha-tidha
rangu-rangu

padha kontal
padha mencelat
titisane
panjalmane

ngrangket
mbanda, mikut
duwe trekah
duwe ide, usil

abang ngatirah
abang banget
ngasorake
ngalahake

nguman-uman
Ngelok-elokke
tiwikrama
salin wujud kang nggegirisi

nggayuh kamukten
usaha ben mukti (urip kapenak)
dadi bhala
buta kang kuwat banget

gemang
emoh
otot bayuku
kekuwatanku

semat
ringgit
kaya dilolosi
kaya dicabut

langkap
busur
aku ndhadha kaluputanku
ku ngakoni kesalahanku

wuru
mendem
unjal ambegan landhung
narik napas dawa

sumrepet
klemun-klemun
ora kena ana sing cicir
Ora oleh ana sing kari/ ceblok/gogrog

panonku
panyawangku
nyembadani pa­mundhute
mujudi panjaluk

gumebrug
tiba nuwuhake swara’brug’
bisa ngawekani
bisa ngatasi/mujudi

kober
sempat


A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki !
1. Sapa satemene Sukrasana kuwi?
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
2. Geneya Sumantri lunga ?
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

3. Apa sebabe Prabu Arjunasasra sing dipilih bakal disuwitani?
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

4. Geneya Sumantri duwe trekah nantang ratune?
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..

5. Apa ukumane kanggo trekahe Sumantri mau?
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

6. Kepriye bisane Sukrasana mindhah Taman Sriwedhari?
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Kepriye welinge Sumantri marang adhine?
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

8. Geneya Sukrasana ora nggugu marang welinge kakange?
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..........................................................................................................................

9. Apa alesane Sumantri ngusir adhine?
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...........................................................................................................

10. Alesane Sumantri padha karo pituture Bapake, yen Sukrasana melu mung bakal ngreridhu.Piye panemumu ngenani bab iki ?
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...........................................................................................................................

 B. Pethikan crita wayang ing ngisor iki golekana amanate !

1.             Alon-alon aku mlaku tumuju sanggar pamujan. Yen esuk ngene adate Bapa Be­gawan Suwandagni nedheng-nedhenge manengku puja ana kana. Nalika aku ngungak njero, katon Bapa Begawan lenggah sila, astane sedhakep, paningale mriksani pucuking grana. Aku ora warni mlebu, wedi yen nganti ngganggu semadine, mula trima lungguh ana tlundhagan ngarep lawang. Nganti sauntara wektu suwene lehku lung­guh ana kana, nanging Bapa Begawan du-rung rampung olehe semadi.

            Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...........................

2.              "Kowe wis tangi, Ngger?" pandangune Bapa Begawan.
"Iya, Bapa. Mung wae esuk iki aku kelangan Kakang Sumantri'. Apa Bapa Begawan pirsa ana ngendi Kakang Su­mantri?"
Bapa Begawan ora enggal mangsuli pitakonku. Panjenengane katon mangu-mangu. Astane tengen dolanan teken sing kanggo nyangga anggane. Dene astane kiwa ngelus-elus jenggote sing nglembreh tekan dhadha.
"Hmm    kene mlebu dhisik Sukrasana, Bapa arep ngendika."
Aku mlaku ngetut wuri tindake Bapa Begawan. Satekane sanggar pamujan Bapa Begawan lenggah ana klasa karo sendhen bantal. Aku lungguh sila ana sangarepe.
"Sukrasana, wingi kuwi Bapa dhawuh marang kadangmu Sumantri, supaya nyuwita ana negara Maespati, ya negarane Prabu Arjunasasra. Awit miturut wisike Jawata sing Bapa tampa, Prabu Arjunasasra kuwi titisane Bathara Wisnu, dewa sing kajibah memayu hayuning bawana. Mula menawa kadangmu Sumantri bisa nyuwita panjenengane, wis mesthi ing tembe mburine bakal dadi satriya linuwih."
"Aku kok ora dijak, ta, Rama."
"Kowe ana pertapan wae, ya, Ngger, ngancani Bapa."
"Nanging aku ora bisa pisah karo Ka­kang Sumantri, Bapa. Seprana-seprene aku tansah reruntungan karo Kakang Su­mantri."
"Iya, iya, Ngger, Bapa ngerti. Nanging menawa kowe melu kadangmu mesthi mung bakal ngreridhu lakune. Mula ngger, Sukrasana, Bapa njaluk supaya kowe ngiklaske kadangmu tuwa. Suk yen wis bisa kasembadan gegayuhane, kadangmu mesthi mulih mrene niliki kowe. Mula kana, saiki kowe sinau mandhiri, ora gumantung karo kadangmu tuwa."

             Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...........................

3.              "Critane dawa, Adhi Sukrasana. Nalika aku sowan ana kraton Maespati ngadhep Prabu Arjunasasra, aku matur apa sing dadi gegebenganing atiku. Prabu Arjunasasra kersa nampa pasuwitanku sauger aku bisa mboyong Dewi Citrawati saka negara Magada. Aku nyaguhi apa sing dadi kersane Sang Prabu. Tekan negara Magada ngepasi negara mau dibyuki raja sewu negara kang padha ngayunake Dewi Citrawati. Mbaka siji aku kasil ngalahake raja-raja mau. Cekake aku kasil mboyong Citrawati me­nyang negara Maespati. Nanging sadurunge tekan kraton Maespati atiku dadi tidha-tidha, apa bener Prabu Arjunasasra kuwi titisane Bathara Wisnu kaya kang dingendikake dening Rama Begawan. Mula aku banjur duwe trekah, gelem ngulungake Citra­wati marang Sang Prabu sauger panjenengane bisa ngasorake aku. Klakon aku perang tandhing karo Prabu Arjunasasra. Sekawit aku bisa unggul. Nanging bareng Prabu Arjunasasra tiwikrama dadi bhala, otot bayuku kaya dilolosi. Aku ndhadha kaluputanku, lan nyuwun pangapura marang sang prabu."

            Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4.            Tengah wengi aku wiwit ngayahi pakaryan. Aku ngundang kanca-kancaku para jim peri perayangan supaya teka nemoni aku. Ora let suwe kanca-kancaku wis padha nglumpuk ana ngarepku.
"Sukrasana, ana perlu apa kowe ngun­dang aku sakanca, he?" pitakone jim Dhamdharat kang dadi tetindhihe badan alus mau.
"Ngene, Kakang, kadangku tuwa duwe jejibahan supaya mindhah taman Sriwedari kang ana negara Magada menyang negara Maespati, tanpa ana sing cicir sithik-sithika. Apa Kakang Dhamdharat sakanca bisa ngawekani pakaryan iki?"
"Ha-ha-ha           Yen mung gaweyan kaya ngana kuwi kanggoku sakanca dudu pakaryan abot. Aja maneh mung mindhah taman, lha mbok dikon nggulung jagad aku saguh. Kapan aku kudu miwiti pakaryan iki?"
"Wengi iki uga, Kakang".
"Wis entenana, Sukrasana. Sadurunge srengenge mlethek, gaweyan iki wis bisa dakrampungi. Ayo kanca, ndang tumandang!"
Rame swarane para jim peri peraya­ngan. Saperangan ana sing surak-surak, saperangan ana sing bengok-bengok. Nanging let sedhela wis padha ilang saka pandulu, lan kahanan sakiwa tengenku bali sepi. Aku menyat, terus mlaku tumuju kraton Maespati. Sesuk esuk aku kudu mrepegi Kakang Sumantri ana kana.     "

            Wangsulan :
........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

5.             Krana banget notholing atiku kepengin ketemu karo Kang Sumantri, aku banjur metu saka gegrumbulan kepengin mrepegi kadangku mau. Nanging lagi wae lakuku entuk limang jangkah, dumadakan para putri mau padha pating jlerit merga weruh wujudku. Sakala kahanan taman dadi geger gedhen. Trengginas para prajurit padha maju bebarengan niyat arep mrawasa aku, nanging mung kanthi ngobahe tanganku kabeh prajurit mau padha kontal.
Pirsa kahanan mau Sang Prabu katon duka banget, banjur dhawuh marang Kang Sumantri supaya ngrangket aku. Kang Sumantri age tumandang gawe, dheweke nyandhak tanganku terus diglandhang metu saka taman. Ana papan kang sepi tanganku diculke. Kang Sumantri katon nesu banget. Mripate abang ngatirah, tangane malangkadhak karo ngu-man-uman aku.
"Aku rak wis kandha, kowe ora kena ngetok ana taman. Lha kok malah nekad, mlebu taman nganti gawe wedine para putri."
"Aku mung kepengin nemoni kowe, kok, Kang. Kowe rak wis janji ora arep ninggalke aku maneh."
"Ora urus! Pokoke kowe kudu lunga saka kene, muliha menyang padhepokan ngancani Bapa Begawan. Yen kowe tetep ana kene mung bakal ngreridhu lakuku anggone arep nggayuh kamukten."

            Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...........................


C. Aranana sapa wae paraga kang ana ing crita wayang ndhuwur, banjur terangna kepriye watake lan kanthenana ukara kang mbuktekake panemumu !

Jenenge paraga
watake
ukara kang mbuktekake
1.










2.











3.











4.








5.








































































1……………………………………………...
 ………………………………………………
……………………………………………….
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
…………………………………………………
…………………………………………………
……………………………………………….
2………………………………………………
………………………………………………..
………………………………………………..
…………………………………………………
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
3……………………………………………….
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
…………………………………………………
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
4………………………………………………
……………………………………………….
……………………………………………….
……………………………………………….
……………………………………………….
……………………………………………….
……………………………………………….
………………………………………………..
………………………………………………..
5………………………………………………
…………………………………………………
…………………………………………………
…………………………………………………
…………………………………………………
…………………………………………………
…………………………………………………
…………………………………………………
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..
………………………………………………..


D. Saka crita wayang ing ndhuwur, tulisen bab-bab kang isih relevan / cocok karo kahanan saiki, lan uga tulisen bab-bab kang ora relevan !
Kang isih cocok :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

Kang wis ora cocok :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………